Wednesday, April 18, 2012

Serat Centhini Pegon

PUPUH I
DHANDHANGGULO

01
Bismillahirrahmantirrahim, wong angripta atembang artati, anglengkara wong angapus gita, tan patut lan yatmakane, dening wong mudha punggung, cumanthaka paksa kuwawi, kewala sung paguywa, nira kang wus luhung, wonten janma linengkara dyah susela warnanira ayu luwih, wasta Ken Tambangraras.
02
Tambangraras tansah brangta kingking, kasaputan betaning manah bawa, lawase tilar kakunge, anembang pangan turu, yrn raina anggung prihatin, raga anggung asmara, angging den selamur, cihnawe wong among karsa, warna angling jiwa tandhane prihatin, sinamun ing asmara.
03
Sampun lingsir, Sangyang Swandagni meh sumurup tungganging ancala, ternalate samya sare, Sangyang Arka sumurup, Tambangraras mangke ginupit, munggah ing pagulingan, ing sakapat arum, asare kalih pawongan, kakungira kepi ngeruwangi guling, ngipi pulang asmara.
04
Karagan-ragan swapenaneni, angrok asmara apulang raras, rageming jro swapenane, kadya duk uripipun, ing jro swapena apulang rasmi (hlm. 1), leliwatan den tilar, meh prapta ing kayun, kagyat dening wong anggentang, sanglilire gaguling den sungkemi, Tambangraras karuna.
05
Dennya anangis anjerit kapati, awor lulu ting asmara nala, rageming jro swaapena, bantal teles dening luh, penangise angler sundari, sesambat lir taluktak, tangise ambarung, sinrang lan krosoking toya, panangise tan pindah swarane, oreg anggepok parang.
06
Tan pindhah bremara ngusweng sari, aneng tawang tangise raras, asor kang madu manise, sesambatnya mlas ayun, amumpuni kang sarwa sari, tan pindah madu brata, kalatya mangun yun, lawase dyah jrone pura, penangise katon langene jro puri, duk jinatening tilam.
07
Pawongane iku matur aris, paran marmane sang dyah karuna, ayun wruh ing darurane, suwapenane tutur, gustinira babu Centhini, ing wau kaswapena, ngruwa ing atur, teka ambantali asta, sraya ngayuh madya tur angaras pipi, marma nangis karuna.
08
Tigang warsa kirang kalih sasi, patilare babu gustinira, during katon ing pangipen, balik duk uripipun, lamun lunga ing wengi kepi (hlm. 2), angirimi asmara, babu watekipun, anging wau kaswapena, lelewane kaya saban duk aurip, marmaningsun karuna.
09
Gustine mangke den pituturi, sampun panjang pinreming wardaya, yekti luluh puwarane, balikan sinalemur, depun tulus pamrataning ati, akewet wong dadi edan, dening manah nglampus, sinamun ing brangta mreng Hyang, sinengker tan birahi maring Hyang Widi, rena satitahing Hyang.
10
Meneng sang dyah anuksma ing ati, amiarsa ature kawula, amicareng jro driyane, aris wijiling wuwus, mengkonoa babu Centhini, polahe gustinira, kadya amamungu, polahe brangta angarang, awak ingsun mangsa gagapa basuki, angur matiyeng wana.
11
Lampusing manah atemah brangti, arsa tilar sireng kawibawan, anggangge tambal karsane, Ni Centhini winuwus, asalina bawa tah nini, lah lunga angrubiyah, sun tilar bapebusun, ataki-taki, lampahsun, pepareb Ken Rubiyah Selabrangti, sun lunga anglelana.
12
Cangcalane twas lan anggung brangti, marteguh kesthi westining angga, lucita tinemu rehe, marmane anggeng wuyung kagrahita ing manah rusit, ing mangsa murgedha twan, kerwan ngangken tanu, apakara ing kawiryan, kewala santa pangringing-ringing ati, marmarening antara.
13
Adan mintar sira majing sasi, wus angganggya tambal tinambalan, mintar den cangking kaskule, kalih tatiyangepun, nora etang yaya bibi, muwah kang wong sakadang, donya nora ketung, lungane apekarasan, Selabrangta kesahing tilar rarepi, lampahnya majang wulan.
14
Lepas lampahe Ni Selabangti, anglampahi parang jurang sekan, nora kandheg ing lampahe, larinya lon andayung, nora etang durgaming margi, marga tan kinabayan, dening manah ngelampus, merak munya kidul kilen, panguwunge lir rena amituturi, kadya ken awangsul.
15
Panjriting wana (hlm. 3) munya tri, Kidang Menjangan samya srang-srangan, Bantheng jejawen rowange, mung Warak lawan Senuk, bal gedaba kelawan Bawi, ramya samya subawa, ing pangidhepipun, yen wonge kadya anapa, lah bagya dingaren, kampir teng riki, Selabrangti graita.
16
Ken Selabrangta angling ing ati, aningali badhagan wurahan, nora gingsir ing manahe, lir janma idhepipun, ing semune kadya mangsiti, byakta sira nambrana, ing pangadhepipun, tan akarsa kira-kira, yen during wruh polahe sajrone ati, kumambang karsaning Hyang.
17
Marga tumurun titisnya terbis, jenjrem kasrambing sewala, kaumukan dukut mure, prapteng walahar ageng, panimpangan durgameng margi, galintungan ing sela, sinaput ing lumut, udaka adres garuntal, parang rejeng ing tepi curing angringin, sek tuwuhing cindhaga.
18
Kidul kile pagagan sumyak swaraning tunggu tanduran, karungwa mandra jelungan, ramya sinrenging wijung, tan pantara kukulan muni, parenhg lawan taluktak, lan sorak aumung, kewran Ni Selabrangta, kang kaesti punika rasaning pati, ing twas ngesthi durgama.
19
Riniring-niring datan kariring, karungrungan arungrung tan kintar, amireng wong tanpa gawe, mongmomg ing sipta ngungun, anggonitang anggeng prihatin, titir katiban warsa, datan kena jinum, jumput panjrahing rudita, kelawen-lawe puspita mwang kang sari, lali tan wringan maka.
20
Jurang sangkan tanjeg aneng margi, Cemara geng-geng sumyak kanginan, Kungkang munya ngerung arame, sih raina sumunuh, Yang Aruna nalika mijil, mega abang sumirat, alangen dinulu, byakta jingga teturuta, tiningalan asawang wastra manjethi, rinengga ing kanaka.
21
Saka matyan Yang Aruna mijil, wayah bangun rarasing tumingal, manahe anggeng wirage, angimbuhi atanu, rarasing twas anggeng akingkin, yaya upamakena (hlm. 4), warnane dinulu, wijilira Yang Aruna, kadya netra inguga apulang rasmi, kataman dening priya.
22
Sawijile saking desa Wadi, anuju kaleka mangsat kappa, tanggal ing dalukartine, sinungsung dening kang rum, pinerem mangke warnaning sari, mekar dangune lirang, anjrah sekaripun, rinubung dening jarahan, amrik minging gandaning jangga kasturi, mangeh Ni selabrangta.
23
Salangkah-langkah mandheg pan sarwi, tumingal maring langen kadriyan, amungun brangta rarase, we raksa pada palu, mung Saryalata adan asemi, titir katibe warsa, kang pepeteng alas gung, marga sumare sewengka, wuryane marga kadya angrujit siti, inggar kadusing warsa.
24
Ara-ara lurak lir jeladri, andedel tuwuhe kulampiyan, pacing anedheng sekare, Sembung awor singgugu, puspa Limbak lan Sanggalangit, kaselan wraksa praba, dukut merak agung, anerasah adan-adan, kakayone Wayha lawan Pedhali, lemah lebak galintang.
25
Antya langene kang aneng marga, panjrahing puspa tepining jurang, Srigadhing abra sekare, Tanjung Cempaka wungu, munggeng ken sekar Tengguli, Bakung tatar awarsa, anjrah sekaripun, Angrik lawan Mandhalika, sungsung guyup amilet lawan Wedani, tinon yaya ing surat.
26
Pakis sata tinon yayang tulis, alangu tuwuh tepining jurang, Seruni kuning rupane, kelayan Pacar banyu, Kembag sore lan Gandasuli, tirnon abra asinang, weneh rakta dadu, ana jingga teturutan, tiningalan asawang wastra tinulis, tinon agawe rimang.
27
Anggeger punang puspita ngrawit, Kanigara mekar kapawanan, Priyaka nedheng sekare, tino asri alangu, puspa sinang anglaying bumi, kang sela semayana, awor lumut-lumut, Bramara munya liweran, asrang amyang awor swaraning Sengkuni, kadya ken araryana.
28
Pararyane antya tuhwa ngrawit (hlm. 5), sauring angsana abra kang sekar, ruruh sumawur sarine, lwir wasa kencana rum, pindha-pindha warnaning sari, lir langsi langsing tilam, ing apulang luluh, sabpada ingsep sekar, pangrengihe kadya sambate anjahi, sajroning pakasutan.
29
Ni Centhini mangke angaturi, tan pantara ature kawula, Ni Nyai nedha areren, arsa ngremaken suku, Ni Centhini angasih-asih, arsa nginoma toya, ika karsanipun, baya tembelah lumampah, tanpa turu sawengi angesthi pati, mesem Ken Selabrangta.
30
Sangken-sangken atut iring-iring, pringga jro serambaning katernan, tan ana sabeng wuryane, asanepa marga gung, pinimpangan resik aradin, tinetahing lumampah, sang brangti alungguh, ing sela abning rejasa, mangu miyat satpada angringing sari, sarining sara sijya.
31
Pandan rangkang ing parang awingkis, pudhaknya nem weneh angudhadha, byakta wentis kumelab, pangoling jangga lumung, amilet ing wirana denti, molah dening pawana, la si embannya muwus, arerasan ing cipta osiking ati, mangeh Ni Selabrangta.
32
Ararywan mangke Ni selabrangti, alinggih ing sela sumayana, sarwasa denira reren, alinggih amangun yun, madya anglih angrus angrawit, asindua ing sela, angimbuhi ayu, pawongane atur sekar, ing karsane caraka pan amut brangti, sang dyah asesumpinga.
33
Sang dyah asumping sekar Warsiki, Gambir inganggit kelawan Noja, Wiraga munggeng gelunge, tumurun maring banyu, dipun wawas warnanireki, mangeh Ni Selabrangta, sekare den racut, ayu emane tan dermat, tanpa ngrasa sarira awit aurip, baya leheng pejaha.
34
Alinggih mangke tepining beji, mina mijil asrang aliweran, ana pa ing pangidhepe, mina asrang aselur, asrang-srangan sang mina mijil, kadya yun anambrama, ing pangisthinepun, Pakung amaraking sela, delenya ngolong yen wonga ngaturi maring Ni Selabrangta.
35
Aliyangan ing parang tumawing, respati (hlm. 6) sarya angapus sekar, menggep yen tipan warnane, tenggeknya gelunging gadhung, wastra lungsir kang den waoni, asindua ing sela, angimbuhi ayu, pantes yen agawe rimang, lesu lah wong masayung aluwung brangti, mangsa inggua.
36
Kalaswan mangke Ni Selabrangti, asare ing sela sumayana, sakeca denira reren, kasongan andulu, tirta muncar ilinya wening, mijil saking patala, swaranya kumrusuk, ririse ana ing tawang, angrerengih Bramaranya ngusyang sari, lwir, kakung mriyembada.
37
Ambarung punang kitiran muni, Derkuku munya sauran, kukila kadya asengseng, Kepudhang munya celung, mincok ing pang ing tarurasim, Cukcak mreking wohan, polahe ataliksik ing pang, sajalwestri ing tahen angarih-arih, lwir wong arabi anyar.
38
Umyang gumuruh swaraning paksi, Kapudhang kadya anabuh kendhang, Junggareret lwir kangsine, Kukila kadya ngedung, paksi miyak kadya nuhling, Cucak kadya ngamanak, Cabak kadya ketur, ingigelan ing Manyura, paksi Jalak amgalak kadya guyoni, Cicica latah-latah.
39
Awurahan swaraning Sengkuni, Srigunting kadya adarbe karya, polahe byakta kakre, paksi asrang aselur, lwir kundangan pangidhepneki, myang angundang-undang, Pencuk wus alungguh, Pelatuk asewagara, kadya mamut sulindhit angeladeni, garba anapeng bangsa.
