PUPUH I
DHANDHANGGULO
01
01
Bismillahirrahmantirrahim,
wong angripta atembang artati, anglengkara wong angapus gita, tan
patut lan yatmakane, dening wong mudha punggung, cumanthaka paksa
kuwawi, kewala sung paguywa, nira kang wus luhung, wonten janma
linengkara dyah susela warnanira ayu luwih, wasta Ken Tambangraras.
02
Tambangraras
tansah brangta kingking, kasaputan betaning manah bawa, lawase tilar
kakunge, anembang pangan turu, yrn raina anggung prihatin, raga anggung
asmara, angging den selamur, cihnawe wong among karsa, warna angling
jiwa tandhane prihatin, sinamun ing asmara.
03
Sampun
lingsir, Sangyang Swandagni meh sumurup tungganging ancala, ternalate
samya sare, Sangyang Arka sumurup, Tambangraras mangke ginupit, munggah
ing pagulingan, ing sakapat arum, asare kalih pawongan, kakungira kepi
ngeruwangi guling, ngipi pulang asmara.
04
Karagan-ragan
swapenaneni, angrok asmara apulang raras, rageming jro swapenane,
kadya duk uripipun, ing jro swapena apulang rasmi (hlm. 1), leliwatan
den tilar, meh prapta ing kayun, kagyat dening wong anggentang,
sanglilire gaguling den sungkemi, Tambangraras karuna.
05
Dennya
anangis anjerit kapati, awor lulu ting asmara nala, rageming jro
swaapena, bantal teles dening luh, penangise angler sundari, sesambat
lir taluktak, tangise ambarung, sinrang lan krosoking toya, panangise
tan pindah swarane, oreg anggepok parang.
06
Tan
pindhah bremara ngusweng sari, aneng tawang tangise raras, asor kang
madu manise, sesambatnya mlas ayun, amumpuni kang sarwa sari, tan
pindah madu brata, kalatya mangun yun, lawase dyah jrone pura,
penangise katon langene jro puri, duk jinatening tilam.
07
Pawongane
iku matur aris, paran marmane sang dyah karuna, ayun wruh ing
darurane, suwapenane tutur, gustinira babu Centhini, ing wau kaswapena,
ngruwa ing atur, teka ambantali asta, sraya ngayuh madya tur angaras
pipi, marma nangis karuna.
08
Tigang
warsa kirang kalih sasi, patilare babu gustinira, during katon ing
pangipen, balik duk uripipun, lamun lunga ing wengi kepi (hlm. 2),
angirimi asmara, babu watekipun, anging wau kaswapena, lelewane kaya
saban duk aurip, marmaningsun karuna.
09
Gustine
mangke den pituturi, sampun panjang pinreming wardaya, yekti luluh
puwarane, balikan sinalemur, depun tulus pamrataning ati, akewet wong
dadi edan, dening manah nglampus, sinamun ing brangta mreng Hyang,
sinengker tan birahi maring Hyang Widi, rena satitahing Hyang.
10
Meneng
sang dyah anuksma ing ati, amiarsa ature kawula, amicareng jro
driyane, aris wijiling wuwus, mengkonoa babu Centhini, polahe
gustinira, kadya amamungu, polahe brangta angarang, awak ingsun mangsa
gagapa basuki, angur matiyeng wana.
11
Lampusing
manah atemah brangti, arsa tilar sireng kawibawan, anggangge tambal
karsane, Ni Centhini winuwus, asalina bawa tah nini, lah lunga
angrubiyah, sun tilar bapebusun, ataki-taki, lampahsun, pepareb Ken
Rubiyah Selabrangti, sun lunga anglelana.
12
Cangcalane
twas lan anggung brangti, marteguh kesthi westining angga, lucita
tinemu rehe, marmane anggeng wuyung kagrahita ing manah rusit, ing
mangsa murgedha twan, kerwan ngangken tanu, apakara ing kawiryan,
kewala santa pangringing-ringing ati, marmarening antara.
13
Adan
mintar sira majing sasi, wus angganggya tambal tinambalan, mintar den
cangking kaskule, kalih tatiyangepun, nora etang yaya bibi, muwah kang
wong sakadang, donya nora ketung, lungane apekarasan, Selabrangta
kesahing tilar rarepi, lampahnya majang wulan.
14
Lepas
lampahe Ni Selabangti, anglampahi parang jurang sekan, nora kandheg
ing lampahe, larinya lon andayung, nora etang durgaming margi, marga
tan kinabayan, dening manah ngelampus, merak munya kidul kilen,
panguwunge lir rena amituturi, kadya ken awangsul.
15
Panjriting
wana (hlm. 3) munya tri, Kidang Menjangan samya srang-srangan,
Bantheng jejawen rowange, mung Warak lawan Senuk, bal gedaba kelawan
Bawi, ramya samya subawa, ing pangidhepipun, yen wonge kadya anapa, lah
bagya dingaren, kampir teng riki, Selabrangti graita.
16
Ken
Selabrangta angling ing ati, aningali badhagan wurahan, nora gingsir
ing manahe, lir janma idhepipun, ing semune kadya mangsiti, byakta sira
nambrana, ing pangadhepipun, tan akarsa kira-kira, yen during wruh
polahe sajrone ati, kumambang karsaning Hyang.
17
Marga tumurun titisnya terbis, jenjrem kasrambing sewala, kaumukan dukut mure, prapteng walahar ageng, panimpangan
durgameng margi, galintungan ing sela, sinaput ing lumut, udaka adres
garuntal, parang rejeng ing tepi curing angringin, sek tuwuhing
cindhaga.
18
Kidul
kile pagagan sumyak swaraning tunggu tanduran, karungwa mandra
jelungan, ramya sinrenging wijung, tan pantara kukulan muni, parenhg
lawan taluktak, lan sorak aumung, kewran Ni Selabrangta, kang kaesti
punika rasaning pati, ing twas ngesthi durgama.
19
Riniring-niring
datan kariring, karungrungan arungrung tan kintar, amireng wong tanpa
gawe, mongmomg ing sipta ngungun, anggonitang anggeng prihatin, titir
katiban warsa, datan kena jinum, jumput panjrahing rudita, kelawen-lawe
puspita mwang kang sari, lali tan wringan maka.
20
Jurang
sangkan tanjeg aneng margi, Cemara geng-geng sumyak kanginan, Kungkang
munya ngerung arame, sih raina sumunuh, Yang Aruna nalika mijil, mega
abang sumirat, alangen dinulu, byakta jingga teturuta, tiningalan
asawang wastra manjethi, rinengga ing kanaka.
21
Saka
matyan Yang Aruna mijil, wayah bangun rarasing tumingal, manahe
anggeng wirage, angimbuhi atanu, rarasing twas anggeng akingkin, yaya
upamakena (hlm. 4), warnane dinulu, wijilira Yang Aruna, kadya netra
inguga apulang rasmi, kataman dening priya.
22
Sawijile
saking desa Wadi, anuju kaleka mangsat kappa, tanggal ing dalukartine,
sinungsung dening kang rum, pinerem mangke warnaning sari, mekar
dangune lirang, anjrah sekaripun, rinubung dening jarahan, amrik
minging gandaning jangga kasturi, mangeh Ni selabrangta.
23
Salangkah-langkah mandheg pan sarwi, tumingal maring langen kadriyan, amungun brangta rarase,
we raksa pada palu, mung Saryalata adan asemi, titir katibe warsa,
kang pepeteng alas gung, marga sumare sewengka, wuryane marga kadya
angrujit siti, inggar kadusing warsa.
24
Ara-ara
lurak lir jeladri, andedel tuwuhe kulampiyan, pacing anedheng sekare,
Sembung awor singgugu, puspa Limbak lan Sanggalangit, kaselan wraksa
praba, dukut merak agung, anerasah adan-adan, kakayone Wayha lawan
Pedhali, lemah lebak galintang.
25
Antya
langene kang aneng marga, panjrahing puspa tepining jurang, Srigadhing
abra sekare, Tanjung Cempaka wungu, munggeng ken sekar Tengguli,
Bakung tatar awarsa, anjrah sekaripun, Angrik lawan Mandhalika,
sungsung guyup amilet lawan Wedani, tinon yaya ing surat.
26
Pakis
sata tinon yayang tulis, alangu tuwuh tepining jurang, Seruni kuning
rupane, kelayan Pacar banyu, Kembag sore lan Gandasuli, tirnon abra
asinang, weneh rakta dadu, ana jingga teturutan, tiningalan asawang
wastra tinulis, tinon agawe rimang.
27
Anggeger
punang puspita ngrawit, Kanigara mekar kapawanan, Priyaka nedheng
sekare, tino asri alangu, puspa sinang anglaying bumi, kang sela
semayana, awor lumut-lumut, Bramara munya liweran, asrang amyang awor
swaraning Sengkuni, kadya ken araryana.
28
Pararyane
antya tuhwa ngrawit (hlm. 5), sauring angsana abra kang sekar, ruruh
sumawur sarine, lwir wasa kencana rum, pindha-pindha warnaning sari,
lir langsi langsing tilam, ing apulang luluh, sabpada ingsep sekar,
pangrengihe kadya sambate anjahi, sajroning pakasutan.
29
Ni
Centhini mangke angaturi, tan pantara ature kawula, Ni Nyai nedha
areren, arsa ngremaken suku, Ni Centhini angasih-asih, arsa nginoma
toya, ika karsanipun, baya tembelah lumampah, tanpa turu sawengi
angesthi pati, mesem Ken Selabrangta.
30
Sangken-sangken
atut iring-iring, pringga jro serambaning katernan, tan ana sabeng
wuryane, asanepa marga gung, pinimpangan resik aradin, tinetahing
lumampah, sang brangti alungguh, ing sela abning rejasa, mangu miyat
satpada angringing sari, sarining sara sijya.
31
Pandan
rangkang ing parang awingkis, pudhaknya nem weneh angudhadha, byakta
wentis kumelab, pangoling jangga lumung, amilet ing wirana denti, molah
dening pawana, la si embannya muwus, arerasan ing cipta osiking ati,
mangeh Ni Selabrangta.
32
Ararywan
mangke Ni selabrangti, alinggih ing sela sumayana, sarwasa denira
reren, alinggih amangun yun, madya anglih angrus angrawit, asindua ing
sela, angimbuhi ayu, pawongane atur sekar, ing karsane caraka pan amut
brangti, sang dyah asesumpinga.
33
Sang
dyah asumping sekar Warsiki, Gambir inganggit kelawan Noja, Wiraga
munggeng gelunge, tumurun maring banyu, dipun wawas warnanireki, mangeh
Ni Selabrangta, sekare den racut, ayu emane tan dermat, tanpa ngrasa
sarira awit aurip, baya leheng pejaha.
34
Alinggih
mangke tepining beji, mina mijil asrang aliweran, ana pa ing
pangidhepe, mina asrang aselur, asrang-srangan sang mina mijil, kadya
yun anambrama, ing pangisthinepun, Pakung amaraking sela, delenya ngolong yen wonga ngaturi maring Ni Selabrangta.
35
Aliyangan
ing parang tumawing, respati (hlm. 6) sarya angapus sekar, menggep yen
tipan warnane, tenggeknya gelunging gadhung, wastra lungsir kang den
waoni, asindua ing sela, angimbuhi ayu, pantes yen agawe rimang, lesu
lah wong masayung aluwung brangti, mangsa inggua.
36
Kalaswan
mangke Ni Selabrangti, asare ing sela sumayana, sakeca denira reren,
kasongan andulu, tirta muncar ilinya wening, mijil saking patala,
swaranya kumrusuk, ririse ana ing tawang, angrerengih Bramaranya
ngusyang sari, lwir, kakung mriyembada.
37
Ambarung
punang kitiran muni, Derkuku munya sauran, kukila kadya asengseng,
Kepudhang munya celung, mincok ing pang ing tarurasim, Cukcak mreking
wohan, polahe ataliksik ing pang, sajalwestri ing tahen angarih-arih,
lwir wong arabi anyar.
38
Umyang
gumuruh swaraning paksi, Kapudhang kadya anabuh kendhang, Junggareret
lwir kangsine, Kukila kadya ngedung, paksi miyak kadya nuhling, Cucak
kadya ngamanak, Cabak kadya ketur, ingigelan ing Manyura, paksi Jalak
amgalak kadya guyoni, Cicica latah-latah.
39
Awurahan
swaraning Sengkuni, Srigunting kadya adarbe karya, polahe byakta
kakre, paksi asrang aselur, lwir kundangan pangidhepneki, myang
angundang-undang, Pencuk wus alungguh, Pelatuk asewagara, kadya mamut
sulindhit angeladeni, garba anapeng bangsa.
40
Asrang
Kuthilang Gelatik muni, kadya sawala wiring lan besan, murine kurang
tukone, Jalak lan paksi Jiung, umek ramya kadya jaksani, lwir akon
agadhea, Bebeluk marengut, kadya jogging palinggihan, paksi Johan miber
kadya wong apurik, lwir amedal pasilan.
41
Paksi
Dhangdhang lawan Gedhaweki, Rongkok Bondhol lawan kalinglingan, Puyuh
Badhegul lan Bethet, Punglor lawan Dalemok, Kakadhalan manuk
maningting, cetah urung-urungan (hlm. 7), Jejodhok lan Jangkung,
swarane samya wurahan, arak-arakan sata wana kang den iring, kadya
asrah tamanan.
42
Geger
gumuruh swaraning paksi, kadya sawala ing panginuman, Bibidho ulung
lan Dares, alap-alap pitutur, paksi miyak ajerit-jerit, Minco
asurak-surak, kadya jaluk tulung, Cabak anabuh gendhongan, Sesikatan
kadya wong asikep rangin, kadya wong atetandang.
43
Kagyat
awungu Ni Selabrangti, amiarsa paksi awurahan, papunggung lengleng
driyane, pan wus washiling semu, paksi ika kadya ngruruhi, polahe
brangta mring Yang, prapteng gon aturu, angur aja ngelonaha, tekeng
paran napsune den kuranteni, kadya angucap mangkana.
44
Tumurun
asris Ken Selabrangti, arsa ngambil suci asembayang, ashalat ashar
karsane, Ni Centhini pan tumut, wus angambil er pangastuti, arsa tumut
ashalat, ku karsanepun, sampun ambabar mushalla, depun pasang ing sela
gennya ngastuti, sampun angangkat kamat.
45
Anjeneng
sira anjum pangesthi, kang madheping liyan sinangketan, tan menge ing
liyan tingale, kapti anunggal kahyun, wus abener pengadegneki, umadhep
maring kiblat, punika kang pardhu, kalbune madhep ing amar, wus rumasa
yen kinon nembah among, sembahira wangsulan.
46
Angangkat
niyat Ni selabrangti, kashdu taarudh ta’yin wus kuwyang, ing jro
lekase sembahe, pareng lan takbirepun, aksarasdha kang den parengi,
cipta dhatenging nama Allah ingkang agung, ihram maring kang sinembah,
sampun mi’raj semabahe datan kalingling, anging ananing purba.
47
Munajate
sapocapan iki, sakehning puji kawilang-wilang, punika pinakture,
lisane dasih iku, pan kinarya lara pan puji, singgih anebuting
priyangga, ing pralambinepun, iku sembah kang sinihan, lwir punapa
marga ing tulupan iki, denya muji anembah.
48
Denya jenenge ika tubaddil, apan tegese tubaddil ika, gaganten kandhih sembahe, kalimput ing (hlm.
siddhi luhung, dadya sirna sembahing dasih, lir sudama lan surya, ing
pralabinepun, sapandulon lawan arka, ing keleme sudama tan dadi rawi,
iku sembah utama.

49
Wiyose
takbir saampun kaesthi, amaca wajah Ni Selabrangta, den adhepaken
kalbune, ing pangeran kanga gung, kang akarya bumi lan langit, sunat
wajah punika, patihah kang pardhu, amiwiti nebut nama, ingkang murah
ing dunya asih ing mukmin, ing tembe ing akhirat.
50
Alhamdu
iku sampun kaesthi, sakehing puji katur ing Allah, pangeraning ngalam
kabeh, kang murah ing dunyeku, ingkang asih sakehing mukmin, ing tembe
ing akhirat, iya iku rat, ing biinjang hari kiamat, kang sinembah
ingkang pinalampahan sih, sakehing kang sinihan.
51
Singgahena
dedalan Kang rusit, tuduhena marga kang apadhang, den kadya ing
dedalane, kekasih tuwan iku, para nabi lan para wali, muwah para
nabiya, away kang kayeku, kawula kang pinurikan, wong dhalalat kawula
tuwan bendoni, tan tuwan tarimaha.
52
Wiyosing
patihah sampun kaesthi, amaca ayat Ni Selabrangta, sunat punika ayate,
rukung ika kang pardhu, mangke rukung Ni Selabrangti, angapesaken
anggo polahe anuhun, alpa lenggana maring Hyang, yen tan tulus
apuranira Hyang Widi, mangke tadhah mustaka.
53
Angangkat
sirah Ni selabrangti, lah tuwan uga kang amiarsa, dasih punika ature,
asujud tan asantun, anrehaken anggoteki, ingkang sapta prakara, den
sartaken iku, anggaota kang minulya, den srahaken lwir toya sekaring
ardi, kewut maring segara.
54
Angangkat
sirah sarwi alinggih, thumaninah ing linggihe ika, rena sukur
satihahe, lan aprecaya iku, kang asipat pangapureki, sujud ping kalih
ika, kadya kang rumuhun, anjeneng mimi rakaat, sampun jangkep kang
kaping kalih, mangke atetah awal.
55
Sunat
abngadh punika jenenge puniki, tahyat awal mangke kwruhana, tetiga
mangke kathahe, sunat abngadh puniku, yen kelalen asujud sahwi, kocap
ing dalem surat, den wruh jatinepun, lungguh tshyst lsn salawat, kang
punika (hlm. 9) pan kangken abngadhireki, jangkep tigang perkara.
56
Ajeneng
malih arsa miwiti, rakangate kang ing pungkur dhawak, kalih rajangat
kathahe, ing shalat ngasar iku, pan sekawan rekangatneki, sampun
jangkep sekawan, maka tahyat pardhu, nem prakara pardhuneka, linggih
tahyat shalawat kelawan tartib, niyat kelawan salam.
57
Ambuka
salam Ni Selabrangti, salam ingran pambuka shalat, pardhu kang
munggeng kanane, ngalekum wangenepun, sunat mangke salam kang keri,
sampunira asalam, amujeteng Hyang Agung, amaca tasbih lan donga, tan
aseru dongane osiking ati, ing sembah utama.
58
Wonten
pangandika sang dutadi, amarsa swaraning amujya, dening sanget
swarane, sang dutadi amuwus, away sira sanget mauji, mapan pangeranira,
wus asedya ngerungu, wruh osiking panarima, nora tuli asipat samingun
basher, marmane kadya ika.
59
Ni
Centhini adan denya takbir, twasnya lemut dening pancadriya, takon
saolah bawane, den lingling driyanepun, ushalline awali-wali, denya
angangkat niyat, ing patitisepun pareng tibane aksara, ing ihramane
asuwe amijet ranti, iku sembah utama.
60
Kang
saweneh sembah tan wreng westhi, alon mijil ing lisan kewala, tan wruh
ing sunat pardhune, rakangate datan wruh, sakaryane kacipteng ati,
katon gawang-gawangan, jrone baktinepun, kaya giage wusan, karsanepun
angayun-ayun kandhuri, ika den arsa-arsa.
61
Lawan
sembahe ingkang sepalih, ye ngabakti sapisan kewala, tan wruh ing ala
becike, lisane sasar susur, tata lapadz kang den kawruhi, suanat
pardune ika, mapan nora weruh, tan ayun atata kena, iya ingkang kena
sembah cempaling, marmane kadya ika.
62
Den
warnanen polahe sang brangti, Ni Selabrangta angayut karsa, tan den
marmaken tuwuhe, lumebet ing alas gung, tan atebah nimbok Centhini,
pinaka rowangira, tanseng (hlm. 10) wurinepun, angayut amegat tresna,
amateken raga sadurunge mati, kumambang karsaning Hyang.
63
Wrat
meweh ing parangnya arumpil, sela gung ika angapit marga, toyanya jog
gumarenjeng, tibeng parang semembur, winya wening lumutnya welis, ing
pinggir Mandhalika, arok Pacar banyu, paksi angundhadheng sela, wuluh
lumung ing parang lawan ampiji, Wilaja mangalasah.
64
Pring
sadhapur munggeng kanan keri, gesing dumudul lumung ing toya, Cindaga
pundhaknya ngure, akiswa aneng watu, Pakis ana ing tepi, kasongan
wraksa praba, sinomnya susunuh, danguning andong ambabar, Sanggakasa
ing parang awor Taluki, mayang lagya ambabar.
65
Wreksa
ik angungkuli margi, wrinya wurahan amangsa waohan, wut lutung ika
rowange, arebut mangsanepun, kang saweneh ing pang alinggih, amangsiti
rowangnya, yen ana wong rawuh, rowange wus samya prapta, Ni Centhini
tuminggal mesemi ing ati, sato aidhep janma.
66
Araryan
mangke Ni Selabrangti, sasoring puspita bra kang kembang, mrebuk wangi
gandhane, alinggih amangun yun, aliyangan ing parang asti, sarya
munggel puspita, panalemur wuyung, brangtane saya krasa, Selabrangta
mandheg denya ngringring sari, katon kanga sung brangta.
67
Suwe
tah wau denya alinggih, Ken selabrangta amangun ehal, ing guwa gennya
areren, tapa goling yen dalu, yen raina tan kena bukti, asru brangta
maring Hyang, angujareng napsu, wus lali ing jiwaraga, sampun leash
sarirane den larani, wus amindha kunarpa.
68
Angrupek
idhep wus amatitis, pucuking grana kang tininggalan, among den raksa
napase, tan sinungan kasurup, majing medal tan kena lali, pujinira tan
pegat, tapekur alungguh, ngalam sakawan den jajah, tan kalirup prenahe
sawiji-wiji, iku sembah kang madya.
69
Ngalam
nasut ingkang karihin, iya ngalame manusya, sarengat tata kramane
(hlm. 11), pindho ngalam Malakut, kang den tarik minging ing ati,
madhep ing Hyang tan luwar, kaping tiganepun, Jabarut wastane ngalam,
iya iku alame roh kang utami, pujinira tan pegat.
70
Ngalam
laut ping sekawaneki, mapan pasabanira kang wus man, wus lebur tata
kramane, nora na kang tinutur, jiwaraga nur kesthi, suh sirna tan
wratmaka, tan ana kaetung, sampun katilar ing tingal, ing jumeneng
punika nora kakalih, anging anane purba.
71
Sahing
raga anirnaken kapti, warnanira amindha kunarpa, among kari kaketege,
Ni Centhini andulu, dahat sira denya prihatin, gustine mati raga, tan
wreng polahepun, kari kaketege kewala, Ni Centhini gustine depun
sungkemi, asru denya karuna.
72
Anglilir
mangke Ni Selabrangti, amiarsa swaraning karuna, den awekaken astane,
aris wijiling wuwus, aywa nangis babu Centhini, lara apan kinarya, aja
sira wuwus, pan sinedya saking griya, Ni Centhini gustine depun aturi,
Ni Nyai lah mantuka.
73
Kadya
ta wong nguyahi jaldra, atur kawula ing pakanira, anedha tapa ing
rame, anguninga wagtu, depun teteping pangabekti, saolahe sarengat,
punika den ketung, alinggih ing arah wenang, batal haram den wicara den
astiti, lampahe ahlul iman.