40
Asrang Kuthilang Gelatik muni, kadya sawala wiring lan besan, murine kurang tukone, Jalak lan paksi Jiung, umek ramya kadya jaksani, lwir akon agadhea, Bebeluk marengut, kadya jogging palinggihan, paksi Johan miber kadya wong apurik, lwir amedal pasilan.
41
Paksi Dhangdhang lawan Gedhaweki, Rongkok Bondhol lawan kalinglingan, Puyuh Badhegul lan Bethet, Punglor lawan Dalemok, Kakadhalan manuk maningting, cetah urung-urungan (hlm. 7), Jejodhok lan Jangkung, swarane samya wurahan, arak-arakan sata wana kang den iring, kadya asrah tamanan.
42
Geger gumuruh swaraning paksi, kadya sawala ing panginuman, Bibidho ulung lan Dares, alap-alap pitutur, paksi miyak ajerit-jerit, Minco asurak-surak, kadya jaluk tulung, Cabak anabuh gendhongan, Sesikatan kadya wong asikep rangin, kadya wong atetandang.
43
Kagyat awungu Ni Selabrangti, amiarsa paksi awurahan, papunggung lengleng driyane, pan wus washiling semu, paksi ika kadya ngruruhi, polahe brangta mring Yang, prapteng gon aturu, angur aja ngelonaha, tekeng paran napsune den kuranteni, kadya angucap mangkana.
44
Tumurun asris Ken Selabrangti, arsa ngambil suci asembayang, ashalat ashar karsane, Ni Centhini pan tumut, wus angambil er pangastuti, arsa tumut ashalat, ku karsanepun, sampun ambabar mushalla, depun pasang ing sela gennya ngastuti, sampun angangkat kamat.
45
Anjeneng sira anjum pangesthi, kang madheping liyan sinangketan, tan menge ing liyan tingale, kapti anunggal kahyun, wus abener pengadegneki, umadhep maring kiblat, punika kang pardhu, kalbune madhep ing amar, wus rumasa yen kinon nembah among, sembahira wangsulan.
46
Angangkat niyat Ni selabrangti, kashdu taarudh ta’yin wus kuwyang, ing jro lekase sembahe, pareng lan takbirepun, aksarasdha kang den parengi, cipta dhatenging nama Allah ingkang agung, ihram maring kang sinembah, sampun mi’raj semabahe datan kalingling, anging ananing purba.
47
Munajate sapocapan iki, sakehning puji kawilang-wilang, punika pinakture, lisane dasih iku, pan kinarya lara pan puji, singgih anebuting priyangga, ing pralambinepun, iku sembah kang sinihan, lwir punapa marga ing tulupan iki, denya muji anembah.
48
Denya jenenge ika tubaddil, apan tegese tubaddil ika, gaganten kandhih sembahe, kalimput ing (hlm. 8) siddhi luhung, dadya sirna sembahing dasih, lir sudama lan surya, ing pralabinepun, sapandulon lawan arka, ing keleme sudama tan dadi rawi, iku sembah utama.
49
Wiyose takbir saampun kaesthi, amaca wajah Ni Selabrangta, den adhepaken kalbune, ing pangeran kanga gung, kang akarya bumi lan langit, sunat wajah punika, patihah kang pardhu, amiwiti nebut nama, ingkang murah ing dunya asih ing mukmin, ing tembe ing akhirat.
50
Alhamdu iku sampun kaesthi, sakehing puji katur ing Allah, pangeraning ngalam kabeh, kang murah ing dunyeku, ingkang asih sakehing mukmin, ing tembe ing akhirat, iya iku rat, ing biinjang hari kiamat, kang sinembah ingkang pinalampahan sih, sakehing kang sinihan.
51
Singgahena dedalan Kang rusit, tuduhena marga kang apadhang, den kadya ing dedalane, kekasih tuwan iku, para nabi lan para wali, muwah para nabiya, away kang kayeku, kawula kang pinurikan, wong dhalalat kawula tuwan bendoni, tan tuwan tarimaha.
52
Wiyosing patihah sampun kaesthi, amaca ayat Ni Selabrangta, sunat punika ayate, rukung ika kang pardhu, mangke rukung Ni Selabrangti, angapesaken anggo polahe anuhun, alpa lenggana maring Hyang, yen tan tulus apuranira Hyang Widi, mangke tadhah mustaka.
53
Angangkat sirah Ni selabrangti, lah tuwan uga kang amiarsa, dasih punika ature, asujud tan asantun, anrehaken anggoteki, ingkang sapta prakara, den sartaken iku, anggaota kang minulya, den srahaken lwir toya sekaring ardi, kewut maring segara.
54
Angangkat sirah sarwi alinggih, thumaninah ing linggihe ika, rena sukur satihahe, lan aprecaya iku, kang asipat pangapureki, sujud ping kalih ika, kadya kang rumuhun, anjeneng mimi rakaat, sampun jangkep kang kaping kalih, mangke atetah awal.
55
Sunat abngadh punika jenenge puniki, tahyat awal mangke kwruhana, tetiga mangke kathahe, sunat abngadh puniku, yen kelalen asujud sahwi, kocap ing dalem surat, den wruh jatinepun, lungguh tshyst lsn salawat, kang punika (hlm. 9) pan kangken abngadhireki, jangkep tigang perkara.
56
Ajeneng malih arsa miwiti, rakangate kang ing pungkur dhawak, kalih rajangat kathahe, ing shalat ngasar iku, pan sekawan rekangatneki, sampun jangkep sekawan, maka tahyat pardhu, nem prakara pardhuneka, linggih tahyat shalawat kelawan tartib, niyat kelawan salam.
57
Ambuka salam Ni Selabrangti, salam ingran pambuka shalat, pardhu kang munggeng kanane, ngalekum wangenepun, sunat mangke salam kang keri, sampunira asalam, amujeteng Hyang Agung, amaca tasbih lan donga, tan aseru dongane osiking ati, ing sembah utama.
58
Wonten pangandika sang dutadi, amarsa swaraning amujya, dening sanget swarane, sang dutadi amuwus, away sira sanget mauji, mapan pangeranira, wus asedya ngerungu, wruh osiking panarima, nora tuli asipat samingun basher, marmane kadya ika.
59
Ni Centhini adan denya takbir, twasnya lemut dening pancadriya, takon saolah bawane, den lingling driyanepun, ushalline awali-wali, denya angangkat niyat, ing patitisepun pareng tibane aksara, ing ihramane asuwe amijet ranti, iku sembah utama.
60
Kang saweneh sembah tan wreng westhi, alon mijil ing lisan kewala, tan wruh ing sunat pardhune, rakangate datan wruh, sakaryane kacipteng ati, katon gawang-gawangan, jrone baktinepun, kaya giage wusan, karsanepun angayun-ayun kandhuri, ika den arsa-arsa.
61
Lawan sembahe ingkang sepalih, ye ngabakti sapisan kewala, tan wruh ing ala becike, lisane sasar susur, tata lapadz kang den kawruhi, suanat pardune ika, mapan nora weruh, tan ayun atata kena, iya ingkang kena sembah cempaling, marmane kadya ika.
62
Den warnanen polahe sang brangti, Ni Selabrangta angayut karsa, tan den marmaken tuwuhe, lumebet ing alas gung, tan atebah nimbok Centhini, pinaka rowangira, tanseng (hlm. 10) wurinepun, angayut amegat tresna, amateken raga sadurunge mati, kumambang karsaning Hyang.
63
Wrat meweh ing parangnya arumpil, sela gung ika angapit marga, toyanya jog gumarenjeng, tibeng parang semembur, winya wening lumutnya welis, ing pinggir Mandhalika, arok Pacar banyu, paksi angundhadheng sela, wuluh lumung ing parang lawan ampiji, Wilaja mangalasah.
64
Pring sadhapur munggeng kanan keri, gesing dumudul lumung ing toya, Cindaga pundhaknya ngure, akiswa aneng watu, Pakis ana ing tepi, kasongan wraksa praba, sinomnya susunuh, danguning andong ambabar, Sanggakasa ing parang awor Taluki, mayang lagya ambabar.
65
Wreksa ik angungkuli margi, wrinya wurahan amangsa waohan, wut lutung ika rowange, arebut mangsanepun, kang saweneh ing pang alinggih, amangsiti rowangnya, yen ana wong rawuh, rowange wus samya prapta, Ni Centhini tuminggal mesemi ing ati, sato aidhep janma.
66
Araryan mangke Ni Selabrangti, sasoring puspita bra kang kembang, mrebuk wangi gandhane, alinggih amangun yun, aliyangan ing parang asti, sarya munggel puspita, panalemur wuyung, brangtane saya krasa, Selabrangta mandheg denya ngringring sari, katon kanga sung brangta.
67
Suwe tah wau denya alinggih, Ken selabrangta amangun ehal, ing guwa gennya areren, tapa goling yen dalu, yen raina tan kena bukti, asru brangta maring Hyang, angujareng napsu, wus lali ing jiwaraga, sampun leash sarirane den larani, wus amindha kunarpa.
68
Angrupek idhep wus amatitis, pucuking grana kang tininggalan, among den raksa napase, tan sinungan kasurup, majing medal tan kena lali, pujinira tan pegat, tapekur alungguh, ngalam sakawan den jajah, tan kalirup prenahe sawiji-wiji, iku sembah kang madya.
69
Ngalam nasut ingkang karihin, iya ngalame manusya, sarengat tata kramane (hlm. 11), pindho ngalam Malakut, kang den tarik minging ing ati, madhep ing Hyang tan luwar, kaping tiganepun, Jabarut wastane ngalam, iya iku alame roh kang utami, pujinira tan pegat.
70
Ngalam laut ping sekawaneki, mapan pasabanira kang wus man, wus lebur tata kramane, nora na kang tinutur, jiwaraga nur kesthi, suh sirna tan wratmaka, tan ana kaetung, sampun katilar ing tingal, ing jumeneng punika nora kakalih, anging anane purba.
71
Sahing raga anirnaken kapti, warnanira amindha kunarpa, among kari kaketege, Ni Centhini andulu, dahat sira denya prihatin, gustine mati raga, tan wreng polahepun, kari kaketege kewala, Ni Centhini gustine depun sungkemi, asru denya karuna.
72
Anglilir mangke Ni Selabrangti, amiarsa swaraning karuna, den awekaken astane, aris wijiling wuwus, aywa nangis babu Centhini, lara apan kinarya, aja sira wuwus, pan sinedya saking griya, Ni Centhini gustine depun aturi, Ni Nyai lah mantuka.
73
Kadya ta wong nguyahi jaldra, atur kawula ing pakanira, anedha tapa ing rame, anguninga wagtu, depun teteping pangabekti, saolahe sarengat, punika den ketung, alinggih ing arah wenang, batal haram den wicara den astiti, lampahe ahlul iman.
74
Mapan wonten panutaning istri, Pathimah putra Nabi Muhammad, punika tinut lampahe, satya tuhu ing kakung, wus temahe estri alaki, winangun dening priya, sampun kramanepun, kang rama nabi Suleman, kang ingaran wuryan punika asmawi, tinilar dening priya.
75
Ni Selabrangta amuwus aris, babu Centhini sira muliha, maring Wanamarta age, warahen wangsaningsun, muwah maring ramebu kalih, lamun ingsun wus pejah, poma depun katur, lan sira amardikaa, away melu lara mastapengsun bibi, mantuka maring griya.
76
Nanging kang ketang deningsun bibi, akewad sihe babu gustinira, duk gennya urip bangiwen, akewed sihe maringsun, dadya ingsun arsa ngebakteni (hlm. 12), malar duluren ing Hyang, babu away melu, mantuka maring wisma, angungsia wong sakadangira bibi, pan sampun amardika.
77
Panjalukira ing sira bibi, lamun ana ghalath ghapil ingwang, sun jaluk suka den akeh, muwah malih sireku, lamun ana alpanireki, suka isun ing sira, iwuhing tumuwuh, menawa kalangen pejah, den karungan ijab kabulira bibi, samya halal ba halal.
78
Ni Centhini tumulya nauri, wijiling sabda asru karuna, dening tan kedhep ature, punapa penedepun, atilara pakanireki, tan satyeng pakanira paran marmanepun, Ni Nyai dumeh punapa, gusti asih tur amemarahi ngil, tur asung paprdikan.
79
Nadyan lebur den kadya warih, mangsa tilara ing pakanira, pan puniki tampakane, tinuting satya ayu, ingkang sapa muruk ing ngilmi, ing aksara sakecap, maksud dadi guru, sing murtad ing patakenan, sinung jajal dening Hyang sakawan iki, aneng jroning neraka.