74
Mapan
wonten panutaning istri, Pathimah putra Nabi Muhammad, punika tinut
lampahe, satya tuhu ing kakung, wus temahe estri alaki, winangun dening
priya, sampun kramanepun, kang rama nabi Suleman, kang ingaran wuryan
punika asmawi, tinilar dening priya.
75
Ni
Selabrangta amuwus aris, babu Centhini sira muliha, maring Wanamarta
age, warahen wangsaningsun, muwah maring ramebu kalih, lamun ingsun wus
pejah, poma depun katur, lan sira amardikaa, away melu lara
mastapengsun bibi, mantuka maring griya.
76
Nanging
kang ketang deningsun bibi, akewad sihe babu gustinira, duk gennya
urip bangiwen, akewed sihe maringsun, dadya ingsun arsa ngebakteni
(hlm. 12), malar duluren ing Hyang, babu away melu, mantuka maring
wisma, angungsia wong sakadangira bibi, pan sampun amardika.
77
Panjalukira
ing sira bibi, lamun ana ghalath ghapil ingwang, sun jaluk suka den
akeh, muwah malih sireku, lamun ana alpanireki, suka isun ing sira,
iwuhing tumuwuh, menawa kalangen pejah, den karungan ijab kabulira
bibi, samya halal ba halal.
78
Ni
Centhini tumulya nauri, wijiling sabda asru karuna, dening tan kedhep
ature, punapa penedepun, atilara pakanireki, tan satyeng pakanira paran
marmanepun, Ni Nyai dumeh punapa, gusti asih tur amemarahi ngil, tur
asung paprdikan.
79
Nadyan
lebur den kadya warih, mangsa tilara ing pakanira, pan puniki
tampakane, tinuting satya ayu, ingkang sapa muruk ing ngilmi, ing
aksara sakecap, maksud dadi guru, sing murtad ing patakenan, sinung
jajal dening Hyang sakawan iki, aneng jroning neraka.
80
Linaleken
ngilmune yen mati, ingalapan dunyane kang halal, ping tiga cendhek
nguruye, punika dajalepun, sakawane besuk yen mati, aneng jroning
neraka, manira angrungu, sing murtad ing patakenan, Selabrangta padane
sungkemi, lang mangsa malecaha.
81
Ni
Centhini sangsaya sru ngiski, aptining amrih laksana, den lampusaken
ragane, malebet ing alas gung, yen alinggih sarwya adzikir, asru
brangta nireng Hyang, adoh paranepun, lampahe kalunta-lunta, Ni
Centhini saenggen-enggen birahi, Selabrangta neng guru.
82
Ni
Centhini tumulya ningali, babadan anyar angunggang jurang, tur sangkep
tetandurane, Kacang lan Tebu wulung, Tales cina lan kathah Uwi, winor
lan Kapas warsa, ing pinggiripun, pinangeran santen sara, tinaneman
Suweg sudha lan Kembili, ing pinggir Purwasata.
83
Papagan
ka asri angrawit, lor wetan Pantunlagya adandan, asangkep tetandurane,
Jali Jawalan Jagung, sinalisir lan Nangka wilis, Karuya payudara, ing
pinggiranepun (hlm. 13), Tales Bakatal Balungka, lan Jajawut Kakara Bengung Kacipir, waspa Jagung Kastela.
84
Ni
Centhini kacaryan ing ati, tumingal warnane tetanduran, kulan parnahe
wismane, lumaris lampahepun, nora ketang Nimbok Centhini, dennya mawi
wongwongan, dadya sirandalu, dudkuh asri pinggir toya, tustheng manah
ing paladadi, Manggis Duren lan Bawang.
85
Palagantung
buwahnya adadi, dhukuhepun Ki Syeh Mangunarsa, amukti tetandurane, Poh
gadhing ngambang banyu, Langseb wungglon angulilingi, Pocang
ababanjaran, Nangka pakem agung, jirek kelawan tambangan, Dhuwet
dhompyang Katela buwahnya adadi, Manggis lawan Samepa.
86
Ni
Centhini anakaken kapti, aptining driya ayun wikana, mangke parnahe
wismane, lumaris lampahepun, karsanira Nimbok Centhini, mangke yun
apapoyan, maring gustinepun, saksana sira tumingal, masjid alit linepa
sela endhani, natar kederan toya.
87
Tuhwa
resik sitinya aradin, pinaragi sela kakarangan, linepa bata dhasare,
kayoman dening Gandul, pinageran winacak Suji, andong bang, lan Mayana
cepuk, sekar tinata dewata, binanjaran Nyuh denta angulilingi, Ni
Centhini kacaryan.
88
Papacetan
ika tuhu ngerawit, jambangan cina rinaja wetha, ukir-ukiran umpakan,
angsok lawan Andol, munggeng keri sekar warsiki, kalaywan suminarsa,
tuhu sri anglangu, dhukuhe Syeh Mangunarsa, toya mijil tinalangan ampel
gadhing, tirta jinala tundha.
89
Nyuh
denta awoh andhap angrawit, kang kaselan ing Naga puspita, Kapuranyang
keh wul kile, sarinya gelar aruruh, tubing siti lwir wraksa rukmi,
warsikya andhap asekar, angebyaken rumrum, rinubung dening jalahan,
antyan lungit katiran jangga kasturi, amilet kawiletan.
90
Syeh
Mangunarsa ika aneng masjid, asembayang lawan santrinira, Ki Munthel
wastane, sampunnya shalat metu, ena linggih sireng (hlm. 14) surambi,
sarya amaca surah, Ki Munthel tumurun, anulya maring walahar,
tininggalan ing jawi wonten pawestri, Munthel tinatakenan.
91
Pasang
tabik manira ki santri, kawula Tanya ing pakanira, dhekeh punapa
wastane, dene asri dinulu, sapa sinten kang andarbeni, dening tuhu
kawuryan, Ki Munthel sumaur, singgih dhekah Wanantaka, Mangunarsa
wastane ingkang palinggih, wahid maksih taruna.
92
Ni
Centhini anulya awali, apatya matur maring gustinira, kalintang walang
atine, mangke serawuhepun, apepoyan ing gustineki, gusti wonten
pagiryan, tuhu sri alangu, singgih dhekah Wanantaka, masjid alit linepa
sela cendhani, natar kederan toya.
93
Kang
andarbeni wau neng masjid, asembahyang lawan santrinira, among wong
roro rowange, sampunya shalat metu, mangke linggih sireng surambi,
dodotepun kacang bang, kulambine alus, saemper kakung paduka, tasbij
wulung ikete caweni wilis, baya tah janma wirya.
94
Angaji
swaranya rum amanis, keh irine kakung pakanira, saking wuri lelewane,
ing tindak tandukepun, sesolahe pan angenteni, wadiyane puniku, ing
panedhaningsun, uliha gusti mangkana, Ni Centhini cinowel lambene
anjerit, muga matia bogak.
95
Ni
Centhini mangke angaturi, Ni Nyai daweg samya ararywan, tinilik
panatarane, saking panarkaningsung, sasamune rame ing budi, kyai santri
punika , ing panedhaningsun, dadya kadang kaliliran, baya pantes
rowange sabaya pati, mesem Ken Selabrangta.
96
Ken
Slabrangta mangkya ngecani, tumurun alon angowah sinjang, adan den
cangking kaskule, anandhang sebe wulung, kulambine caweni wilis, wus
tinambal ing sutra, anggangge salemut, wau tilasing awirya, Ni Centhini
tambalan limar ketangi, anandhang sabe pita.
97
Lumakwa
lon astane den kanthi, kadya semune asrah babadhan, wiring maring
(hlm. 15) pangerane, pan semune wong luhung, kang den telad de
taki-taki, nora angumbar tingal, warna indah ayu, menggap atasbih
karuba, warna wenes wedana asawang sasi, wau mentas kagranan.
98
Anjeneng
mangke Ni Selabrangti, tumurun alon anon waweca, lumayu angungsi
rejeng, paksanya ngungsi tuwuh, sinauting Taksaka aglis, lumaku
angurepan, sang brangti atulung, Taksaka malaywa tilar, Kongkang pejah
sang brangti grahinteng ati, leheng away tulunga.
99
Kalinge
ing sariri iki, wus pinasthi teka ingantaka, mangsa na tulunging
tembe, mangsa simpanging kahyun, nulya lengser Ni Selabrangti,
sumengkeng sangu waspa, adres wijiling luh, lagya nawang-nawang tingal,
atekenan saradenta mandheg anglih, arsa langening marga.
100
Dadya
anon ing manuk Maningting tumiling-tiling akirweng orang, waspada ing
panyandhake, kadya datan aluput, wus pinasthi baksananeki, on pejahing
mina, tan gingsir tinemu, saksana Maninting pejah, sinamber ing
Alap-alap patineki, Ni Brangta wruhing sipta.
101
Sayektinira
ing karsa jati, lengkep mapan dadya ing sukarsa, dadya saking
kawijine, laris denya lumaku, sumengka ing gegering wukir, anunggang
sang kadiryan, aluran kadulu, sekaring Tengguli wang wang, kadya tuduh
wrat meweh Ni Brangta kingking, anut marga sumengka.
102
Syeh
Mangunarsa wonten ing masjid, sampun wikan lamun adhatengan, ribiyan
indah warnane, sampun tumampeng semu, depun regep ing manah nepi, yen
ana cobaning Hyang, anedha pitulung, muga raksanen dening Hyang, santri
Munthel istingpare andhridhit, tumoning Selabrangta.
103
Selabrangta
kandheg lampahneki, tumingal Syeh Mangunarsa, dening amindha kakunge,
amicoreng jro kalbu, dadya emut sariraneki, yen kinarya tampakan, sing
karya yan tulus, angucap Ken (hlm. 16) Selabrangta, tan rubiyah yen
maksih angumbar liring, yen angrasa rumasa.
104
Dadya
lampahe ika lumaris, anjujug sira mara ing wisma, gipih sinangkraman
dene, Mangunarsa muwus, nehda mangke samya alinggih, sampun awet neng
natar, lamun sedya tulus, rubiyah angucap ing nala, Ki Syeh iku wuwuse
malang ateni, mambet bau anawang.
105
Aglis
sira pan samya alinggih, sampun sinung wau pamucangan, sarweca denira
reren, Mangunarsa amuwus, sabdanya rum mijil amanis, banggi wonten
sihing Hyang, atamihan luhung, angucap Ken selabrangta, tan wong luhung
duraka maring Hyang Widi, anggung-anggung ing raganya.
106
Santri
Munthel ulate sumirir, tumingal maring Ken Selabrangta, asru dening
gagimbange, denya lungguh tumungkul, depun celur wardayaneki,
Mangunarsa wus wikan, Ki Munthel dinulu, arengu pandulunira, santri
Munthel wus wikan semuning gusti, rerasan sarwi lunga.
107
Santri
Munthel sun warah sireki, away katungkul ing kapemesan, den wikan iya
dudune, santri Munthel ambeku, eh Kiyai kakeyan rincik, nora ila si
rincang, luwih atinepun, tan anggugoni basa, jaluhunge sihana pawetri,
kang aja na rumangsa.
108
Mangunarsa
rarene den sengi, mintar sira maring pagagan, ameta Kacang lan Gudhe,
kalayan Tebu wulung, Ni Tander mantas sira nini, ameta kakleman, mintar
kang den utus, ni Surentri sira danga, santri Munthel sira juwana
Kembili, lah sira semuguha.
109
Sampun
samya mintar aglis prapti, Ni Surestri wus denira adang, asangkep
lah-olahane, sampunnya saji sekul, Ni Surestri kang sesaji, toya
mungguh ing cunthang, ing sesajenepun, tan ana ta kena, jangan kacang
sambel jae lalab ranti, kuluban karayana.
110
Pelas
(hlm. 17) pakem lalaban Kemangi, pencak kacang lawan sambel sahang,
tan kantun Kacambah Gudhe, sampunnya tanduk sekul, Selabrangta sira
ngecani, lamine Brangta mring Hyang, tan amboga turu, Mangunarsa pan
uninga, Ni Dreman wau sira den wangsiti, ambeg wus ingalapan.