80
Linaleken ngilmune yen mati, ingalapan dunyane kang halal, ping tiga cendhek nguruye, punika dajalepun, sakawane besuk yen mati, aneng jroning neraka, manira angrungu, sing murtad ing patakenan, Selabrangta padane sungkemi, lang mangsa malecaha.
81
Ni Centhini sangsaya sru ngiski, aptining amrih laksana, den lampusaken ragane, malebet ing alas gung, yen alinggih sarwya adzikir, asru brangta nireng Hyang, adoh paranepun, lampahe kalunta-lunta, Ni Centhini saenggen-enggen birahi, Selabrangta neng guru.
82
Ni Centhini tumulya ningali, babadan anyar angunggang jurang, tur sangkep tetandurane, Kacang lan Tebu wulung, Tales cina lan kathah Uwi, winor lan Kapas warsa, ing pinggiripun, pinangeran santen sara, tinaneman Suweg sudha lan Kembili, ing pinggir Purwasata.
83
Papagan ka asri angrawit, lor wetan Pantunlagya adandan, asangkep tetandurane, Jali Jawalan Jagung, sinalisir lan Nangka wilis, Karuya payudara, ing pinggiranepun (hlm. 13), Tales Bakatal Balungka, lan Jajawut Kakara Bengung Kacipir, waspa Jagung Kastela.
84
Ni Centhini kacaryan ing ati, tumingal warnane tetanduran, kulan parnahe wismane, lumaris lampahepun, nora ketang Nimbok Centhini, dennya mawi wongwongan, dadya sirandalu, dudkuh asri pinggir toya, tustheng manah ing paladadi, Manggis Duren lan Bawang.
85
Palagantung buwahnya adadi, dhukuhepun Ki Syeh Mangunarsa, amukti tetandurane, Poh gadhing ngambang banyu, Langseb wungglon angulilingi, Pocang ababanjaran, Nangka pakem agung, jirek kelawan tambangan, Dhuwet dhompyang Katela buwahnya adadi, Manggis lawan Samepa.
86
Ni Centhini anakaken kapti, aptining driya ayun wikana, mangke parnahe wismane, lumaris lampahepun, karsanira Nimbok Centhini, mangke yun apapoyan, maring gustinepun, saksana sira tumingal, masjid alit linepa sela endhani, natar kederan toya.
87
Tuhwa resik sitinya aradin, pinaragi sela kakarangan, linepa bata dhasare, kayoman dening Gandul, pinageran winacak Suji, andong bang, lan Mayana cepuk, sekar tinata dewata, binanjaran Nyuh denta angulilingi, Ni Centhini kacaryan.
88
Papacetan ika tuhu ngerawit, jambangan cina rinaja wetha, ukir-ukiran umpakan, angsok lawan Andol, munggeng keri sekar warsiki, kalaywan suminarsa, tuhu sri anglangu, dhukuhe Syeh Mangunarsa, toya mijil tinalangan ampel gadhing, tirta jinala tundha.
89
Nyuh denta awoh andhap angrawit, kang kaselan ing Naga puspita, Kapuranyang keh wul kile, sarinya gelar aruruh, tubing siti lwir wraksa rukmi, warsikya andhap asekar, angebyaken rumrum, rinubung dening jalahan, antyan lungit katiran jangga kasturi, amilet kawiletan.
90
Syeh Mangunarsa ika aneng masjid, asembayang lawan santrinira, Ki Munthel wastane, sampunnya shalat metu, ena linggih sireng (hlm. 14) surambi, sarya amaca surah, Ki Munthel tumurun, anulya maring walahar, tininggalan ing jawi wonten pawestri, Munthel tinatakenan.
91
Pasang tabik manira ki santri, kawula Tanya ing pakanira, dhekeh punapa wastane, dene asri dinulu, sapa sinten kang andarbeni, dening tuhu kawuryan, Ki Munthel sumaur, singgih dhekah Wanantaka, Mangunarsa wastane ingkang palinggih, wahid maksih taruna.
92
Ni Centhini anulya awali, apatya matur maring gustinira, kalintang walang atine, mangke serawuhepun, apepoyan ing gustineki, gusti wonten pagiryan, tuhu sri alangu, singgih dhekah Wanantaka, masjid alit linepa sela cendhani, natar kederan toya.
93
Kang andarbeni wau neng masjid, asembahyang lawan santrinira, among wong roro rowange, sampunya shalat metu, mangke linggih sireng surambi, dodotepun kacang bang, kulambine alus, saemper kakung paduka, tasbij wulung ikete caweni wilis, baya tah janma wirya.
94
Angaji swaranya rum amanis, keh irine kakung pakanira, saking wuri lelewane, ing tindak tandukepun, sesolahe pan angenteni, wadiyane puniku, ing panedhaningsun, uliha gusti mangkana, Ni Centhini cinowel lambene anjerit, muga matia bogak.
95
Ni Centhini mangke angaturi, Ni Nyai daweg samya ararywan, tinilik panatarane, saking panarkaningsung, sasamune rame ing budi, kyai santri punika , ing panedhaningsun, dadya kadang kaliliran, baya pantes rowange sabaya pati, mesem Ken Selabrangta.
96
Ken Slabrangta mangkya ngecani, tumurun alon angowah sinjang, adan den cangking kaskule, anandhang sebe wulung, kulambine caweni wilis, wus tinambal ing sutra, anggangge salemut, wau tilasing awirya, Ni Centhini tambalan limar ketangi, anandhang sabe pita.
97
Lumakwa lon astane den kanthi, kadya semune asrah babadhan, wiring maring (hlm. 15) pangerane, pan semune wong luhung, kang den telad de taki-taki, nora angumbar tingal, warna indah ayu, menggap atasbih karuba, warna wenes wedana asawang sasi, wau mentas kagranan.
98
Anjeneng mangke Ni Selabrangti, tumurun alon anon waweca, lumayu angungsi rejeng, paksanya ngungsi tuwuh, sinauting Taksaka aglis, lumaku angurepan, sang brangti atulung, Taksaka malaywa tilar, Kongkang pejah sang brangti grahinteng ati, leheng away tulunga.
99
Kalinge ing sariri iki, wus pinasthi teka ingantaka, mangsa na tulunging tembe, mangsa simpanging kahyun, nulya lengser Ni Selabrangti, sumengkeng sangu waspa, adres wijiling luh, lagya nawang-nawang tingal, atekenan saradenta mandheg anglih, arsa langening marga.
100
Dadya anon ing manuk Maningting tumiling-tiling akirweng orang, waspada ing panyandhake, kadya datan aluput, wus pinasthi baksananeki, on pejahing mina, tan gingsir tinemu, saksana Maninting pejah, sinamber ing Alap-alap patineki, Ni Brangta wruhing sipta.
101
Sayektinira ing karsa jati, lengkep mapan dadya ing sukarsa, dadya saking kawijine, laris denya lumaku, sumengka ing gegering wukir, anunggang sang kadiryan, aluran kadulu, sekaring Tengguli wang wang, kadya tuduh wrat meweh Ni Brangta kingking, anut marga sumengka.
102
Syeh Mangunarsa wonten ing masjid, sampun wikan lamun adhatengan, ribiyan indah warnane, sampun tumampeng semu, depun regep ing manah nepi, yen ana cobaning Hyang, anedha pitulung, muga raksanen dening Hyang, santri Munthel istingpare andhridhit, tumoning Selabrangta.
103
Selabrangta kandheg lampahneki, tumingal Syeh Mangunarsa, dening amindha kakunge, amicoreng jro kalbu, dadya emut sariraneki, yen kinarya tampakan, sing karya yan tulus, angucap Ken (hlm. 16) Selabrangta, tan rubiyah yen maksih angumbar liring, yen angrasa rumasa.
104
Dadya lampahe ika lumaris, anjujug sira mara ing wisma, gipih sinangkraman dene, Mangunarsa muwus, nehda mangke samya alinggih, sampun awet neng natar, lamun sedya tulus, rubiyah angucap ing nala, Ki Syeh iku wuwuse malang ateni, mambet bau anawang.
105
Aglis sira pan samya alinggih, sampun sinung wau pamucangan, sarweca denira reren, Mangunarsa amuwus, sabdanya rum mijil amanis, banggi wonten sihing Hyang, atamihan luhung, angucap Ken selabrangta, tan wong luhung duraka maring Hyang Widi, anggung-anggung ing raganya.
106
Santri Munthel ulate sumirir, tumingal maring Ken Selabrangta, asru dening gagimbange, denya lungguh tumungkul, depun celur wardayaneki, Mangunarsa wus wikan, Ki Munthel dinulu, arengu pandulunira, santri Munthel wus wikan semuning gusti, rerasan sarwi lunga.
107
Santri Munthel sun warah sireki, away katungkul ing kapemesan, den wikan iya dudune, santri Munthel ambeku, eh Kiyai kakeyan rincik, nora ila si rincang, luwih atinepun, tan anggugoni basa, jaluhunge sihana pawetri, kang aja na rumangsa.
108
Mangunarsa rarene den sengi, mintar sira maring pagagan, ameta Kacang lan Gudhe, kalayan Tebu wulung, Ni Tander mantas sira nini, ameta kakleman, mintar kang den utus, ni Surentri sira danga, santri Munthel sira juwana Kembili, lah sira semuguha.
109
Sampun samya mintar aglis prapti, Ni Surestri wus denira adang, asangkep lah-olahane, sampunnya saji sekul, Ni Surestri kang sesaji, toya mungguh ing cunthang, ing sesajenepun, tan ana ta kena, jangan kacang sambel jae lalab ranti, kuluban karayana.
110
Pelas (hlm. 17) pakem lalaban Kemangi, pencak kacang lawan sambel sahang, tan kantun Kacambah Gudhe, sampunnya tanduk sekul, Selabrangta sira ngecani, lamine Brangta mring Hyang, tan amboga turu, Mangunarsa pan uninga, Ni Dreman wau sira den wangsiti, ambeg wus ingalapan.
111
Suruping arka gumanti wengi, Mngunarsa sira ashalat, samya sembahyang kabeh, Munthel angangkat waktu, Mangunarsa sira bawani, sampun denira shalat, Ki Munthel ingutus, undangen Syeh Anggungrimang, wartanana yen ana tetamu prapti, ambaktaa tarebang.
112
Aglis lampahe Munthel wus prapti, ing wismanira Syeh Anggungrimang, manira tuwan kinaken, angundang ing sireju, ambaktaa tarebang gusti, rakanira dhatengan, adoh sangkenepun, nenggih saking Wanamarta, wastanepun Ken Rubiyah Selabrangti, ayu anom lumampah.
113
Ki Syeh Anggungrimang angling aris, santri Munthel paran pedahira, sumireng dyah puwarane, saking pangrengengingsun, lumampaha den kadya nabi, iku maksih ampungan, si jajal anguru, Ki Munthel anurut sabda, inggih leres wus datan sepi, nanging kirang punapa.
114
Anggungrimang mangkat tan asari, aglis pajar maring garwanira, asajia boga jambe, mangke serawuhepun, anggungrimang sampun alinggih, sarwi mangku tarebang, karsane anggembyung, santri Munthel anarebang, den sangiri walisana anjalerit, swaranya rum garuntal.
115
Anggungrimang solahe respati, wong pawestri pan akeh gagiwang, tumingal ing lalewane, anglud washiling tembung, sing gamelan tan de kiwuhi, wus utameng gamelan, duk welakanepun, wasis angolahken raga, kulambine den lungsir surban suithani, bunyu dening kalembak.
116
Anarebang swaranya rum amanis, Rara Kadhiri pupuhing (hlm. 18) tembang, den enthen-enthen swarane, asuluk campur bawor, swarane nyenyep aindri, lir linuman kumkuma, wong entri angrungu, ayun anguyuh tan medal, Ni Centhini istingpar sajrone ati, angrasa yen kagiwang.
117
Tarebange munya ngelik-ngelik, Anggungrimang denira narebang, apatut lawan singire, Munthel nembungi kedung, sulukepun pakid ginupit, tingkahe arta halal, lawan toya wudhu, Mangunarsa anarebang, den singiri tutur jari swaranya ris, Selabrangta kacaryan.
118
Ni Centhini aglis den wangsiti, lah ta medalena petakonan, yen bener pangawikane, Ni Centhini wus emut, wicarane den ati-ati , kwei santri punika, karsane dinunung, angucap sajrone nala, kwai sun gudere padhas siji, mangke masalah iman.