111
Suruping
arka gumanti wengi, Mngunarsa sira ashalat, samya sembahyang kabeh,
Munthel angangkat waktu, Mangunarsa sira bawani, sampun denira shalat,
Ki Munthel ingutus, undangen Syeh Anggungrimang, wartanana yen ana
tetamu prapti, ambaktaa tarebang.
112
Aglis
lampahe Munthel wus prapti, ing wismanira Syeh Anggungrimang, manira
tuwan kinaken, angundang ing sireju, ambaktaa tarebang gusti, rakanira
dhatengan, adoh sangkenepun, nenggih saking Wanamarta, wastanepun Ken
Rubiyah Selabrangti, ayu anom lumampah.
113
Ki
Syeh Anggungrimang angling aris, santri Munthel paran pedahira,
sumireng dyah puwarane, saking pangrengengingsun, lumampaha den kadya
nabi, iku maksih ampungan, si jajal anguru, Ki Munthel anurut sabda,
inggih leres wus datan sepi, nanging kirang punapa.
114
Anggungrimang
mangkat tan asari, aglis pajar maring garwanira, asajia boga jambe,
mangke serawuhepun, anggungrimang sampun alinggih, sarwi mangku
tarebang, karsane anggembyung, santri Munthel anarebang, den sangiri
walisana anjalerit, swaranya rum garuntal.
115
Anggungrimang
solahe respati, wong pawestri pan akeh gagiwang, tumingal ing
lalewane, anglud washiling tembung, sing gamelan tan de kiwuhi, wus
utameng gamelan, duk welakanepun, wasis angolahken raga, kulambine den
lungsir surban suithani, bunyu dening kalembak.
116
Anarebang
swaranya rum amanis, Rara Kadhiri pupuhing (hlm. 18) tembang, den
enthen-enthen swarane, asuluk campur bawor, swarane nyenyep aindri, lir
linuman kumkuma, wong entri angrungu, ayun anguyuh tan medal, Ni
Centhini istingpar sajrone ati, angrasa yen kagiwang.
117
Tarebange
munya ngelik-ngelik, Anggungrimang denira narebang, apatut lawan
singire, Munthel nembungi kedung, sulukepun pakid ginupit, tingkahe
arta halal, lawan toya wudhu, Mangunarsa anarebang, den singiri tutur
jari swaranya ris, Selabrangta kacaryan.
118
Ni
Centhini aglis den wangsiti, lah ta medalena petakonan, yen bener
pangawikane, Ni Centhini wus emut, wicarane den ati-ati , kwei santri
punika, karsane dinunung, angucap sajrone nala, kwai sun gudere padhas
siji, mangke masalah iman.
119
Kyai santri sun atanya kaki, kaya ngapa ing mangke karsantan, ana angucap mangkene, Iman
lan Islam iku, kayangapa bedane kali, muwah kalamun tunggal, paran
karsanepun, kang Iman Islam punika, kadi pundit ing karsanira kya
santri, lah daweg ucapena.
120
Yen
tunggal iku rukun sawiji, Iman Islam kalihe punika, lwir bawang bang
pralambine, punapa karsanepun, yen bedaa nisbat punika, iku antara
mangsa, wastane puniku, bedane tunggal tan tunggal, yen tan wruha
idhepe Syaikulbari, mangsih angongka-ongka.
121
Santri
Munthel tumungkul nauri, Bok Rubiyah nedha ucapena, mundur manira
ataken pan dahat mudha punggung, asembawa tan wruh ing wangsit, nistha
ambek welaka, manira wong dhusun, katungkul adhangir sambrang, asembawa
tan wikan jatining wangsit, nistha ambek welaka.
122
Santri
Munthel winardi ing wangsit, kwei santri lah ucapakena, kang Iman
Islam bedane, mwang kadi rukunepun, ucapena sawiji-wiji, aja na
kumalar, ing kawruh puniku, lamun tan angewruhana, nora Islam dening
dhastar lan kulambi, punika yen tan wruha (hlm. 190).
123
Ki
santri Munthel lingira ris, Bok Rubiyah manira miarsa, Iman lan Islam
bedane, zahir lan bathin iku, ingkang Islam punika zahir, bathinepun
ingucap, kang Iman genepun, anuhun anut andika ing cegahe punika depun
singgahi, anerahaken sarira.
124
Bedane
punika zahir bathin, ingkang Iman lan Islam punika, lwir Bawang bang
pralambine, galih lan carmanepun, yen dinulu katon sawiji, yektieku
perbeda, jro jabanepun, amal mijil saking Iman, Ni Centhini wuwusira
amisinggih, lan nedha ucapana.
125
Rukune
pun tah kadi punendi, Iman Islam kekalihe ika, pira kathahe rukune,
apa tegese rukun, Santri Munthel mangke nauri, manira amiarsa, ing
tegese rukun, punika awak-awakan, iman iku pan nenem rukune singgih,
Islam limang parkara.
126
Angandel
ing Allah kang karihin, yen ashipat purba tarwasama, ping kalih ing
malekate, ping tiga kitab luhung, ping sekawan utusan nabi, lawan dina
wekasan, kaping limanepun, ping nemnya ing untung ala, untung becik
pasthi yen saking Hyang Widi, iku pamanggih ingwang.
127
Yen
wonten saking salah sawiji, kang wus kocap kang enem perkara, kupur
ilang agamane, maka wong Islam iku, tanpa pedhah yen kalbeng kapir,
anglampahana amal, kadya toya metu, amale tan tinarima, dosa agung ing
kupur nora madhani, manira amiarsa.
128
Pan
kang ingaran wedi kekalih, kang karihin iku wedi dosa, lawan awedi
kupure, wong am jenenge iku, ana dene ingkang ping kalih, wong iku wedi
dosa, wedi kupurepun, iku tingkahe lumawah, ingaranan mukmin pasyik
jenengneki, manira amiarsa.
129
Lelima
rukune Islam iki, dhihin syahadat kalih kalimah, punika gene mujmale,
pindho ashalat iku, apuwasa ping tiganeki, Ramadhan kang minulya, zakat
ping patepun, maka genepe lulima, munggah haji yen ana sanguning
margi, iku rukune Islam.
130
Salah
tunggal katilara (hlm. 20) uni, mapan iku dadi randhanira, papa ageng
wipalane, yen kelampahan iku, mapan sinung ganjaran adi, pan wus
ubayaning Hyang, asung swarga iku, ing dasih anandhang Iman, Ni
Centhini wuwusira amisinggih, mangke manira Tanya.
131
Kadi
pundi karsane puniki, ingkang syahadat kalih kalimah, ki santri
Munthel saure, Nora na pangeraneku, anging Allah kang den sakseni,
pindho Nabi Muhammad, punika ingutus, singspa tan wruh ing Allah, ing
Muhammad iku nora den kawruhi, wong iku during Islam.
132
Mujmale
tah kadi punendi, syajhadat roro kanga ran mujmal, kang pumendi
mupadhale, santri Munthel sumaur, mupadhale nenggih einarni, mangripat
tuhid iman Islam gama, luhung, syahadat kalih kalimah, Ni Centhini
tumungkul anuksmeng ati, mindah Ki Mangunarsa.
133
Ni
Centhini winardi ing wangsit, Bok Rubiyah manira atanya, dusing wong
wadon kathahe, kang pinardhoken iku, pira kene mungguh pawestri, ing
karsa pakanira, lah nedha den ketung, akeh wong kang paksa bias, wateng
junub tinakonan angulati, tinon akulinteran.
134
Ucapena
Nyai den patitis, manira ayun ngawikanana, kang pinardhoken kathahe,
yen tan wruh wateng junub, sing karyane nora lestari, leir sato
asembawa, polahe womg iku, kaya martabat binatang, lwir maesesa rupane
wong yen liningling, lan lintang saking hewan.
135
Ni
Centhini rengu ulatneki, kwaai santri manira miarsa, kang pinardhoken
kathahe, singgih manira ngrungu, panlelima mungguh pawestri, kekalih
ing wong lanang, puniku kang pardhu, kayapa ing pakanira, santri
Munthel wuwusira amisinggih, lah nuli ucapena.
136
Kang
rumiyin ehedh wastaneki, kaping kalih janabat wastanya, woladat,
kaping tigane, nipas sekawenipun, lelimane benjing yen mati, mayit iku
dinusan, pinika kang pardhu, kakalih duse wong lanang,iya iku janabat
kalawan mayit manira amiarsa.
137
Santri
Munthel atanya (hlm. 21) amardi, Bok Rubiyah manira atanya, apardhu
punapa tegese, Ni Rubiyah sumaur, ingkang pardhu artine singgih, tsawab
yen linampahan, pakarti puniku, ginanjar dening pangeran, yen tinilar
pardhu iku andosani, tur sarwi sinikseng Hyang.
138
Ingkang
sunah tah kadi pundit, Bok Rubiyah karsa pakanira, lah ucapena den
age, Ni Rubiyah sumaur, ingkang sunah pamyarsa mami, tsawab yen
kelampahan, pakarti raharja, ginanjar dening pangeran, yen tinilar
sunah nora ambayani, manira amiarsa.
139
Ingkang
harum tah kadi punendi, Ni Rubiyah lah ta ucapena, manira yun wruh
jatine, Ni Centhini sumaur, ingkang haram manira manggih, tsawab yen
sininggihan, utamaning laku, ginanjar dening pangeran, yen ingambah
haram iku andosani, siniksa ing pangeran.
140
Ingkang
makruh tah kadi punendi, Bok Rubiyah nedha ucapena, manira yun wruh
tegese, Ni Rubiyah sumaur, ingkang makruh amnira manggih, tsawab yen
sininggihan, pakarti ginanjar dening pangeran, yen ingambah makruh iku
tan andosani, manira amiarsa.
141
Ingkang
wenang tah kadi punde, Bok Rubiyah nedha ucapena, manira yun wruh
jatine, Ni Centhini sumaur, ingkang wenang artine singgih, lan tsawab
sininggahan, pakarti puniku, yen ingambah pan mangkana, nora pala
wenang iku tan andosani, iku pangrunguningwang.
142
Ni
Centhini atanya gumanti, kwei santri manira atanya, janabat junub
kalihe, punapa bedanepun, ucapena depun patitis, muwah kelamun tunggal,
paran karsanepun, yaktine, iku pra beda, junuub iku tan patemon jalma
kalih, janabat sapanindran.
143
Kaya
ngapa pangandohe uni, kang junub iku limang prakara, ki santri sumaur
age, pandohe kang rumuhun, nora wenang shalat mwang kadi, anggarap ing
mushahab, kaping tiganepun, datan wenang ataliwah, sakawane tan wenang
meneng ing masjid, lima mider ing ka’bah.
144
Wenang
sholat yen wus den adusi, janabat wastane duse (hlm. 22) ika, junub
kala during duse, malih kang tanpa wudhu, pan lelima cegahe iki, dhihin
tan wenang shalat, huthbat ping ronepun, ping tiga anggarap mushhab,
ping pat mider Ka’batullah datan keni, ping lima nagging mushhap.
145
Hadast
wastane uni, kang janabat tan wudhu ika, lah ta tuturen den age,
santri Munthel semaur, kang janabat punika nenggih, inggaran hadats
akbar, ingkang tanpa wudhu, winastanan hadats ashngar, ingkang akbar
amengku ing hadats shangir, iku pamiarsengwang .
146
Ingkang
ashngar datan anyukupi, muwah tan lamun uwus janabat, den sartaken lan
niyate, kalawan toya wudhu, pan winenang niyat puniki, cihnane nora
kacukupan, ingkang toya wudhu, den sartaken lan janabat, nora wenang
cihnane nora nyukupi, maring hadats kang akbar.
147
Kadi
punendi tah kwai santri, kang janabat kang wajib dinusan, punika pira
kathahe, santri Munthel sumaur, Bok Rubiyah manira manggih, ingkang
pardhu dinusan, ing masalah adus, anal ah tigang parkara, Ni Rubiyah
wuwusira amisinggih, lan nedha ucapena.