119
Kyai santri sun atanya kaki, kaya ngapa ing mangke karsantan, ana angucap mangkene, Iman lan Islam iku, kayangapa bedane kali, muwah kalamun tunggal, paran karsanepun, kang Iman Islam punika, kadi pundit ing karsanira kya santri, lah daweg ucapena.
120
Yen tunggal iku rukun sawiji, Iman Islam kalihe punika, lwir bawang bang pralambine, punapa karsanepun, yen bedaa nisbat punika, iku antara mangsa, wastane puniku, bedane tunggal tan tunggal, yen tan wruha idhepe Syaikulbari, mangsih angongka-ongka.
121
Santri Munthel tumungkul nauri, Bok Rubiyah nedha ucapena, mundur manira ataken pan dahat mudha punggung, asembawa tan wruh ing wangsit, nistha ambek welaka, manira wong dhusun, katungkul adhangir sambrang, asembawa tan wikan jatining wangsit, nistha ambek welaka.
122
Santri Munthel winardi ing wangsit, kwei santri lah ucapakena, kang Iman Islam bedane, mwang kadi rukunepun, ucapena sawiji-wiji, aja na kumalar, ing kawruh puniku, lamun tan angewruhana, nora Islam dening dhastar lan kulambi, punika yen tan wruha (hlm. 190).
123
Ki santri Munthel lingira ris, Bok Rubiyah manira miarsa, Iman lan Islam bedane, zahir lan bathin iku, ingkang Islam punika zahir, bathinepun ingucap, kang Iman genepun, anuhun anut andika ing cegahe punika depun singgahi, anerahaken sarira.
124
Bedane punika zahir bathin, ingkang Iman lan Islam punika, lwir Bawang bang pralambine, galih lan carmanepun, yen dinulu katon sawiji, yektieku perbeda, jro jabanepun, amal mijil saking Iman, Ni Centhini wuwusira amisinggih, lan nedha ucapana.
125
Rukune pun tah kadi punendi, Iman Islam kekalihe ika, pira kathahe rukune, apa tegese rukun, Santri Munthel mangke nauri, manira amiarsa, ing tegese rukun, punika awak-awakan, iman iku pan nenem rukune singgih, Islam limang parkara.
126
Angandel ing Allah kang karihin, yen ashipat purba tarwasama, ping kalih ing malekate, ping tiga kitab luhung, ping sekawan utusan nabi, lawan dina wekasan, kaping limanepun, ping nemnya ing untung ala, untung becik pasthi yen saking Hyang Widi, iku pamanggih ingwang.
127
Yen wonten saking salah sawiji, kang wus kocap kang enem perkara, kupur ilang agamane, maka wong Islam iku, tanpa pedhah yen kalbeng kapir, anglampahana amal, kadya toya metu, amale tan tinarima, dosa agung ing kupur nora madhani, manira amiarsa.
128
Pan kang ingaran wedi kekalih, kang karihin iku wedi dosa, lawan awedi kupure, wong am jenenge iku, ana dene ingkang ping kalih, wong iku wedi dosa, wedi kupurepun, iku tingkahe lumawah, ingaranan mukmin pasyik jenengneki, manira amiarsa.
129
Lelima rukune Islam iki, dhihin syahadat kalih kalimah, punika gene mujmale, pindho ashalat iku, apuwasa ping tiganeki, Ramadhan kang minulya, zakat ping patepun, maka genepe lulima, munggah haji yen ana sanguning margi, iku rukune Islam.
130
Salah tunggal katilara (hlm. 20) uni, mapan iku dadi randhanira, papa ageng wipalane, yen kelampahan iku, mapan sinung ganjaran adi, pan wus ubayaning Hyang, asung swarga iku, ing dasih anandhang Iman, Ni Centhini wuwusira amisinggih, mangke manira Tanya.
131
Kadi pundi karsane puniki, ingkang syahadat kalih kalimah, ki santri Munthel saure, Nora na pangeraneku, anging Allah kang den sakseni, pindho Nabi Muhammad, punika ingutus, singspa tan wruh ing Allah, ing Muhammad iku nora den kawruhi, wong iku during Islam.
132
Mujmale tah kadi punendi, syajhadat roro kanga ran mujmal, kang pumendi mupadhale, santri Munthel sumaur, mupadhale nenggih einarni, mangripat tuhid iman Islam gama, luhung, syahadat kalih kalimah, Ni Centhini tumungkul anuksmeng ati, mindah Ki Mangunarsa.
133
Ni Centhini winardi ing wangsit, Bok Rubiyah manira atanya, dusing wong wadon kathahe, kang pinardhoken iku, pira kene mungguh pawestri, ing karsa pakanira, lah nedha den ketung, akeh wong kang paksa bias, wateng junub tinakonan angulati, tinon akulinteran.
134
Ucapena Nyai den patitis, manira ayun ngawikanana, kang pinardhoken kathahe, yen tan wruh wateng junub, sing karyane nora lestari, leir sato asembawa, polahe womg iku, kaya martabat binatang, lwir maesesa rupane wong yen liningling, lan lintang saking hewan.
135
Ni Centhini rengu ulatneki, kwaai santri manira miarsa, kang pinardhoken kathahe, singgih manira ngrungu, panlelima mungguh pawestri, kekalih ing wong lanang, puniku kang pardhu, kayapa ing pakanira, santri Munthel wuwusira amisinggih, lah nuli ucapena.
136
Kang rumiyin ehedh wastaneki, kaping kalih janabat wastanya, woladat, kaping tigane, nipas sekawenipun, lelimane benjing yen mati, mayit iku dinusan, pinika kang pardhu, kakalih duse wong lanang,iya iku janabat kalawan mayit manira amiarsa.
137
Santri Munthel atanya (hlm. 21) amardi, Bok Rubiyah manira atanya, apardhu punapa tegese, Ni Rubiyah sumaur, ingkang pardhu artine singgih, tsawab yen linampahan, pakarti puniku, ginanjar dening pangeran, yen tinilar pardhu iku andosani, tur sarwi sinikseng Hyang.
138
Ingkang sunah tah kadi pundit, Bok Rubiyah karsa pakanira, lah ucapena den age, Ni Rubiyah sumaur, ingkang sunah pamyarsa mami, tsawab yen kelampahan, pakarti raharja, ginanjar dening pangeran, yen tinilar sunah nora ambayani, manira amiarsa.
139
Ingkang harum tah kadi punendi, Ni Rubiyah lah ta ucapena, manira yun wruh jatine, Ni Centhini sumaur, ingkang haram manira manggih, tsawab yen sininggihan, utamaning laku, ginanjar dening pangeran, yen ingambah haram iku andosani, siniksa ing pangeran.
140
Ingkang makruh tah kadi punendi, Bok Rubiyah nedha ucapena, manira yun wruh tegese, Ni Rubiyah sumaur, ingkang makruh amnira manggih, tsawab yen sininggihan, pakarti ginanjar dening pangeran, yen ingambah makruh iku tan andosani, manira amiarsa.
141
Ingkang wenang tah kadi punde, Bok Rubiyah nedha ucapena, manira yun wruh jatine, Ni Centhini sumaur, ingkang wenang artine singgih, lan tsawab sininggahan, pakarti puniku, yen ingambah pan mangkana, nora pala wenang iku tan andosani, iku pangrunguningwang.
142
Ni Centhini atanya gumanti, kwei santri manira atanya, janabat junub kalihe, punapa bedanepun, ucapena depun patitis, muwah kelamun tunggal, paran karsanepun, yaktine, iku pra beda, junuub iku tan patemon jalma kalih, janabat sapanindran.
143
Kaya ngapa pangandohe uni, kang junub iku limang prakara, ki santri sumaur age, pandohe kang rumuhun, nora wenang shalat mwang kadi, anggarap ing mushahab, kaping tiganepun, datan wenang ataliwah, sakawane tan wenang meneng ing masjid, lima mider ing ka’bah.
144
Wenang sholat yen wus den adusi, janabat wastane duse (hlm. 22) ika, junub kala during duse, malih kang tanpa wudhu, pan lelima cegahe iki, dhihin tan wenang shalat, huthbat ping ronepun, ping tiga anggarap mushhab, ping pat mider Ka’batullah datan keni, ping lima nagging mushhap.
145
Hadast wastane uni, kang janabat tan wudhu ika, lah ta tuturen den age, santri Munthel semaur, kang janabat punika nenggih, inggaran hadats akbar, ingkang tanpa wudhu, winastanan hadats ashngar, ingkang akbar amengku ing hadats shangir, iku pamiarsengwang .
146
Ingkang ashngar datan anyukupi, muwah tan lamun uwus janabat, den sartaken lan niyate, kalawan toya wudhu, pan winenang niyat puniki, cihnane nora kacukupan, ingkang toya wudhu, den sartaken lan janabat, nora wenang cihnane nora nyukupi, maring hadats kang akbar.
147
Kadi punendi tah kwai santri, kang janabat kang wajib dinusan, punika pira kathahe, santri Munthel sumaur, Bok Rubiyah manira manggih, ingkang pardhu dinusan, ing masalah adus, anal ah tigang parkara, Ni Rubiyah wuwusira amisinggih, lan nedha ucapena.
148
Karihin iku khurujul mani, lamun mijil datanpa kerana, ihtilam kaping pindhone, lamun angipi iku, anekaken wetune mani, dadya pardhu dinusan, kaping tiganipun, campuhing asmaragama, limang lintang hasyapad pardhu andusi, yen nora tan dinusan.
149
Niyatepun tah kadi punendi, dus janabat lanang mwang wanodya, kang niyat iku jatine, mapan akeh kalurung, kadi pecuk asabeng warih, dening adus janabat, polahe wong iku, awaler manireng sira, santri Munthel gepah denya anauri, manira amiarsa.
150
Niyatepun nenggih angalapi, tan wenang limang prakara, amrih saha sembahyange, punika sedyanepun, dadya mijil sira ing jawi, ingaran juru basa, kang niyat puniku, tansah ing hadharatullah, niyat iku dudu basa swara mijil, iku jatining niyat.
151
Kadi pundi karsane puniki, ing janabat (hlm. 23) mila pinasthika, punika paran karsane, lawan manira ngerungu, ing istinja sinarawedi, iku kadi punapa, karsane puniku, lah ta nedha ucapena, anauri ki santri wencana aris, manira amiarsa.
152
Amet wudhu yen sampun abresih, wong iku dening adus janabat, nadya sembahyang karsane, nenggih manira ngerungu, ing istinja sinarawedi, asembahyang kipalah, boli wastanepun, iku nedha pangapura, kang kalingling inana sarira jail, parmataning istinja.
153
Pan iku istinja iku sasuci, duk ametokaken najis ika, boli punika wastane, benduning Hyang den ketung, adan uga pusakaneki, duk keneng pangrencana, mangan Huldeng dangu, rumasa lamun wiwara, depun suci ing wewasuh zahir bathin, iku marga sampurna.
154
Najis punapa wastane iki, ing wong lanang yen adus janabat, pundit rupane najise, pan suci mani iku, ing wanita pan halal kawin, mila pardhu dinusan, kaya partinepun, kwai santri yen tan wruh, upamane adol lenga kari busik, mesem Ken Selabrangta.
155
Mustakrim watane puniku, mani gingsir pan saking sasana, campur parji arum gene, shipating lali iku, mapan tunggal pusaka kalih, janabt lan istinja, adam purwanipun, iku ashale lenggana, jinateken dening Hyang dusira iki, dadya pardhu dinusun.
156
Yen tan nastiteken puniki, nora antuk jeneging manusa, kebo sapi pepadhane, weneh manira ngerungu, ing wanita nora andusi, uwus dening wong lanang, wuruke wong kupur, ika karyanen paesan, kang ingaran Pathimah putra jeng Nabi, paran dene dus janabat.
157
Atayamum tah kadi pundit, punapa najis kang ingalapan, endi rupane najise, pan suci angganepun, sampun adus depun lisahi, mwang kadi agaganda, kayapa puniku, tan wenang teka sembahyang, santri Munthel mangke sira anauri (hlm. 24), manira amiarsa.
158
Zulmat najise kang den wasuwi, iya iku ashale langgana, sumuk tekeng reraine, tunggal pusakanepun, ing istinja lan toyastuti, mwang kadi ing janabat, sing wruh ngelmunepun, ingaran diruyah lima, jajalukesasutya kang den sunduki, manira amiarsa.
159
Ken Selabrangta amuwus aris, mangunarsa kang tinaken, kyai manira taken, ingkang iman puniku, kayangapa ingucap dhihin, gumanti tohid ika, mangripat neng pungkur, ingkang Islam tan den ucap, kok kilen mangripat den ucap dhihin, gumanti tohid wuntat.
160
Iman Islam punika ing wuri, kadi pundit karsa pakanira, wong roro paran karsane, Mnagunarsa amuwus, Anggungrimang wau tinari, jawaben patakenan, dan aris amuwus, dan alim mutangaliman, tan lenggan Anggungrimang anauri, wuwuse Selabrangta.
161
Kol kileyan anenggih puniki, mangripate dhihin ingucap, gumanti maring tohide, ayun wikan karuhun, tunggaling Hyang nora kekalih, sampunnya tah ing tunggal, tohid aranepun, den teguhaken ing nala, iya iku Iman arane kayeki, manira amiarsa.
162
Kang Islam iku wus aneng wuri, sampun sira anandhang ing Iman, tan lenggana ing pakone, ashalat lan ashiyum, ing Ramdhan lan munggah haji, lan zakat lamun teka, ing lampah puniku, iyeku ingaran Islam, Selabrangta wuwusira amisinggih, mangke manira tanya.
163
Kol wetan paran karsaneki, kang Iman mangke dhehin ingucap, gumanti maring tohide, mangripat kang ing pungkur, Anggungrimang mangkya nauri, manira amiarsa, kol wetan puniku, undhak-undhaking lumampah, ahlul Iman punika ingucap dhehin, manira miarsa.
164
Mulane ingucap dhenin, iku lampahe wong ahlul Iman, ayarengat iku lampahe, lampah syarengat iku, rukun Islam den lampahi, marmanepun den ucap, Islam kang (hlm. 25) karuhun, wus lampah wong ahlul Iman, iya iku karsane wong ati salim, etang tsawab ganjaran.
165
Yen sampun lampah iku aradin, lampah syarengat sampun karaksa, sakathahe pakiwuhe, mangripat lampahepun, prapteng lampah wong ahli tohid, hakekat lampahira, anunggal pandulu, tan etang ing jiwaraga, iya iku karsane wong ati mukmin, nora etang ganjaran.
166
Kang ing pundi kakewuhe iki, ing syarengat daweg ucapena, manira yun wruh jatine, Anggungrimang amuwus, pakewuhe nenggih puniki, yen amrih ingutaman ngagungaken ilmu, lampahe arsa kuncara, riyak kibir ilmune den gawe hashil, iku wisaning lampah.
167
Nenggih puniku lampah wong luwih, tansah ginaken ing jiwaraga, den soraken sarirane, tan ana kang kaetung, lamun saking tirta satitis, denya noraken angga, ing pralambinepun, tibaning windu anila, tiningalan ing warih katon jro bumi, hakekating awiyat.
168
Kadi undi karsane puniki, lintang ingaran windu anila, sudama mapan kayone, Anggungrimang amuwus, nenggih lintang katon ing warih, ingaranan sudarma, dening ranu surud, ingaranan windutara, lintang iku panalikanireng latri, manira amiarsa.
169
Ni Centhini angalem ing ati, anggungrimang putus ing aksara, ketareng semu basane,, lintang panunjuningsun, sesolahe andudut ati, anom tur wicaksana, warnane abagus, kang alaki tan asiha, welakaha kaya sun tohana pati, emut maca istingpar.
170
Undhake malih tan kadi pundi, manira tanya ing pakanira, kang prapta ing don lampahe, Anggungrimang amuwus, Mangunarsa ika tinari, kakang sami atampa, ing wuwus puniku, angucap Syeh Mangunarsa, Selabrangta patakenan den sauri, manira amiarsa.
171
Anenggih ing wong ahli tohid, akarem iku ing shipatullah, brastha ingkang saliyane (hlm. 26), ingaran tsarik iku, tingaling wong kang ahli tohid, dening ahli mangripat, tanpa tingal kawruh, amangeran lagi nora, iya iku ing sirullah lungguhneki, iku wong karem ing dzat.
172
Wong tetiga ingkang kekasih, Nabi Wali mukmin am, tan tunggal pelayarane, nora beda tinemu, karem ing dzat mangke ing Nabi, wali karem ing shipat, wong am tah sireku, pan karem ing apngalullah, sirna titis tingale kalimput ing sih, kadi dok lagi nora.
173
Kadospundi karsane puniki, ing wong urip nora mangeran, manawi salah tampane, akeh kang wong kalurung, pangerane den dalih napi, weneh ngaku pangeran, kalih kupur agung, gumuyu Syeh Mangunarsa, sabda guru sinamun kawijil, amoring tatakrama.
174
Selabrangta winardi ing wangsit, Bok Rubiyah manira atanya, wonten masalah mangkene, turuning wong kang luhung, angluwihi ing pangabakti, ing wong bodho punika, paran jatinipun, gumuyu ing nalanira, Selabrangta wuwusira amisinggih, mesem Syeh Mangunarsa.
175
Selabrangta semune alungit, manira kwai nenggih miarsa, ana angucap mangkene, sajoroning turu iku, wonten uga ingkang atangi, sajrone meneng ika, ana kang lumaku, ana bisu bisa ngucap, Mangunarsa wuwusira amisinggih, wuwuse Selabrangta.
176
Anenggih turune wong kang arip, mingraj reke ing paturunira, munajab ing patangine, kadi pundi puniku, Mangunarsa sira nauri, iki tah Boh Rubiyah, wong luhung kayeku, tan kena titirokena, lwir anangga toya kamumu supami, manira amiarsa.
177
Parandene den tsarik, dening maksih jenenging paningal, punika pinaka dohe, jatining tinggal iku, ingaranan hijab nazari, iku tatebeng cahya, arane puniku, terusena aja liwat, liwatena iku malih aja lalis, ika ecaning lampah.
178
Wonten masyasih ingkang ginupit, Syeh Bayazid watane anuliya, kalintang kasutapane (hlm. 27), ing Yastam wismanepun, ajejuluk Sultan Aripin, tatkala pananira, Syeh Bayazid iku, tan imut ing jiwaraga, sak ilinge tetep denya angabakti, iku tuten ing lampah.
179
Syeh Mangunarsa atanya aris, Bok Rubiyah manira atanya, sapa baya wong sanake, baya sampun aguru, sasampune tunggal pinanggih, mesem Ken Selabrangta, pira baranepun, yen antuk nugraning Hyang, kang tinedha tuduhena marga singgih, anenuwiyeng lampah.
180
Ing kina nenggih manira laki, apanangran Ki Syeh Amongraga, kajiteng smara dok rare, kalintang marmatepun, atetuwi sanake estri. Dhateng Nayana ganda, anglebeti hukum, winastan angrusak syara, lampahepun tan patut lawan syarengi, linabuh ing Tunjung Bang.
181
Tetiga kathahe sanakneki, jalu kekalih estri sanunggal, Ni Racangkapti wastane, wonten sanake jalu, Jayengsari wastane uni, samya alit don tilar, dok lunga anglangut, resake ing suka rejya, den tutuwi sanake nora kapanggih, malah takyeng antaka.
182
Ki Mangunarsa meneng tanpa ngling, waspa mijil deres saking locana, tan bisa megeng tresnane, awekasan amuwus, nggih puniku kang sun ulati, punika sanakingwang, marmane anglangut, sumaur Ken Selabrangta, panakanira ta gene kang den rasani, dalu kalawan siyang.
183
Anggungrimang ariningwang yayi, wartanana mangke rayinira, yen sampun pejah sanake, Anggungrimang tumurun, waspanira kang den usapi, wau serawuhira, arine rinangkul, mas mirah ingsun pangeran, sanakira Jayengrasmi sampun mati, linabuh ing Tunjung Bang.
184
Anglelana sira den ulati, apeparab Ki Syeh Amongraga, ngulati sira karsane, sing negara dinunung, anging sira nora kepanggih, tekeng nayanaganda, anglebeti hukum, winastan angrusak syara, lampahepun tan patut lawan syarengi, linabuh ing Tunjung Bang.
185
Amiarsa mangke Rancang (hlm. 28) kapti, winartanan yen sanake pejah, datan ana pangucape, peteng tawase sumaput, lwir akasa ingkang ngerubuhi, wuwus tan kena medal, supe tuwase surempuh, lali sireng marganira, Rancangkapti kadya latah angekeli, kantun anuli pejah.
186
Anggungrimang siranjrit kepati, tumingal maring garwane pejah, gupuh den rangkul rayine, Ni Surastri papungun,aglis sira depun tingali, gustine lamun pejah, niba saking salu, denya anangis alara, Anggungrimang rabine tansah liningling, sarwi nangis alara.
187
Tetanggane gita padha tangi,amiarsa swaraning karuna, samya ametu age-age, pilelewi papungun, gupuh medal tapih kulambi, gita sarwi atanya, tangis paran iku, kang wikan nulya papoyan, Ni Lelewa gustinira angemasi, lah ta mati kayapa.
188
Singgih sanake lanang wus mati, tan bisa denya amegegng tresna, luluh dening kepatene, sakehe kang angrungu, padha sira lara anangis, maning patinira, akeh kang angungun, waneh ana tebah jaja, kang saweneh alara denira nangis, emaning patinira.
189
Tetanggane kabeh pada kapti, lanang wadon samya anglalawad, kang tangis mangke arame, kabeh samya angungu, kang saweneh asaji warih, geger sapakarangan, tangise gumuruh, rame padha abusekan, tan pantara dukuh pating jalerit, swaraning wong karuna.
190
Wonten tah santri atunggweng gagi, amitra tah lan Ni Rara Bingkak, ki santri rena wastane, ing ranggwan denya turu, wus apanggih eca aguling, kaget ana karuna, sanglilire salah tampa, gupuh medal ki santri tiba ing geni, sinaut ing cemera.
191
Ni Rara Bingkak tumurun aglis, gupuh-gupuh ki santri kejogan, den anciki cecengele, angrenggeh ancak putung, kwai santri agya pinitik, muncar wedanira, kena singepetung, sarira pulang ludira, merem-merem ki santri amindha sakit, teka akulesedan (hlm. 290).
192
Ni Rara Bingkak tumulya mulih, pelarasan ing twase sangsaya, angrungu tangis arame, nangis asemu mangu, angrungoken swaraning tangis, baya iki si biyang, kepareng ingamuk, anulya dening lumampah, tekeng wisma angling ta gene kiyai, wus pejah tinangisan.
193
Wonten tetangga elet sakelir, dhudha kakalih randha sanunggal, dhidha Seladha wastane, gita nulya tetulung, gupuh denya anyangking kodhi, lan kaki dhudha Selaga, medla gawa alu, den dalih wonten durjana, rangdha loma gupuh atapih kulambi, angidhit padahanan.
194
Agen-agen lumampah karihin, anglancangi ki dhudha Seladha, angure-ure rambute , kopeke gundhal-gandhul, bebokonge angumak-amik, gupuh denya lumampah, kang tumon gumuyu, polahe ni randha loma, Ki selaka gumuyu atutup lathi, tumpn ing randha loma.
195
Gupuh-gupuh angungkab-ungkabi, karsanira karya atetamba, gupuh dadya tanpa rereh, lelancing kandhigepun, pipisane anglud kuali, tangan katutup bentar, wotah lenganepun, tumurun angijek wongwa, katak gubug den gecek dalih sunthi, alu den dalih pala.
196
Ki Mangunarsa maksih alinggih, nora wikan yen sanake pejah, winarah dening rarene, samya anglawad gupuh, sapraptane nulya alinggih, lawan Ken Selabrangta, andulu yang sang kantu, semone ana daduga saweneh semone ana aradin, wikan jatining lampah.
197
Angres manahe Ken Selabrangti, tumingal dhateng Ni Rancangdriya, wong anom ayu warnane, kasanenan pandam murub, warnanira kadya aguling, waja kengis araras, kincang alisepun, Anggungrimang nulya mulat, lwir wong mesem garwane tansah den lingling, tur anangis alara.
198
Syeh Mangunarsa meneng tanpa ngling, tumingal maring arine pejah, rinigep ing twas trenane, angrupek idhepepun, tingal tunggal kang depun esthi, anancang ulat kang lyan, kang parane ing dulu (hlm. 30), anane purba kewala, Mangunarsa menggah nulya sira mati, kang tumingal karuna.