148
Karihin
iku khurujul mani, lamun mijil datanpa kerana, ihtilam kaping
pindhone, lamun angipi iku, anekaken wetune mani, dadya pardhu dinusan,
kaping tiganipun, campuhing asmaragama, limang lintang hasyapad pardhu
andusi, yen nora tan dinusan.
149
Niyatepun
tah kadi punendi, dus janabat lanang mwang wanodya, kang niyat iku
jatine, mapan akeh kalurung, kadi pecuk asabeng warih, dening adus
janabat, polahe wong iku, awaler manireng sira, santri Munthel gepah
denya anauri, manira amiarsa.
150
Niyatepun
nenggih angalapi, tan wenang limang prakara, amrih saha sembahyange,
punika sedyanepun, dadya mijil sira ing jawi, ingaran juru basa, kang
niyat puniku, tansah ing hadharatullah, niyat iku dudu basa swara
mijil, iku jatining niyat.
151
Kadi
pundi karsane puniki, ing janabat (hlm. 23) mila pinasthika, punika
paran karsane, lawan manira ngerungu, ing istinja sinarawedi, iku kadi
punapa, karsane puniku, lah ta nedha ucapena, anauri ki santri wencana
aris, manira amiarsa.
152
Amet
wudhu yen sampun abresih, wong iku dening adus janabat, nadya
sembahyang karsane, nenggih manira ngerungu, ing istinja sinarawedi,
asembahyang kipalah, boli wastanepun, iku nedha pangapura, kang
kalingling inana sarira jail, parmataning istinja.
153
Pan
iku istinja iku sasuci, duk ametokaken najis ika, boli punika wastane,
benduning Hyang den ketung, adan uga pusakaneki, duk keneng
pangrencana, mangan Huldeng dangu, rumasa lamun wiwara, depun suci ing
wewasuh zahir bathin, iku marga sampurna.
154
Najis
punapa wastane iki, ing wong lanang yen adus janabat, pundit rupane
najise, pan suci mani iku, ing wanita pan halal kawin, mila pardhu
dinusan, kaya partinepun, kwai santri yen tan wruh, upamane adol lenga
kari busik, mesem Ken Selabrangta.
155
Mustakrim
watane puniku, mani gingsir pan saking sasana, campur parji arum gene,
shipating lali iku, mapan tunggal pusaka kalih, janabt lan istinja,
adam purwanipun, iku ashale lenggana, jinateken dening Hyang dusira
iki, dadya pardhu dinusun.
156
Yen
tan nastiteken puniki, nora antuk jeneging manusa, kebo sapi
pepadhane, weneh manira ngerungu, ing wanita nora andusi, uwus dening
wong lanang, wuruke wong kupur, ika karyanen paesan, kang ingaran
Pathimah putra jeng Nabi, paran dene dus janabat.
157
Atayamum
tah kadi pundit, punapa najis kang ingalapan, endi rupane najise, pan
suci angganepun, sampun adus depun lisahi, mwang kadi agaganda, kayapa
puniku, tan wenang teka sembahyang, santri Munthel mangke sira anauri
(hlm. 24), manira amiarsa.
158
Zulmat
najise kang den wasuwi, iya iku ashale langgana, sumuk tekeng reraine,
tunggal pusakanepun, ing istinja lan toyastuti, mwang kadi ing
janabat, sing wruh ngelmunepun, ingaran diruyah lima, jajalukesasutya
kang den sunduki, manira amiarsa.
159
Ken
Selabrangta amuwus aris, mangunarsa kang tinaken, kyai manira taken,
ingkang iman puniku, kayangapa ingucap dhihin, gumanti tohid ika,
mangripat neng pungkur, ingkang Islam tan den ucap, kok kilen mangripat
den ucap dhihin, gumanti tohid wuntat.
160
Iman
Islam punika ing wuri, kadi pundit karsa pakanira, wong roro paran
karsane, Mnagunarsa amuwus, Anggungrimang wau tinari, jawaben
patakenan, dan aris amuwus, dan alim mutangaliman, tan lenggan
Anggungrimang anauri, wuwuse Selabrangta.
161
Kol
kileyan anenggih puniki, mangripate dhihin ingucap, gumanti maring
tohide, ayun wikan karuhun, tunggaling Hyang nora kekalih, sampunnya
tah ing tunggal, tohid aranepun, den teguhaken ing nala, iya iku Iman
arane kayeki, manira amiarsa.
162
Kang
Islam iku wus aneng wuri, sampun sira anandhang ing Iman, tan lenggana
ing pakone, ashalat lan ashiyum, ing Ramdhan lan munggah haji, lan
zakat lamun teka, ing lampah puniku, iyeku ingaran Islam, Selabrangta
wuwusira amisinggih, mangke manira tanya.
163
Kol
wetan paran karsaneki, kang Iman mangke dhehin ingucap, gumanti maring
tohide, mangripat kang ing pungkur, Anggungrimang mangkya nauri,
manira amiarsa, kol wetan puniku, undhak-undhaking lumampah, ahlul Iman
punika ingucap dhehin, manira miarsa.
164
Mulane
ingucap dhenin, iku lampahe wong ahlul Iman, ayarengat iku lampahe,
lampah syarengat iku, rukun Islam den lampahi, marmanepun den ucap,
Islam kang (hlm. 25) karuhun, wus lampah wong ahlul Iman, iya iku
karsane wong ati salim, etang tsawab ganjaran.
165
Yen
sampun lampah iku aradin, lampah syarengat sampun karaksa, sakathahe
pakiwuhe, mangripat lampahepun, prapteng lampah wong ahli tohid,
hakekat lampahira, anunggal pandulu, tan etang ing jiwaraga, iya iku
karsane wong ati mukmin, nora etang ganjaran.
166
Kang
ing pundi kakewuhe iki, ing syarengat daweg ucapena, manira yun wruh
jatine, Anggungrimang amuwus, pakewuhe nenggih puniki, yen amrih
ingutaman ngagungaken ilmu, lampahe arsa kuncara, riyak kibir ilmune
den gawe hashil, iku wisaning lampah.
167
Nenggih
puniku lampah wong luwih, tansah ginaken ing jiwaraga, den soraken
sarirane, tan ana kang kaetung, lamun saking tirta satitis, denya
noraken angga, ing pralambinepun, tibaning windu anila, tiningalan ing
warih katon jro bumi, hakekating awiyat.
168
Kadi
undi karsane puniki, lintang ingaran windu anila, sudama mapan kayone,
Anggungrimang amuwus, nenggih lintang katon ing warih, ingaranan
sudarma, dening ranu surud, ingaranan windutara, lintang iku
panalikanireng latri, manira amiarsa.
169
Ni
Centhini angalem ing ati, anggungrimang putus ing aksara, ketareng
semu basane,, lintang panunjuningsun, sesolahe andudut ati, anom tur
wicaksana, warnane abagus, kang alaki tan asiha, welakaha kaya sun
tohana pati, emut maca istingpar.
170
Undhake
malih tan kadi pundi, manira tanya ing pakanira, kang prapta ing don
lampahe, Anggungrimang amuwus, Mangunarsa ika tinari, kakang sami
atampa, ing wuwus puniku, angucap Syeh Mangunarsa, Selabrangta
patakenan den sauri, manira amiarsa.
171
Anenggih
ing wong ahli tohid, akarem iku ing shipatullah, brastha ingkang
saliyane (hlm. 26), ingaran tsarik iku, tingaling wong kang ahli tohid,
dening ahli mangripat, tanpa tingal kawruh, amangeran lagi nora, iya
iku ing sirullah lungguhneki, iku wong karem ing dzat.
172
Wong
tetiga ingkang kekasih, Nabi Wali mukmin am, tan tunggal pelayarane,
nora beda tinemu, karem ing dzat mangke ing Nabi, wali karem ing
shipat, wong am tah sireku, pan karem ing apngalullah, sirna titis
tingale kalimput ing sih, kadi dok lagi nora.
173
Kadospundi
karsane puniki, ing wong urip nora mangeran, manawi salah tampane,
akeh kang wong kalurung, pangerane den dalih napi, weneh ngaku
pangeran, kalih kupur agung, gumuyu Syeh Mangunarsa, sabda guru sinamun
kawijil, amoring tatakrama.
174
Selabrangta
winardi ing wangsit, Bok Rubiyah manira atanya, wonten masalah
mangkene, turuning wong kang luhung, angluwihi ing pangabakti, ing wong
bodho punika, paran jatinipun, gumuyu ing nalanira, Selabrangta
wuwusira amisinggih, mesem Syeh Mangunarsa.
175
Selabrangta
semune alungit, manira kwai nenggih miarsa, ana angucap mangkene,
sajoroning turu iku, wonten uga ingkang atangi, sajrone meneng ika, ana
kang lumaku, ana bisu bisa ngucap, Mangunarsa wuwusira amisinggih,
wuwuse Selabrangta.
176
Anenggih
turune wong kang arip, mingraj reke ing paturunira, munajab ing
patangine, kadi pundi puniku, Mangunarsa sira nauri, iki tah Boh
Rubiyah, wong luhung kayeku, tan kena titirokena, lwir anangga toya
kamumu supami, manira amiarsa.
177
Parandene
den tsarik, dening maksih jenenging paningal, punika pinaka dohe,
jatining tinggal iku, ingaranan hijab nazari, iku tatebeng cahya, arane
puniku, terusena aja liwat, liwatena iku malih aja lalis, ika ecaning
lampah.
178
Wonten
masyasih ingkang ginupit, Syeh Bayazid watane anuliya, kalintang
kasutapane (hlm. 27), ing Yastam wismanepun, ajejuluk Sultan Aripin,
tatkala pananira, Syeh Bayazid iku, tan imut ing jiwaraga, sak ilinge
tetep denya angabakti, iku tuten ing lampah.
179
Syeh
Mangunarsa atanya aris, Bok Rubiyah manira atanya, sapa baya wong
sanake, baya sampun aguru, sasampune tunggal pinanggih, mesem Ken
Selabrangta, pira baranepun, yen antuk nugraning Hyang, kang tinedha
tuduhena marga singgih, anenuwiyeng lampah.
180
Ing
kina nenggih manira laki, apanangran Ki Syeh Amongraga, kajiteng smara
dok rare, kalintang marmatepun, atetuwi sanake estri. Dhateng Nayana
ganda, anglebeti hukum, winastan angrusak syara, lampahepun tan patut
lawan syarengi, linabuh ing Tunjung Bang.
181
Tetiga
kathahe sanakneki, jalu kekalih estri sanunggal, Ni Racangkapti
wastane, wonten sanake jalu, Jayengsari wastane uni, samya alit don
tilar, dok lunga anglangut, resake ing suka rejya, den tutuwi sanake
nora kapanggih, malah takyeng antaka.
182
Ki
Mangunarsa meneng tanpa ngling, waspa mijil deres saking locana, tan
bisa megeng tresnane, awekasan amuwus, nggih puniku kang sun ulati,
punika sanakingwang, marmane anglangut, sumaur Ken Selabrangta,
panakanira ta gene kang den rasani, dalu kalawan siyang.
183
Anggungrimang
ariningwang yayi, wartanana mangke rayinira, yen sampun pejah sanake,
Anggungrimang tumurun, waspanira kang den usapi, wau serawuhira, arine
rinangkul, mas mirah ingsun pangeran, sanakira Jayengrasmi sampun mati,
linabuh ing Tunjung Bang.
184
Anglelana
sira den ulati, apeparab Ki Syeh Amongraga, ngulati sira karsane, sing
negara dinunung, anging sira nora kepanggih, tekeng nayanaganda,
anglebeti hukum, winastan angrusak syara, lampahepun tan patut lawan
syarengi, linabuh ing Tunjung Bang.
185
Amiarsa
mangke Rancang (hlm. 28) kapti, winartanan yen sanake pejah, datan ana
pangucape, peteng tawase sumaput, lwir akasa ingkang ngerubuhi, wuwus
tan kena medal, supe tuwase surempuh, lali sireng marganira,
Rancangkapti kadya latah angekeli, kantun anuli pejah.
186
Anggungrimang
siranjrit kepati, tumingal maring garwane pejah, gupuh den rangkul
rayine, Ni Surastri papungun,aglis sira depun tingali, gustine lamun
pejah, niba saking salu, denya anangis alara, Anggungrimang rabine
tansah liningling, sarwi nangis alara.
187
Tetanggane
gita padha tangi,amiarsa swaraning karuna, samya ametu age-age,
pilelewi papungun, gupuh medal tapih kulambi, gita sarwi atanya, tangis
paran iku, kang wikan nulya papoyan, Ni Lelewa gustinira angemasi, lah
ta mati kayapa.
188
Singgih
sanake lanang wus mati, tan bisa denya amegegng tresna, luluh dening
kepatene, sakehe kang angrungu, padha sira lara anangis, maning
patinira, akeh kang angungun, waneh ana tebah jaja, kang saweneh alara
denira nangis, emaning patinira.
189
Tetanggane
kabeh pada kapti, lanang wadon samya anglalawad, kang tangis mangke
arame, kabeh samya angungu, kang saweneh asaji warih, geger
sapakarangan, tangise gumuruh, rame padha abusekan, tan pantara dukuh
pating jalerit, swaraning wong karuna.
190
Wonten
tah santri atunggweng gagi, amitra tah lan Ni Rara Bingkak, ki santri
rena wastane, ing ranggwan denya turu, wus apanggih eca aguling, kaget
ana karuna, sanglilire salah tampa, gupuh medal ki santri tiba ing
geni, sinaut ing cemera.
191
Ni
Rara Bingkak tumurun aglis, gupuh-gupuh ki santri kejogan, den anciki
cecengele, angrenggeh ancak putung, kwai santri agya pinitik, muncar
wedanira, kena singepetung, sarira pulang ludira, merem-merem ki santri
amindha sakit, teka akulesedan (hlm. 290).
192
Ni
Rara Bingkak tumulya mulih, pelarasan ing twase sangsaya, angrungu
tangis arame, nangis asemu mangu, angrungoken swaraning tangis, baya
iki si biyang, kepareng ingamuk, anulya dening lumampah, tekeng wisma
angling ta gene kiyai, wus pejah tinangisan.
193
Wonten tetangga elet sakelir, dhudha kakalih randha sanunggal, dhidha Seladha wastane,
gita nulya tetulung, gupuh denya anyangking kodhi, lan kaki dhudha
Selaga, medla gawa alu, den dalih wonten durjana, rangdha loma gupuh
atapih kulambi, angidhit padahanan.
194
Agen-agen
lumampah karihin, anglancangi ki dhudha Seladha, angure-ure rambute ,
kopeke gundhal-gandhul, bebokonge angumak-amik, gupuh denya lumampah,
kang tumon gumuyu, polahe ni randha loma, Ki selaka gumuyu atutup
lathi, tumpn ing randha loma.
195
Gupuh-gupuh
angungkab-ungkabi, karsanira karya atetamba, gupuh dadya tanpa rereh,
lelancing kandhigepun, pipisane anglud kuali, tangan katutup bentar,
wotah lenganepun, tumurun angijek wongwa, katak gubug den gecek dalih
sunthi, alu den dalih pala.
196
Ki
Mangunarsa maksih alinggih, nora wikan yen sanake pejah, winarah
dening rarene, samya anglawad gupuh, sapraptane nulya alinggih, lawan
Ken Selabrangta, andulu yang sang kantu, semone ana daduga saweneh
semone ana aradin, wikan jatining lampah.
197
Angres
manahe Ken Selabrangti, tumingal dhateng Ni Rancangdriya, wong anom
ayu warnane, kasanenan pandam murub, warnanira kadya aguling, waja
kengis araras, kincang alisepun, Anggungrimang nulya mulat, lwir wong
mesem garwane tansah den lingling, tur anangis alara.
198
Syeh
Mangunarsa meneng tanpa ngling, tumingal maring arine pejah, rinigep
ing twas trenane, angrupek idhepepun, tingal tunggal kang depun esthi,
anancang ulat kang lyan, kang parane ing dulu (hlm. 30), anane purba
kewala, Mangunarsa menggah nulya sira mati, kang tumingal karuna.
199
Ki
santri Munthel lara anangis, Ni Dareman ika gagulungan, den pala-pala
jajane, angers sasambatepun, Ni Surastri lara anangis, sesambatnya mlas
arsa, adhuh gustiningsun, sapa nggeningsun ngawula, gusti asih sadina
amemarahi, angapura ing mindha.
200
Ni
Selabrangta meneng tanpa ling, kaputungan manah tanpa ngucap, den
regep ing jro kalbune, ja’izing Hyang kadulu, sarirane den gawe dalil,
wikan paraning tingal, Selabrangta iku, kadya wong kaselamongan,
Selabrangta tresnane sumengil ati, dadya mijil karuna.
201
Angres
nalane Ken Selabrangti, Mangunarsa ingkang tinangisan, tan bisa
ngeregep tresnane, Mangunarsa riningsun, awungua ta sira yayi, sadina
rong dinaa, deningsun atemu, nora suda mata ingwang, Mangunarsa
kabobohan bisa mati, sira agawe tresnane.
202
Meneng
anangis Ken Selabrangti, anahen manah datanpa ngucap, dadya nangis jro
kalbune, asru panangisepun, Selabrangta bisa anangis, denya nangis
alara, den sambungi guyu, uyune suka satitah, pangangise ajrih gingsir
ingkang liring, malar tan katahtaa.
203
Liyep
nalane kandhuhan liring, tingaling dasih dadya suh sirna, luluh tekeng
raragane, dadya temahan lemut, jiwaraga datan kaesthi, dadya temah sun
sirna, dening sih Hyang Agung, yeku kang antuk nugraha, Selabrangta
angres sira nulya mati, NiCenthini anjola.
204
Ni
Centhini aniba kepati, denya anangis alara-lara, den pala-pala awake,
sesambatnya mlas ayun, awungua ni nyai gusti, endi ujarira, asih
mararengsun, anusup angayam alas, sun tuturi sun sindhep tulusa asih,
tekeng ranggen atilar.
205
Ki
santri Munthel amituturi, sampun dinawa kang sampun pejah, mangsa
dadia gesange, titahing Hyang den ketung, sangketane tan owah gingsir,
sampun kocap ing (hlm. 31( Iman, angandel ing untung, balik yen asih
ing tuwan, angulati rowange kawelas asih, amenedi astana.
206
Sekamantyan
Yang Aruna mijil, wong anglawad wus samya prapta, sakathahe wong
sanake, lanang wadon wus rawuh, Anggungrimang kantu kepati, Munthel
karya kaluwat, lawan Ki Patutur, kalawan Ki martaduta, Ki Selaka
Seladha Ki Pranakarti, durma karya kaluwat.
PUPUH II
D U R M A
D U R M A
01
Tan
kocapa Syeh Mangunarsa, deningwang, wonten kocapa malih, Ki syeh
Amongraga, sampun aparipurna, datan tulus hokum uni, mapad widagda,
tumimbul saking tasik.
02
Mapan
sinungan nugraha de Hyang sukma, linuwih saking mukmin, agambah
gagana, lumaku luhur toya, wus wikan sanake mati, acipta prapta, dhukuh
Wanantaka glis.
03
Kang
layon mapan maksih dereng dinusan, Ki Amongraga prapti, kagyat kang
tumingal, anulya asembahyang, kalih rakangat sira glis wusing sung
salam, kang mati urip malih.
04
Karananing
mangkana jatining pejah, kawula mrih tresnanti, samya nglilir sira,
Ken Selabrangta wikan yen Syeh Amongraga prapti, mendhek anembah,
angrangkul pada kalih.
05
Anglukar
gelung gelung surya ngisuhi pada, ingusapan lan weni, lintang
trenanira, Ki Amongraga wikan, yen paraning tresnaneki, paningalira,
tan kandheg johar jisim.
06
Dadya
murjita sangdyah kabwatan tresna, tan wayah idhepneki, Mnagunarsa
sira, kelayan Rancangdriya, pangling yen sanake uni, mapan ketilar, dok
kalih samya alit.
07
Selabrangta
mujar maring Mangunarsa, lawan Ni Rancangkapti, yeku sanakera, kagyat
Ki Mangunarsa, angrangkul pada anangis, Ni Rancangkarsa, anjerit denira
nangis.
08
Adhuh
kaka sira trenging netraningwang, wonghing wardaya mami, nora cipta
kaka, sun temu lawan sira, pan sira kawarta mati, aneng Tunjung Bang,
kinaguh ing jeladri.
09
Anggungrimang
kantu wus anglilir (hlm. 32) purna, kagyat denya ningali, garwanira
gesang, lawan ipene prapta, lwir sepena idhepneki, amuji ing Hyang,
kang amisesa bumi.
10
Ni
Centhini bungah gustinira gesang, Amongraga kang prapti, tuwin kang
tumingal, pra samya gagowokan, kadya dinulur ing Widi, Syeh Amongraga,
tan minging tingalneki.
11
Wus
araga sarirane ika, eloking Hyang kaaksi, Amongraga sira, ngecani ing
manah, tatakramanira luwih, pan waliyullah, ingeket dadya gurit.
12
Selabrangta
tan pegat birahinira, mangun laku tan gungsir, tapa brangtanira, wengi
datanpa nindra, raina datanpa bukti, tan kocapa, polahira kang prapti.
13
Kang
kocapa kang kari ing Wanamarta, anggeng brangta prihatin, sapatilare
Ken Selabrangta ing kina, den waca surate kari, anyuhi prana nora na
kang kaesthi.
14
Ni
Warsasih sampune lepur trasnanira, neher sira agoling, kepi anakira,
Ken Tambangraras prapta, kagyat tumulya atangi, dadya kakaruna, asru
denira nangis.
15
Ki
Panurta atanya ing garwanira, paran mamarnya nangis, NiWarsasih mujar,
Ni Tambangraras prapta, katon jro supena mami, dadya kagagas, asru
denira nangis.
16
Raina
tatas malah mijil Yang Arka, sampun tah samya prapti, anak dharanira,
muwah kang wong jajahan, samya atatanya gipih, punapaa tah, denya
nangis puniku.
17
Ki
Panurta angucap ing garwanira, tuturen ipeneki, Warsasih apajar,
polahe Tambangraras, prapta lawan lakineki, angrangkul pada mami.
18
Warnanira
kaya wong kinare anyar, kampuh gadhug rinukmi sinjang sarasah, sumping
jabung payodan, sinawung laptri kakalih, apatahlayang, seta rupanya
ngerawit.
19
Samya
linggih ing made sakapat ika, kagyat ingsun antagi, malah tabuh lima,
mijil SangHyang Aruna, angungun ipenwang uni, sun samar-samar, maksih
(hlm. 33) katon ing uni.
20
Kaya
ana maksih sumandhing ingringwang, sapolah poleng uni, anglenggak
atampel, asta Ken Tambangraras, rawuha sun sesangeni, dhuh anakingwang,
edan temen sun iki.
21
Ki
Panurta tansah apitutur sira, tumon rabine brangti, aywa keh dinawa,
wus titahing pangeran, ewa mangkana sun iki, wus kawengkonan, maring
sabrang segari.
22
Anakira
wau prapteng Nusa Jawa, angrereh tan kapanggih, lah sun kapakena, wus
jangjining Hyang sukma, dalile misesa bumi, muhal yen sira, akarya
kayeki.
23
Anakira
linglingen karyanen tanda, yen kawisesa malih, Warsasih tan mujar,
sarya ngusapi waspa, angrungu wuwusing laki-laki, tresna meh sirna,
nanging katon ing ati.
24
Angka
muksa bayangan teka aniba, aturu kukub malih, byakta ngemasana, antaka
idhepra, Ki Panurta ngarih-arih, idhepan mirah, pitutur ingsun yayi.