199
Ki santri Munthel lara anangis, Ni Dareman ika gagulungan, den pala-pala jajane, angers sasambatepun, Ni Surastri lara anangis, sesambatnya mlas arsa, adhuh gustiningsun, sapa nggeningsun ngawula, gusti asih sadina amemarahi, angapura ing mindha.
200
Ni Selabrangta meneng tanpa ling, kaputungan manah tanpa ngucap, den regep ing jro kalbune, ja’izing Hyang kadulu, sarirane den gawe dalil, wikan paraning tingal, Selabrangta iku, kadya wong kaselamongan, Selabrangta tresnane sumengil ati, dadya mijil karuna.
201
Angres nalane Ken Selabrangti, Mangunarsa ingkang tinangisan, tan bisa ngeregep tresnane, Mangunarsa riningsun, awungua ta sira yayi, sadina rong dinaa, deningsun atemu, nora suda mata ingwang, Mangunarsa kabobohan bisa mati, sira agawe tresnane.
202
Meneng anangis Ken Selabrangti, anahen manah datanpa ngucap, dadya nangis jro kalbune, asru panangisepun, Selabrangta bisa anangis, denya nangis alara, den sambungi guyu, uyune suka satitah, pangangise ajrih gingsir ingkang liring, malar tan katahtaa.
203
Liyep nalane kandhuhan liring, tingaling dasih dadya suh sirna, luluh tekeng raragane, dadya temahan lemut, jiwaraga datan kaesthi, dadya temah sun sirna, dening sih Hyang Agung, yeku kang antuk nugraha, Selabrangta angres sira nulya mati, NiCenthini anjola.
204
Ni Centhini aniba kepati, denya anangis alara-lara, den pala-pala awake, sesambatnya mlas ayun, awungua ni nyai gusti, endi ujarira, asih mararengsun, anusup angayam alas, sun tuturi sun sindhep tulusa asih, tekeng ranggen atilar.
205
Ki santri Munthel amituturi, sampun dinawa kang sampun pejah, mangsa dadia gesange, titahing Hyang den ketung, sangketane tan owah gingsir, sampun kocap ing (hlm. 31( Iman, angandel ing untung, balik yen asih ing tuwan, angulati rowange kawelas asih, amenedi astana.
206
Sekamantyan Yang Aruna mijil, wong anglawad wus samya prapta, sakathahe wong sanake, lanang wadon wus rawuh, Anggungrimang kantu kepati, Munthel karya kaluwat, lawan Ki Patutur, kalawan Ki martaduta, Ki Selaka Seladha Ki Pranakarti, durma karya kaluwat.


PUPUH II
D U R M A

01
Tan kocapa Syeh Mangunarsa, deningwang, wonten kocapa malih, Ki syeh Amongraga, sampun aparipurna, datan tulus hokum uni, mapad widagda, tumimbul saking tasik.
02
Mapan sinungan nugraha de Hyang sukma, linuwih saking mukmin, agambah gagana, lumaku luhur toya, wus wikan sanake mati, acipta prapta, dhukuh Wanantaka glis.
03
Kang layon mapan maksih dereng dinusan, Ki Amongraga prapti, kagyat kang tumingal, anulya asembahyang, kalih rakangat sira glis wusing sung salam, kang mati urip malih.
04
Karananing mangkana jatining pejah, kawula mrih tresnanti, samya nglilir sira, Ken Selabrangta wikan yen Syeh Amongraga prapti, mendhek anembah, angrangkul pada kalih.
05
Anglukar gelung gelung surya ngisuhi pada, ingusapan lan weni, lintang trenanira, Ki Amongraga wikan, yen paraning tresnaneki, paningalira, tan kandheg johar jisim.
06
Dadya murjita sangdyah kabwatan tresna, tan wayah idhepneki, Mnagunarsa sira, kelayan Rancangdriya, pangling yen sanake uni, mapan ketilar, dok kalih samya alit.
07
Selabrangta mujar maring Mangunarsa, lawan Ni Rancangkapti, yeku sanakera, kagyat Ki Mangunarsa, angrangkul pada anangis, Ni Rancangkarsa, anjerit denira nangis.
08
Adhuh kaka sira trenging netraningwang, wonghing wardaya mami, nora cipta kaka, sun temu lawan sira, pan sira kawarta mati, aneng Tunjung Bang, kinaguh ing jeladri.
09
Anggungrimang kantu wus anglilir (hlm. 32) purna, kagyat denya ningali, garwanira gesang, lawan ipene prapta, lwir sepena idhepneki, amuji ing Hyang, kang amisesa bumi.
10
Ni Centhini bungah gustinira gesang, Amongraga kang prapti, tuwin kang tumingal, pra samya gagowokan, kadya dinulur ing Widi, Syeh Amongraga, tan minging tingalneki.
11
Wus araga sarirane ika, eloking Hyang kaaksi, Amongraga sira, ngecani ing manah, tatakramanira luwih, pan waliyullah, ingeket dadya gurit.
12
Selabrangta tan pegat birahinira, mangun laku tan gungsir, tapa brangtanira, wengi datanpa nindra, raina datanpa bukti, tan kocapa, polahira kang prapti.
13
Kang kocapa kang kari ing Wanamarta, anggeng brangta prihatin, sapatilare Ken Selabrangta ing kina, den waca surate kari, anyuhi prana nora na kang kaesthi.
14
Ni Warsasih sampune lepur trasnanira, neher sira agoling, kepi anakira, Ken Tambangraras prapta, kagyat tumulya atangi, dadya kakaruna, asru denira nangis.
15
Ki Panurta atanya ing garwanira, paran mamarnya nangis, NiWarsasih mujar, Ni Tambangraras prapta, katon jro supena mami, dadya kagagas, asru denira nangis.
16
Raina tatas malah mijil Yang Arka, sampun tah samya prapti, anak dharanira, muwah kang wong jajahan, samya atatanya gipih, punapaa tah, denya nangis puniku.
17
Ki Panurta angucap ing garwanira, tuturen ipeneki, Warsasih apajar, polahe Tambangraras, prapta lawan lakineki, angrangkul pada mami.
18
Warnanira kaya wong kinare anyar, kampuh gadhug rinukmi sinjang sarasah, sumping jabung payodan, sinawung laptri kakalih, apatahlayang, seta rupanya ngerawit.
19
Samya linggih ing made sakapat ika, kagyat ingsun antagi, malah tabuh lima, mijil SangHyang Aruna, angungun ipenwang uni, sun samar-samar, maksih (hlm. 33) katon ing uni.
20
Kaya ana maksih sumandhing ingringwang, sapolah poleng uni, anglenggak atampel, asta Ken Tambangraras, rawuha sun sesangeni, dhuh anakingwang, edan temen sun iki.
21
Ki Panurta tansah apitutur sira, tumon rabine brangti, aywa keh dinawa, wus titahing pangeran, ewa mangkana sun iki, wus kawengkonan, maring sabrang segari.
22
Anakira wau prapteng Nusa Jawa, angrereh tan kapanggih, lah sun kapakena, wus jangjining Hyang sukma, dalile misesa bumi, muhal yen sira, akarya kayeki.
23
Anakira linglingen karyanen tanda, yen kawisesa malih, Warsasih tan mujar, sarya ngusapi waspa, angrungu wuwusing laki-laki, tresna meh sirna, nanging katon ing ati.
24
Angka muksa bayangan teka aniba, aturu kukub malih, byakta ngemasana, antaka idhepra, Ki Panurta ngarih-arih, idhepan mirah, pitutur ingsun yayi.
25
Ni Sumbaling anguwel atutur ipyan, adya ipyan, kadya wong amenyanyi, sarya ambengcangah, bangiwen saptu ingwang, salah arsa sun angipi, lamun kaetang, gumuyu dhawak mami.
26
Kang Centhini katon teka kaya edan, met bunglon den susoni, sing tumingal latah, Ki Panurta angucap, lah artinen ipeneki, matur tan bisa, angarti ipen kami.
27
Ki Panurta muwus amantra kilase, Centhini denya gusti, mong mongane lunga, melu saparaneki, antuk jenenge anggusti, wadon Turida, mesem angrungwa ing ling.
28
Ki Panurta angucap ing mantunira, undangen lakinireki, durung amiarsa ibune anggung brangti, kandhehing ipe inguni, pituturingwang, kathah nora den tolih.
29
Ken Turida angucap mantuk maring wismanira, lakinira kepanggih, alungguh ing tepas, maca Kuda sranggara, Jayengsmara muwus aris, lah mareneya, pangeran gusti mami.
30
Ken Turida araga pitambuh (hlm. 34) sira, dadya amuwus aris, kaka sireng ngundang, denira ramanira, bibinta anggeng akingking, tansah karuna, totonen ipeneki.
31
Jayengsmara amiarsa yen ingundang, gupuh tumurun aris, arja kampuh jinga, nedhal sebe sampiran, gadhung sinungket angrawit, anulya mintar, dhastar sambi lumaris.
32
Nulya marek ing rama alinggih agya, tandhane kurang guling, semu alum nitya, kadya wong mendhem pala, anglalentreh nitya lindri, lwir anon wayang, jamusnya ulatneki.
33
Ken Turida mesem anglirik ing priya, kagagas poleng uni, ing jroning paprenan, Ki Panurta angucap, anakingsun sira kaki, bisa ta sira, ingarti ipen kaki.
34
Ibunira uni dalu aswapena, kakangira kang kepi, kadya pinanganten, sekar jabung payodan, sinawung lan tri kakalih, apatah layang, seta rupanya ngerawit.
35
Arja kampuh gadhung asinjang sarasah, kaya pa artineki, matur Jayengsmara, yen sembada lan tuwan, arja dudu manahneki, ta sang prang ika, meranginapsuneki.
36
Tegese ijo iku maksih agesang, Ni Malarsih anangis, anakingsun bapa, ulatana denira, rinangkul putrane gipih, lan arinira, gaawanen aywa kari.
37
Jayengraga kang pinangka rowangira, anjaluk sakeng ati, matur Jayengsmara, tan langgana manira, lah yen tumeka ing pati, nanging riningwang, tumut angrarewangi.
38
Angur baya dheweke kapok manira, dok angulati dhihin, sakidule alas asring kabora-bora, tabete saenggohneki, tekeng wajah waturip.
39
Ing Kalanbret manira alamng kana, maring Lebuasteki, maring wengkeringwang, ing Tenggalek meh pejah, pun adhi ika mrani bok wlanjar, pngreka wastaneki.
40
Katuju ana sanak asih maringwang, ika atalang pati, Gunung sumbi ika, watane wismanira, manira angungsi urip, lintang marmanya, manira den kukuhi.
41
Dadya lunga manila apela (hlm. 35) rasan, ing dalu kesah mami, prapta ing ngalangan, manira ayun pejah, Ni Wirana nagunggahi, arsa gubela, uni manira pun adhi.
42
Saenggen manira sok kabaya-baya, Ni Malarsih mangkya ngling, lah gawanen uga, pinangka rowangira, lan pituturana kaki, saking Lungsir, angundang anak mami.
43
Santri Lungsir sampun prapteng griyanenira, Jayengraga kepanggih, arsu denya ngucap, pakanira ingundang, dening rama tuwan singgih, anulya ada, merek rama sang yoga.
44
Akampuh jingga sabuk cindhe pathala, keris malela ngrawit, alandheyan cola, kaya wong topyang bangsa, rasukan alus sulthani, binuyuk gandha, sekar Angkrek sasi.
45
Ni Ken Raras mesem andhulu lakinya, abagus laki mami, serawuhing rama, alinggih jejer sira, kelayan Ki jayengrasmi, aris angucap, mangke Ki Jayengrasmi.
46
Jayengraga manira kinon wangsula, angulatana malih, lawan panakira, Ki Jayeraga mojar, nora linyok ujar mami, yen dereng karya, kakang aywa ge mulih.
47
Dalihane si kakang age muliha, kangening rabineki, mesem Jayengsmara, boli adhi pakara, akeh panalamur brangti, tumungkul Jayengraga mesem anjawil.
48
Abibisik lah kakang aywa papoyan, manawi miarseki, yayi pakanira, budine iku ala, lah ta lunga binjing enjing, saksana serap, Yang ganti wengi.
49
Samya amit ing rama mantuk ing wisma, Ken Turida prihatin, pan ayun tinilar, tansah ngusapi waspa, den rusak paesireki, Ki Jayengsmara, mara angrih-arih.