25
Ni
Sumbaling anguwel atutur ipyan, adya ipyan, kadya wong amenyanyi,
sarya ambengcangah, bangiwen saptu ingwang, salah arsa sun angipi,
lamun kaetang, gumuyu dhawak mami.
26
Kang
Centhini katon teka kaya edan, met bunglon den susoni, sing tumingal
latah, Ki Panurta angucap, lah artinen ipeneki, matur tan bisa, angarti
ipen kami.
27
Ki
Panurta muwus amantra kilase, Centhini denya gusti, mong mongane
lunga, melu saparaneki, antuk jenenge anggusti, wadon Turida, mesem
angrungwa ing ling.
28
Ki
Panurta angucap ing mantunira, undangen lakinireki, durung amiarsa
ibune anggung brangti, kandhehing ipe inguni, pituturingwang, kathah
nora den tolih.
29
Ken
Turida angucap mantuk maring wismanira, lakinira kepanggih, alungguh
ing tepas, maca Kuda sranggara, Jayengsmara muwus aris, lah mareneya,
pangeran gusti mami.
30
Ken
Turida araga pitambuh (hlm. 34) sira, dadya amuwus aris, kaka sireng
ngundang, denira ramanira, bibinta anggeng akingking, tansah karuna,
totonen ipeneki.
31
Jayengsmara
amiarsa yen ingundang, gupuh tumurun aris, arja kampuh jinga, nedhal
sebe sampiran, gadhung sinungket angrawit, anulya mintar, dhastar sambi
lumaris.
32
Nulya
marek ing rama alinggih agya, tandhane kurang guling, semu alum nitya,
kadya wong mendhem pala, anglalentreh nitya lindri, lwir anon wayang,
jamusnya ulatneki.
33
Ken
Turida mesem anglirik ing priya, kagagas poleng uni, ing jroning
paprenan, Ki Panurta angucap, anakingsun sira kaki, bisa ta sira,
ingarti ipen kaki.
34
Ibunira
uni dalu aswapena, kakangira kang kepi, kadya pinanganten, sekar
jabung payodan, sinawung lan tri kakalih, apatah layang, seta rupanya
ngerawit.
35
Arja
kampuh gadhung asinjang sarasah, kaya pa artineki, matur Jayengsmara,
yen sembada lan tuwan, arja dudu manahneki, ta sang prang ika,
meranginapsuneki.
36
Tegese
ijo iku maksih agesang, Ni Malarsih anangis, anakingsun bapa, ulatana
denira, rinangkul putrane gipih, lan arinira, gaawanen aywa kari.
37
Jayengraga
kang pinangka rowangira, anjaluk sakeng ati, matur Jayengsmara, tan
langgana manira, lah yen tumeka ing pati, nanging riningwang, tumut
angrarewangi.
38
Angur
baya dheweke kapok manira, dok angulati dhihin, sakidule alas asring
kabora-bora, tabete saenggohneki, tekeng wajah waturip.
39
Ing
Kalanbret manira alamng kana, maring Lebuasteki, maring
wengkeringwang, ing Tenggalek meh pejah, pun adhi ika mrani bok
wlanjar, pngreka wastaneki.
40
Katuju
ana sanak asih maringwang, ika atalang pati, Gunung sumbi ika, watane
wismanira, manira angungsi urip, lintang marmanya, manira den kukuhi.
41
Dadya
lunga manila apela (hlm. 35) rasan, ing dalu kesah mami, prapta ing
ngalangan, manira ayun pejah, Ni Wirana nagunggahi, arsa gubela, uni
manira pun adhi.
42
Saenggen
manira sok kabaya-baya, Ni Malarsih mangkya ngling, lah gawanen uga,
pinangka rowangira, lan pituturana kaki, saking Lungsir, angundang anak
mami.
43
Santri
Lungsir sampun prapteng griyanenira, Jayengraga kepanggih, arsu denya
ngucap, pakanira ingundang, dening rama tuwan singgih, anulya ada,
merek rama sang yoga.
44
Akampuh
jingga sabuk cindhe pathala, keris malela ngrawit, alandheyan cola,
kaya wong topyang bangsa, rasukan alus sulthani, binuyuk gandha, sekar
Angkrek sasi.
45
Ni
Ken Raras mesem andhulu lakinya, abagus laki mami, serawuhing rama,
alinggih jejer sira, kelayan Ki jayengrasmi, aris angucap, mangke Ki
Jayengrasmi.
46
Jayengraga
manira kinon wangsula, angulatana malih, lawan panakira, Ki Jayeraga
mojar, nora linyok ujar mami, yen dereng karya, kakang aywa ge mulih.
47
Dalihane
si kakang age muliha, kangening rabineki, mesem Jayengsmara, boli adhi
pakara, akeh panalamur brangti, tumungkul Jayengraga mesem anjawil.
48
Abibisik
lah kakang aywa papoyan, manawi miarseki, yayi pakanira, budine iku
ala, lah ta lunga binjing enjing, saksana serap, Yang ganti wengi.
49
Samya
amit ing rama mantuk ing wisma, Ken Turida prihatin, pan ayun tinilar,
tansah ngusapi waspa, den rusak paesireki, Ki Jayengsmara, mara
angrih-arih.
50
Winangwang
pangkon sarwi ngilinglingan, dhuh jiwaningsun gusti, sanglwiring
kusama, lah katuna pangeran, aywa sira lara kaki, mung sinjangira,
baktaken ing kami.
51
Ingsun
karya panglepur lara pangeran, idhepen ujar mami, wetningsun kemengan,
patudhuhireng rama, parandene sun glis prapti, wadon Turida, idhep
ujaring laki.
52
Ni
Ken Raras mulih sarwi apepayon, tumoning ipeneki (hlm. 36), anangis
alara, sang kakung angrerepa, katuwane awak mami, padha apriya, ingsung
tan pathuk singgih.
53
Nora
kaya mangke wus dumduman ingwang, leheng rangdha mami, Jayengraga
wikan, rabine esmu ewa, dadya sinamun asweki, adodongengan, sarwi den
bebanteni.
54
Bewek-bewek
denira agawe aswa, menjoco tur mandelik, Ni Ken Raras ewa, mulat ing
lakinira, tumurun sarwi anangis, mesem Ki Jayeng angrih-arih.
55
Ki
Jayengraga bisa ametning dyah, gitasmara gameki, puh kenya mamenang,
jarik sutra ingintar, kaya ngalapana urip, swara nyuh prana, den gewuh
astaneki.
56
Sinambut
ingemban maring pagulingan, tan kawarna ing riki, polahe sang raras,
muwah Ki Jayengsmara, kocapa mangke kang injing, wus amit sira, ing
ramanira kalih.
57
Jayengsmara
kelawan Ki Jayengraga, asalin busana sri, samya kampuh jingga, lunga
anglaya desa, aglis lampahnya anuli, datan ambakta, panakawan sasiki.
58
Injang
mintar saking dhusun Wanamarta, kang kantun lara nagis, akeh kang
kapapg, kapidulur lumampah, sambawa rame atri, samya pepanthan, waneh
angumbar liring.
59
Samberawa
gumuruh sarwi jajawat, maring Ki jayengrasmi, lawan Jayengraga,
sawaneh ana ngucap, pantes yen ambebarengi, meneh lungaa, yen sampun
prapti mami.
60
Ni
perawan angling iku arinira, anut wuri ing kami, Ni Wulanjar mujar, Ri
Rara anjejawat, nora taha raganeki, maneh wong doha, denyaarep
amateni.
61
Ni
bok rangdha Bilar angusek srinata, sarwi amuwus aris, iku pamanira,
anut wuri ing ringwang, baya adhatengan iki, sakarsanira, wong lanang
sun turuti.
62
Nini
kang maju milwa jejawat, iku kaki nireki, sewala lang ingwang, sedalu
ngukih prana, nging kurang sranggara manis, dedimon lunga, ingure sun
alaki.
63
Kang
anyunyu tur kang bisa ilmu donya, Jayengraga anolih (hlm. 37), mesem
sarwi ngucap, tuwa tan wruh ing wayah, manhe kaya dok uni, lakunya
owah, untune kari siji.
64
Jayengsmara
apituturing wencana, rama amanis yayi, den yatno bencana, ing sarira
ika, den kalingling mulaneki, aywa ta sira, wuruk sudi karyeki.
65
Depuh
wikan paraning paningalira, nora ngulati marih, salwir katingalan, iku
mangka paesan, kabeh saking sang Hyang Widi, akarya alam, sakarsanira
dadi.
66
Ingaring
dalil akal yayi ika, dadine jagat iki, nyata iku tandha, pracinaning
kabisan, ing Hyang sarya dumadi, iku ingaran tapadh dhal iku yayi.
67
Kang
aduwe tandha den wruh jatineki, ingaran dalil iki, mungguh budi akal,
budi ingkang grakita, pasthi ana kang akardi, iku ingaran, wiwaraning
kang budi.
68
Ana
dene dalil kang ingaran Kuran, sabdanira Hyang Widi, ingkang
sinuratan, mangsi lawan dhaluwang, sing sapa maedo kapir, ing patang
madhab, madhuleden wruh yayi.
69
Sabdaning
Hyang kasurat mangsi dhaluwang, tan basa swara yayi, perihen ing
lumampah, tatakrama den wikan, dasar den patitis, adugeng lampah, den
takeng tamahneki.
70
Sajrone
parimana wus kajajagan, dening budi kang luwih, ika kang anjajag,
kakang manira nedha, yen tan mangkana yayi, dadya luluyang ambeke
welakeki.
71
Akeh
kang wong kalurung tan tatakrama, ala den dalih becik, tan anut
washiyat, tirane kang mulya, sasar susur lampahneki, lawan parnesan,
malih tan den owahi.
72
Kang
saweneh katungkul aja-jorongan, anggungaken ing dhiri, kajatmikan
ilang, dening angaku bisa, tan patuh ing syara singgih, kabura-bura,
karunjang dening jurit.
73
Alon-alon
lampahe Ki Jayengsmara, lawan arinireki, ingari wus liwat, kesthi,
sambi lumampah, pitutur ing arineki, Ki Jayengraga, samarga amisinggih.
74
Kawarana
kalangening (hlm. 38) wanasrama, mungguh tepining margi, sampun
tingling kilen mangke Sang Yang Aruna, surem prabangkaraneki, wus
kalamukan, alon lampahe kalih.
75
Gerah alangu swaranya andesmara, pater swaranya aris, lwir madyaning dyah, kang kesisan calumpring.
76
Werah
weneh jurang perangnya lit asinggara, toyanya juging curing, asri
swaranira, petung lunung ing marga, gumerisik kang Wuluh gadhing, lwir
madyaning dyah, kang kesisan calumpring.
77
Dadining
Andong pring samya ambabar, gandanya marbuk minging, lwir madya
kasisan, sinjang kokihing tilam, welahannya megat margi, tirta ulekan,
saking kedhung anjrihi.
78
Jayengsmara
araryan soring Angsoka, kuncara wastaneki, lawan Jayengraga, ngahub
soring kapidya, kaleson linggih, arsa nginuma, toyaneng
dhandhanggendhis.
PUPUH III
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Unggannya
linggih ing patiganing, suka kuncara lan arinira, Ki jayengraga
wuwuse, kakang pundi dinunung, sakecaning lampah puniki, sampun
awirandongan, Jayengsmara muwus, ana wong sanak manira, kang atapa ing
ancala olah nepi, aran Syeh Malangkarsa.
02
Punika
yayi sun dunung mangke, iku rowangingsun angumbara, dok ingsun ngaji
bangiwen, kaliwat pananepun, ing Paciran dhimin, ing mangke olah tapa,
akeh sisyanepun, menawi yayi miarsa, ing wartane si kakang inguni-uni,
lah kaka sinengeran.
03
Nora
adoh yayi saking riki, nora liwat lampah kalih rina, ing Ardi Palwa
enggone, Ki Jayengraga muwus, lah ta mintar saking riki, lengser Ki
Jayengraga, sumengka mangedul, kongang lurah pagagan, lebak-lebak ing
gunung mujur kapiring, tandur lagya adandan.