50
Winangwang pangkon sarwi ngilinglingan, dhuh jiwaningsun gusti, sanglwiring kusama, lah katuna pangeran, aywa sira lara kaki, mung sinjangira, baktaken ing kami.
51
Ingsun karya panglepur lara pangeran, idhepen ujar mami, wetningsun kemengan, patudhuhireng rama, parandene sun glis prapti, wadon Turida, idhep ujaring laki.
52
Ni Ken Raras mulih sarwi apepayon, tumoning ipeneki (hlm. 36), anangis alara, sang kakung angrerepa, katuwane awak mami, padha apriya, ingsung tan pathuk singgih.
53
Nora kaya mangke wus dumduman ingwang, leheng rangdha mami, Jayengraga wikan, rabine esmu ewa, dadya sinamun asweki, adodongengan, sarwi den bebanteni.
54
Bewek-bewek denira agawe aswa, menjoco tur mandelik, Ni Ken Raras ewa, mulat ing lakinira, tumurun sarwi anangis, mesem Ki Jayeng angrih-arih.
55
Ki Jayengraga bisa ametning dyah, gitasmara gameki, puh kenya mamenang, jarik sutra ingintar, kaya ngalapana urip, swara nyuh prana, den gewuh astaneki.
56
Sinambut ingemban maring pagulingan, tan kawarna ing riki, polahe sang raras, muwah Ki Jayengsmara, kocapa mangke kang injing, wus amit sira, ing ramanira kalih.
57
Jayengsmara kelawan Ki Jayengraga, asalin busana sri, samya kampuh jingga, lunga anglaya desa, aglis lampahnya anuli, datan ambakta, panakawan sasiki.
58
Injang mintar saking dhusun Wanamarta, kang kantun lara nagis, akeh kang kapapg, kapidulur lumampah, sambawa rame atri, samya pepanthan, waneh angumbar liring.
59
Samberawa gumuruh sarwi jajawat, maring Ki jayengrasmi, lawan Jayengraga, sawaneh ana ngucap, pantes yen ambebarengi, meneh lungaa, yen sampun prapti mami.
60
Ni perawan angling iku arinira, anut wuri ing kami, Ni Wulanjar mujar, Ri Rara anjejawat, nora taha raganeki, maneh wong doha, denyaarep amateni.
61
Ni bok rangdha Bilar angusek srinata, sarwi amuwus aris, iku pamanira, anut wuri ing ringwang, baya adhatengan iki, sakarsanira, wong lanang sun turuti.
62
Nini kang maju milwa jejawat, iku kaki nireki, sewala lang ingwang, sedalu ngukih prana, nging kurang sranggara manis, dedimon lunga, ingure sun alaki.
63
Kang anyunyu tur kang bisa ilmu donya, Jayengraga anolih (hlm. 37), mesem sarwi ngucap, tuwa tan wruh ing wayah, manhe kaya dok uni, lakunya owah, untune kari siji.
64
Jayengsmara apituturing wencana, rama amanis yayi, den yatno bencana, ing sarira ika, den kalingling mulaneki, aywa ta sira, wuruk sudi karyeki.
65
Depuh wikan paraning paningalira, nora ngulati marih, salwir katingalan, iku mangka paesan, kabeh saking sang Hyang Widi, akarya alam, sakarsanira dadi.
66
Ingaring dalil akal yayi ika, dadine jagat iki, nyata iku tandha, pracinaning kabisan, ing Hyang sarya dumadi, iku ingaran tapadh dhal iku yayi.
67
Kang aduwe tandha den wruh jatineki, ingaran dalil iki, mungguh budi akal, budi ingkang grakita, pasthi ana kang akardi, iku ingaran, wiwaraning kang budi.
68
Ana dene dalil kang ingaran Kuran, sabdanira Hyang Widi, ingkang sinuratan, mangsi lawan dhaluwang, sing sapa maedo kapir, ing patang madhab, madhuleden wruh yayi.
69
Sabdaning Hyang kasurat mangsi dhaluwang, tan basa swara yayi, perihen ing lumampah, tatakrama den wikan, dasar den patitis, adugeng lampah, den takeng tamahneki.
70
Sajrone parimana wus kajajagan, dening budi kang luwih, ika kang anjajag, kakang manira nedha, yen tan mangkana yayi, dadya luluyang ambeke welakeki.
71
Akeh kang wong kalurung tan tatakrama, ala den dalih becik, tan anut washiyat, tirane kang mulya, sasar susur lampahneki, lawan parnesan, malih tan den owahi.
72
Kang saweneh katungkul aja-jorongan, anggungaken ing dhiri, kajatmikan ilang, dening angaku bisa, tan patuh ing syara singgih, kabura-bura, karunjang dening jurit.
73
Alon-alon lampahe Ki Jayengsmara, lawan arinireki, ingari wus liwat, kesthi, sambi lumampah, pitutur ing arineki, Ki Jayengraga, samarga amisinggih.
74
Kawarana kalangening (hlm. 38) wanasrama, mungguh tepining margi, sampun tingling kilen mangke Sang Yang Aruna, surem prabangkaraneki, wus kalamukan, alon lampahe kalih.
75
Gerah alangu swaranya andesmara, pater swaranya aris, lwir madyaning dyah, kang kesisan calumpring.
76
Werah weneh jurang perangnya lit asinggara, toyanya juging curing, asri swaranira, petung lunung ing marga, gumerisik kang Wuluh gadhing, lwir madyaning dyah, kang kesisan calumpring.
77
Dadining Andong pring samya ambabar, gandanya marbuk minging, lwir madya kasisan, sinjang kokihing tilam, welahannya megat margi, tirta ulekan, saking kedhung anjrihi.
78
Jayengsmara araryan soring Angsoka, kuncara wastaneki, lawan Jayengraga, ngahub soring kapidya, kaleson linggih, arsa nginuma, toyaneng dhandhanggendhis.


PUPUH III
DHANDHANGGULA

01
Unggannya linggih ing patiganing, suka kuncara lan arinira, Ki jayengraga wuwuse, kakang pundi dinunung, sakecaning lampah puniki, sampun awirandongan, Jayengsmara muwus, ana wong sanak manira, kang atapa ing ancala olah nepi, aran Syeh Malangkarsa.
02
Punika yayi sun dunung mangke, iku rowangingsun angumbara, dok ingsun ngaji bangiwen, kaliwat pananepun, ing Paciran dhimin, ing mangke olah tapa, akeh sisyanepun, menawi yayi miarsa, ing wartane si kakang inguni-uni, lah kaka sinengeran.
03
Nora adoh yayi saking riki, nora liwat lampah kalih rina, ing Ardi Palwa enggone, Ki Jayengraga muwus, lah ta mintar saking riki, lengser Ki Jayengraga, sumengka mangedul, kongang lurah pagagan, lebak-lebak ing gunung mujur kapiring, tandur lagya adandan.
04
Sumengkeng gegeran lampahnya nuli, katuju manggih ing panginepan, ing Sindureja wastane, bale patemon agung, pinggir toya sitinya (hlm. 39) resik, tinaneman Andong bang, lawan Andong dadu, Kayumas lan Parijata, Bayem sulah sinelan Mayana wilis, ing natar Kayu neja.
05
Ki Jayengsamara angling ing ati, baya mukti ponang agriya, katoryang pepatutane, tumanduk karsanepun, arsa raryan Ki Jayengrasmi, kelayan arinira, tanseng wurinepun, araryan ki Jayengsmara, teka linggih sesaka depun lendohi, ismune wong kaleswan.
06
Kang manca randha nom tur sugih, ken Tilarsa pan jejulukira, lintang susila budhine, anyar kepaten kakung, katilaran putra kekalih, estri samya dewasa, warnanya yu-ayu, awasa Ni Ken Suwarsa, kang wuragil awawasta NiKen Warsiki, lwir widadari kinddran.
07
Asuwe datan ana wong mijil, Ni Pucangan rasa ngambil toya, katuju medal angore, lampah kalih pinjung, tandra kagyat anon wong linggih, sira Ni Ken Pucangan, wangsul tur gumuyu, atakken rangdha Tilarsa, Ni Pucangan paran kang dera guyoni, teka jaba suka.
08
Ni Pucungan atur poleng uni, kawula medal ing jaba, wonten wong kepanggih reren, bale patemon agung, wong kekalih pelag suwarni, manira boya wikan, medal kalih pinjung, tumurun rangdha Tilarsa, depun intip ing kikis Ki Jayengrasmi, atut wonten dhatengan.
09
Anambut wastra jingga sumampir, karsanira apa dhatengan, asta keri nyangking jambe, amucang sarya metu, jayengsmara tumurun aglis, angadeg amadhapa, ni rangdha andhulu, kalintang pandulunira, dinuk liring semune Ki Jayengrasmi, dulu wong suwahara.
10
Ken Tilarsa den lingiran aris, denya napa ramya manahira, rumaket anak basane, saking pundi dinunung, anak ingsun nedha lumaris, awon lungguh ing jaba, anginuma banyu, supados nyawa mucanga, anauri wencana Ki Jayengrasmi, bibi manira nedha.
11
Den lirik mangke Ki Jayengragi, iku nyawa tah sanak punapa, Ki jayengrasmi saure, sanak manira dulur, nenggeih rowan kawelas asih, angres rangdha Tilarsa, ngerengen wuwusepun, wau satekaning wisma, depun undang rarene nyawisa warih, anggelara kelasa.
12
Ni rangdha tumulnya ngancarani, lah ta nyawa sira alinggiha, sapuranira den akeh, nora amanggih sekul, bibi nira nyawa wong miskin, tulus rangdha kasihan, rarane den uwuh, lah anjaluk pamocangan, sampun sinung anulya depun carani, lah nyawa amucanga.
13
Rarene mangke wangsiti, Ni Pucangan sira jawadaha, lan amencaka nyarundeng, anambeleha sawung, ana suwap ingsun kekalih, lawan dhendheng menjangan, kang wewadhah sumbul, lan amathika kelapa, sun akarya sekul wudhuk lan kabuli, lawan adhanga ketan.
14
Ni rangdha angling ing anakneki, ibunira nyawa atamihan, lah akunen sanak angger, kakangira wus adus, lah sungana, beboreh nini, sapanen kakangira, ken Rara mintuhu, tumungkul asemu waspa, sarwi bakta dadah banten burat wangi, lawan lisah jebadan.
15
Ni Ken Rara wau metweng jawi, karsanira amundhur sekar, wong roro lawan arinira, asinjang seta alus, kasemekan limar ketangi, awida jajebadan, arja sengkang luru, akampuh sutra dewangga, anderangi paesan dhat ngayomi, nenggih Ni Ken Suwarsa.
16
Ni Warsiki sira sinjang wilis, arja kampuh rangdhi angrangrangan, lebeng kaot kakembene, asumping Anggrek Menur, uleng-uleng sekar Melathi, asimsim memanisan, jenarnya muda kung, cangget cenggeh paksa lanang, metweng jaba kalih kakange den iring, byakta kembar lumampah.
17
Ki Jyengraga ika ninggali, angga luka twas tanpa jamuga, amucang runtuh jambene, kewalik gentalepun, panindane den singgih dhihin, mesem Jayengsmara, arine dinulu, wikan lamun salah driya, Jayengraga wikan lamun den kawruhi, yen ambek kamanusan.
18
Ni rangdha Tilarsa papoyan glis, iku nyawa karo (hlm. 41) arinira, lintang dening pamujine, sing anglamar tanpa yun, sapa baya kang depun anti, awet dadi pataka, iku karsaningsun yen sih ayun alakiya, wong umbaran arsaa pan sun turuti, mesem Ki Jayengraga.
19
Olah-olah wus mateng sumaji, sampun surup Sang Yang Dewangkara, sampun masang sesandine, sesaose wus rawuh, tiningalan tuhwa lep arsi, sekul mungguh ing panjang, ing sesajenepun, tan ilang takona kena, wus sumaji sesajyan den ancanari, lah nyawa adhahara.
20
Ken Rara karo angeladeni, tansah ingarsa angraseng padam murub, wedanane asawang sasi, kala mangsa Kartika, pupure den rembug, asumpang jabung payudan, Jayengsmara atine den kuranteni, sarya ngesthi intingpar.
21
Ni Warsiki sireng lulukoni, akampuh jingga sinurat ing mas, sata patra sasumpinge, saya ngimbu ayu, Ni Warsiki sira ningali, mareng Ki Jayengraga, lwir thathit ambarung, kena ing asmara nala, Jayengsmara arine tansah den liring, wikan Ki Jayengraga.
22
Jayengraga celur ulatneki, api nora ameke basaja, tumungkul sarya angliring, dadya perang andulu, keneng guna kusuma rai, kepyaan Ki jayengraga, Ni Warsiki kanyut, atine muksa bayangan, aglis manthuk ing wisma nibeng gaguling, apipuyeng alara.
23
Ni Suwarsa pan wruh nayeng lungit, yen arinira angluh alara, smang marang tetamune, aris denira muwus, lara paran ta sira yayi, sapa anambanan, apalih dhedhukun, wikan yen hedhukun lanang, depun cewel arine anyewel malih, rame agagulaten.
24
Sampunnya dhahar adan aguling, Ki jayengsmara lan aranira, ni rangdha alon ujare, lah kaki anakingsun wartanan denira kaki, marmanira nglelana, shaing wisma maskun, sumaur Ki Jayengsmara, angulati wangsa manira pawestri, ical ing pagugulingan.
25
Ing lungane sadyane ruini, darmanira nora na uninga (hlm. 42), kesah kalih pawongane, sampun manira susul, sing negara norakepanggih, angres rangdha Tilarsa, ngerengen waranepun, lah ta nyawa asareya, mene dalu lah taawungua malih, lah nyawa narebanga.
26
Areman ingsun angrungu sangir, ing kina dok ramanira gesang, remen yen anggembyong sore, lakinira den tutur, doking kuna dhatengan pekir, santri aperabatan, Jayengsmara muwus, bibi paran kang rebat, Ni Tilarsa anutur wencana manis, lah nyawa leresana.
27
Wajib titiga kang den rasani, wijibina Allah lan Rasulullah, lan mukmin iku wajibe, mwang muhalepun, lawan malih wenanga iki, ramanira angucap, wajibing Hyang Agung, anane langgeng tan owah, sashipate tetep ing dzat datan gingsir, iku wajib ing Allah.
28
Muhal ing Allah yen kena mati, pepadha kelawan anak-anak, apesing Hyang muhal kabeh, mengkana wenangepun, anging Allah nenggih puruki, purba misesa jagad, angrusak amyangun, akarya sakarsanira, Jayengsmara wuwusira amisinggih, bibi atut mengkana.
29
Ki santri nyawa anewalani, nenggih iku wajib mungguh ing Hyang, andadekaken jagad kabeh, muhal iku yen wurung, ing wenange dene lastari, kedadehaning jagad, Jayengsmara muwus, salah bibi yen mangkana, wenanging Hyang den arani wajibneki, dadya idhepe salah.
30
Ki Jayengraga amuwus aris, akathah kakang wong kang mangkana, den ramji pangawikane, karane akeh luput, pangucape tan mawi dalil, dadya angangka-angka, yayi wancinepun, ing mindha nora kundur, jaman mangkin akeh kang wong jail ilmi, mider amrih pasilan.
31
Wajibing rasul lah kadi pundi, anakingsun nyawa ucapena, sapuranira den akeh, mwang kadi pundi muhalepun, lawan malih wenange nabi, lah nedha ucapena, nyawa anakingsun, lah wajibe mukmin pisan, mwang muhale lan wenange iki kaki, sira amertanana.
32
Wajibing Rasul nenggih puniki, amertaken sabdaning pangeran, abener (hlm, 43) ing wartane, puniku kewajibepun, ana dene muhale Nabi, kelamun agoroha, wartane puniku, muhal yen cidraa, ing jaize wenang sakit lan mati, bibi pamiarsengwang.
33
Anan dene wajibe wong mukmin, angestaken sabdaning pangeran, wartane utusan kabeh, pardhu jenenge iku, lampahena ing zahir bathin, saolahe sarengat, punika den ketung, muhale purba wasesa, ing jaize wenang rusak lawan mati, manira amiarsa.
34
Ni rangdha ika papoyan aglis, ing kina nyawa ana Rubiyah, wekasan ngucap mangkene, yen wong amuwus, atanya ing sira tah nini, apatah Islam sira, para sauringsun, angucapa Islam salah, Ni Rubiyah iku nora amisinggih, iku kadi punapa.
35
Ki Jayengsmara amuwus aris, atut salah bibi yen mangkana, ingaran syak ing Islam, ngucap insya’allahu, ing panggawe kang dereng yekti, kadya wong asembahyang, bibi saminepun, hukum Islam tan mangkana, ing yektine hukume wus den linggihi, dadya tan wenang syaka.
36
Ing salahe bibi kari wuri, karsaning Hyang bibi nora wikan, ing polah iki jatine, punika salehepun, Ni Bok rongdha mangkya nauri, nyawa maniran nedha, utamaning laku, lah ta nyawa agulinga, Jayengsmara aglis, sinungan gaguling, lah nyawa asareya.
37
Ni Warsiki dalu tanpa guling, Jayengraga kacipta ing nala, katon spari polahe, tan kena sinalamur, depun samun katon ing ati, kwir driya pinandam, tan kena aturu, Jayengraga tan asiha, pasthi ingsun mati sedhih tanpa kanin, yen sira tan asiha.
38
Sireping janmi pra samya guling Jayengraga ika pinaranan, teka linggih ing sandhinge, aris denira muwus, awungua kang Jayengraga, lah ta usadanana, kakang laraningsun, sasat anguripi pejah, depun tulus sihira mara ing kami, Ki Jayengraga.
39
Ki Jayengraga angling ing ati, mangko tah (hlm. 44) baya ana bencana, mingsar-mingser asung anggen, angling ing kalbuningsun, kaya apa tah ingsun iki, mandah weruha si kakang, paran polahingsung, sedalan winarahan, jayengraga den tutuh sariraneki, anging sun kapakena.
40
Dadya karsane mangkya ngecani, lah mintara yayi maring wisma, tan angrasa yen ig kene, sang rara nulya mantuk, Jyengraga tansah ing wuri, sarya kakanthen asta, Jayengraga rawuh, sira mangking pagulingan, depun rangkul sang rara den bisisiki, mangke ingsun papoyan.
41
Karana manira tan arabi, dene manira adarbe lara, tan samnya lan wong akeh ingsun lama tan payon, wus akrama tinilar estri, dene adarbe lara, ketang werangingsun, nora jaya ing wanita, Jayengraga bisane sarya anangis, meneng sangdyah karuna.
42
Sang rara ika amuwus aris, lah ingsun iki wus pisakena, lamaren saking sukane, lamun binjang wus temu, lah si biyang bisa nambani, yen nora tah beyaha, suk kawinen besuk, sanadyan nora nukua, Jayengraga anyipta wuwusira amisinggih, ing binjang lah sun lamar.
43
Jayengraga anuksma ing ati, manira mangke agagujengan, anutur ing pawartane, kang wus tumakeng laku, nenggih kina ika wong luwih, nora panggih syah wungga, yen ana den dulu, den cekel astane kiwa, Jayengraga anyipta tunggaling urip, dadya sang dyah kentaka.
44
Angres manahe Ki Jayeragi, tumingal maring sang dyah kentaka, tan sipi wau welase, nora panggih salulut, Jayengsmara kang den ajrihi, pan lintang sungkemira, dhateng rekanipun, anendhal wastra sampiran, den ulesi ingapit-apit gaguling, kenas Ki Jayengraga.
45
Mangkana malih Ki Jayengrasmi, Ni Suwarsa cinipta ing nala, raras ing jro supenane, angipi apulang yun, Jayengsmara katon ing wengi, ngerowangi sacumbana, Ni Suwarsa lulut, kena ing asmara nala, karanepun (hlm. 45) anglilir-lilir kepati, rarasing jro swapena.
46
Meh raina semu bang Yang Rawi, Jayengsmara lan ki Jayengraga, arsa lumaris prayane, bibi amit katengsun, muwah yayi katuna kalih, anedha panembrama, utang manira gung, bibi mangsa kawelasa, anauri ni rangdha wencana manis, lah sampun age lunga.
47
Anginepa nyawa den alami, arinira karo kunen sanak, malar dadia kanthine, bibi nedha katengsun, lah ing beijang manira wali, yen prapteng Ardipalwa, punika yen kontung, dene mangsa alamia, anauri ni rangdha wancana aris, poma nyawa balia.
48
Lah ni rara atangia kalih, kakangira nyawa mangke lunga, dingaren sira mangkene, baya lara nakingsun yen alara sun tetambani, kalih samya ngelong jiwa, paran kang dera nglung, angelung tungtung manira, dera tangi eh bibi eca aguling, dadya puwara lara.
49
Paran kang den baktaken nini, kakangira nyawa sangonana, sap tangan sungana jambe, lan dhastar sebe wungu, baktaken kakanta kalih, muwah dadahe pisan, lawan burat arum, lisah loloh lan kalembak, amintuhu sang rara asemu tangis, dhuh paran polahingwang.
50
Injang mintar saking wismaneki, sang rara kari kantuk ing tilam, samya sungkawa polahe, samya kamugeng kahyun, lwir kasebet pengawe sari, angga muksa bayanga, arine amuwus, si kakang asmu karuna, nora wirang wong amoyang den tangisi, sira uga pan iya.
51
Ni Tilaras lengleng driyaneki, sing kang den cekel muksa ing tangan, semang dening tutamune, anakepu den rangkul, Ni Suwarsa asemu tangis, ramanira tumingal, angres sira dulu katuwon Ki Jayengsmara, kaningaya tan arsa ginawe kanthi, anggur aja mampir.
52
Muwah sih malih Ni Ken Warsiki, salunganira Ki Jayengraga, lengleng mangu tanpa gawe, tenunane den pangku, Jayengraga kacipteng ati, lir melu katenuna, pan sasenteg (hlm. 46) mangu, tumurun aucul tampar, dedalane kang lunga depun tangisi, kepyan rangdha Tilarsa.
53
Ni Tilarsa waneh kuntrang-kantring, milya semang tan kena ing pangan, tumon polahe anake, sarirane den tutuh, telase Ki Jayengrasmi, ing wau sun gubela, sarywa ngusap ing luh, suka cacadening jana, salungane ing wuri kari prihatin, sun sidhep tan mangkana.
54
Ana parnah sanake sawiji, karsanira mangke pinaranan, dhukun Robaka wastane, wingi ingsun angrungu, arinira nenggih pan sepi, nora na kang apajar, yen lunga andhukun, Ni Sukeling apepoyan, Ki Wahuda anenggih lara kepati, menawi mangke prapta.
55
Ki rubuka ika aglis prapti, tiningalan kakangira prepta, arsa medhuna karsane, nulya anapa gupuh, kakang rangdha punapa kardi, amemarasi darya, kakang teka gupuh, lah ta kakang alinggiha, anauri ni rangdha wencana aris, sarya ngusepi waspa.
56
Ki Rubuka ariningsun kaki, anakira Ni Suwarsa lara, asudanana den age, lan Ni Warsiki iku, kantakane sadina iki, kaya wong kena guna, teka lengleng mangu, wingo ongsun dhedhayohan, wong amoyang awasta Ki Jayengrasmi, lawan Ki Jayengraga.
57
Ki Rubaka semu ujar lungid, kakang rangdha kaya apa sira, denira among ing rame, saking panarkaningsun, anakira sampun apanggih, lawan tetamunira, Jayengsmara dangu, anging ingsun nora wikan, sun tarkaa manawa nora sayekti, mesem Ni Bok Usada.
58
Nanging sih yayi Ki Jayengrasmi, lintang ingsun dening aparcaya, yen sun dulu zhahire, wikan ing bathinipun, sesolahe wong jatmika, tindak tandukepun, sumaur dhukun Rubaka, aywa tungkul kabisan dadaya lingaling, dening amrih kandela.
59
Balike yayi Ki Jayengragi, rare anom tur rada pathelang, katuring ulat guyune, saking panrakaningsun, anakira Ni Ken Warsiki (hlm. 47), rowange urip tingal, Rubuka amuwus, nora linyok ujaringwang, Ni Warsiki semune katoreng wadi, polahe wani priya.
60
Kakange mangke den papoyani, kakang rangdha manira saloka, ing wong estri wani wong len, wonten salokanepun, anadene pinet pralambi Srandulu Wikridita, ing salokanepun, asasiwo lawan macan, yen tungkula temahe den kadhemeki, meneng rangdha Tilarsa.