04
Sumengkeng
gegeran lampahnya nuli, katuju manggih ing panginepan, ing Sindureja
wastane, bale patemon agung, pinggir toya sitinya (hlm. 39) resik,
tinaneman Andong bang, lawan Andong dadu, Kayumas lan Parijata, Bayem
sulah sinelan Mayana wilis, ing natar Kayu neja.
05
Ki
Jayengsamara angling ing ati, baya mukti ponang agriya, katoryang
pepatutane, tumanduk karsanepun, arsa raryan Ki Jayengrasmi, kelayan
arinira, tanseng wurinepun, araryan ki Jayengsmara, teka linggih sesaka
depun lendohi, ismune wong kaleswan.
06
Kang
manca randha nom tur sugih, ken Tilarsa pan jejulukira, lintang susila
budhine, anyar kepaten kakung, katilaran putra kekalih, estri samya
dewasa, warnanya yu-ayu, awasa Ni Ken Suwarsa, kang wuragil awawasta
NiKen Warsiki, lwir widadari kinddran.
07
Asuwe
datan ana wong mijil, Ni Pucangan rasa ngambil toya, katuju medal
angore, lampah kalih pinjung, tandra kagyat anon wong linggih, sira Ni
Ken Pucangan, wangsul tur gumuyu, atakken rangdha Tilarsa, Ni Pucangan
paran kang dera guyoni, teka jaba suka.
08
Ni
Pucungan atur poleng uni, kawula medal ing jaba, wonten wong kepanggih
reren, bale patemon agung, wong kekalih pelag suwarni, manira boya
wikan, medal kalih pinjung, tumurun rangdha Tilarsa, depun intip ing
kikis Ki Jayengrasmi, atut wonten dhatengan.
09
Anambut
wastra jingga sumampir, karsanira apa dhatengan, asta keri nyangking
jambe, amucang sarya metu, jayengsmara tumurun aglis, angadeg amadhapa,
ni rangdha andhulu, kalintang pandulunira, dinuk liring semune Ki
Jayengrasmi, dulu wong suwahara.
10
Ken
Tilarsa den lingiran aris, denya napa ramya manahira, rumaket anak
basane, saking pundi dinunung, anak ingsun nedha lumaris, awon lungguh
ing jaba, anginuma banyu, supados nyawa mucanga, anauri wencana Ki
Jayengrasmi, bibi manira nedha.
11
Den
lirik mangke Ki Jayengragi, iku nyawa tah sanak punapa, Ki jayengrasmi
saure, sanak manira dulur, nenggeih rowan kawelas asih, angres rangdha
Tilarsa, ngerengen wuwusepun, wau satekaning wisma, depun undang
rarene nyawisa warih, anggelara kelasa.
12
Ni
rangdha tumulnya ngancarani, lah ta nyawa sira alinggiha, sapuranira
den akeh, nora amanggih sekul, bibi nira nyawa wong miskin, tulus
rangdha kasihan, rarane den uwuh, lah anjaluk pamocangan, sampun sinung
anulya depun carani, lah nyawa amucanga.
13
Rarene
mangke wangsiti, Ni Pucangan sira jawadaha, lan amencaka nyarundeng,
anambeleha sawung, ana suwap ingsun kekalih, lawan dhendheng menjangan,
kang wewadhah sumbul, lan amathika kelapa, sun akarya sekul wudhuk lan
kabuli, lawan adhanga ketan.
14
Ni
rangdha angling ing anakneki, ibunira nyawa atamihan, lah akunen sanak
angger, kakangira wus adus, lah sungana, beboreh nini, sapanen
kakangira, ken Rara mintuhu, tumungkul asemu waspa, sarwi bakta dadah
banten burat wangi, lawan lisah jebadan.
15
Ni
Ken Rara wau metweng jawi, karsanira amundhur sekar, wong roro lawan
arinira, asinjang seta alus, kasemekan limar ketangi, awida jajebadan,
arja sengkang luru, akampuh sutra dewangga, anderangi paesan dhat
ngayomi, nenggih Ni Ken Suwarsa.
16
Ni
Warsiki sira sinjang wilis, arja kampuh rangdhi angrangrangan, lebeng
kaot kakembene, asumping Anggrek Menur, uleng-uleng sekar Melathi,
asimsim memanisan, jenarnya muda kung, cangget cenggeh paksa lanang,
metweng jaba kalih kakange den iring, byakta kembar lumampah.
17
Ki
Jyengraga ika ninggali, angga luka twas tanpa jamuga, amucang runtuh
jambene, kewalik gentalepun, panindane den singgih dhihin, mesem
Jayengsmara, arine dinulu, wikan lamun salah driya, Jayengraga wikan
lamun den kawruhi, yen ambek kamanusan.
18
Ni
rangdha Tilarsa papoyan glis, iku nyawa karo (hlm. 41) arinira,
lintang dening pamujine, sing anglamar tanpa yun, sapa baya kang depun
anti, awet dadi pataka, iku karsaningsun yen sih ayun alakiya, wong
umbaran arsaa pan sun turuti, mesem Ki Jayengraga.
19
Olah-olah
wus mateng sumaji, sampun surup Sang Yang Dewangkara, sampun masang
sesandine, sesaose wus rawuh, tiningalan tuhwa lep arsi, sekul mungguh
ing panjang, ing sesajenepun, tan ilang takona kena, wus sumaji
sesajyan den ancanari, lah nyawa adhahara.
20
Ken
Rara karo angeladeni, tansah ingarsa angraseng padam murub, wedanane
asawang sasi, kala mangsa Kartika, pupure den rembug, asumpang jabung
payudan, Jayengsmara atine den kuranteni, sarya ngesthi intingpar.
21
Ni
Warsiki sireng lulukoni, akampuh jingga sinurat ing mas, sata patra
sasumpinge, saya ngimbu ayu, Ni Warsiki sira ningali, mareng Ki
Jayengraga, lwir thathit ambarung, kena ing asmara nala, Jayengsmara
arine tansah den liring, wikan Ki Jayengraga.
22
Jayengraga
celur ulatneki, api nora ameke basaja, tumungkul sarya angliring,
dadya perang andulu, keneng guna kusuma rai, kepyaan Ki jayengraga, Ni
Warsiki kanyut, atine muksa bayangan, aglis manthuk ing wisma nibeng
gaguling, apipuyeng alara.
23
Ni
Suwarsa pan wruh nayeng lungit, yen arinira angluh alara, smang marang
tetamune, aris denira muwus, lara paran ta sira yayi, sapa anambanan,
apalih dhedhukun, wikan yen hedhukun lanang, depun cewel arine anyewel
malih, rame agagulaten.
24
Sampunnya
dhahar adan aguling, Ki jayengsmara lan aranira, ni rangdha alon
ujare, lah kaki anakingsun wartanan denira kaki, marmanira nglelana,
shaing wisma maskun, sumaur Ki Jayengsmara, angulati wangsa manira
pawestri, ical ing pagugulingan.
25
Ing
lungane sadyane ruini, darmanira nora na uninga (hlm. 42), kesah kalih
pawongane, sampun manira susul, sing negara norakepanggih, angres
rangdha Tilarsa, ngerengen waranepun, lah ta nyawa asareya, mene dalu
lah taawungua malih, lah nyawa narebanga.
26
Areman
ingsun angrungu sangir, ing kina dok ramanira gesang, remen yen
anggembyong sore, lakinira den tutur, doking kuna dhatengan pekir,
santri aperabatan, Jayengsmara muwus, bibi paran kang rebat, Ni Tilarsa
anutur wencana manis, lah nyawa leresana.
27
Wajib
titiga kang den rasani, wijibina Allah lan Rasulullah, lan mukmin iku
wajibe, mwang muhalepun, lawan malih wenanga iki, ramanira angucap,
wajibing Hyang Agung, anane langgeng tan owah, sashipate tetep ing dzat
datan gingsir, iku wajib ing Allah.
28
Muhal
ing Allah yen kena mati, pepadha kelawan anak-anak, apesing Hyang
muhal kabeh, mengkana wenangepun, anging Allah nenggih puruki, purba
misesa jagad, angrusak amyangun, akarya sakarsanira, Jayengsmara
wuwusira amisinggih, bibi atut mengkana.
29
Ki
santri nyawa anewalani, nenggih iku wajib mungguh ing Hyang,
andadekaken jagad kabeh, muhal iku yen wurung, ing wenange dene
lastari, kedadehaning jagad, Jayengsmara muwus, salah bibi yen
mangkana, wenanging Hyang den arani wajibneki, dadya idhepe salah.
30
Ki
Jayengraga amuwus aris, akathah kakang wong kang mangkana, den ramji
pangawikane, karane akeh luput, pangucape tan mawi dalil, dadya
angangka-angka, yayi wancinepun, ing mindha nora kundur, jaman mangkin
akeh kang wong jail ilmi, mider amrih pasilan.
31
Wajibing
rasul lah kadi pundi, anakingsun nyawa ucapena, sapuranira den akeh,
mwang kadi pundi muhalepun, lawan malih wenange nabi, lah nedha
ucapena, nyawa anakingsun, lah wajibe mukmin pisan, mwang muhale lan
wenange iki kaki, sira amertanana.
32
Wajibing
Rasul nenggih puniki, amertaken sabdaning pangeran, abener (hlm, 43)
ing wartane, puniku kewajibepun, ana dene muhale Nabi, kelamun agoroha,
wartane puniku, muhal yen cidraa, ing jaize wenang sakit lan mati,
bibi pamiarsengwang.
33
Anan
dene wajibe wong mukmin, angestaken sabdaning pangeran, wartane utusan
kabeh, pardhu jenenge iku, lampahena ing zahir bathin, saolahe
sarengat, punika den ketung, muhale purba wasesa, ing jaize wenang
rusak lawan mati, manira amiarsa.
34
Ni
rangdha ika papoyan aglis, ing kina nyawa ana Rubiyah, wekasan ngucap
mangkene, yen wong amuwus, atanya ing sira tah nini, apatah Islam sira,
para sauringsun, angucapa Islam salah, Ni Rubiyah iku nora amisinggih,
iku kadi punapa.
35
Ki
Jayengsmara amuwus aris, atut salah bibi yen mangkana, ingaran syak
ing Islam, ngucap insya’allahu, ing panggawe kang dereng yekti, kadya
wong asembahyang, bibi saminepun, hukum Islam tan mangkana, ing yektine
hukume wus den linggihi, dadya tan wenang syaka.
36
Ing
salahe bibi kari wuri, karsaning Hyang bibi nora wikan, ing polah iki
jatine, punika salehepun, Ni Bok rongdha mangkya nauri, nyawa maniran
nedha, utamaning laku, lah ta nyawa agulinga, Jayengsmara aglis,
sinungan gaguling, lah nyawa asareya.
37
Ni
Warsiki dalu tanpa guling, Jayengraga kacipta ing nala, katon spari
polahe, tan kena sinalamur, depun samun katon ing ati, kwir driya
pinandam, tan kena aturu, Jayengraga tan asiha, pasthi ingsun mati
sedhih tanpa kanin, yen sira tan asiha.
38
Sireping
janmi pra samya guling Jayengraga ika pinaranan, teka linggih ing
sandhinge, aris denira muwus, awungua kang Jayengraga, lah ta
usadanana, kakang laraningsun, sasat anguripi pejah, depun tulus sihira
mara ing kami, Ki Jayengraga.
39
Ki
Jayengraga angling ing ati, mangko tah (hlm. 44) baya ana bencana,
mingsar-mingser asung anggen, angling ing kalbuningsun, kaya apa tah
ingsun iki, mandah weruha si kakang, paran polahingsung, sedalan
winarahan, jayengraga den tutuh sariraneki, anging sun kapakena.
40
Dadya
karsane mangkya ngecani, lah mintara yayi maring wisma, tan angrasa
yen ig kene, sang rara nulya mantuk, Jyengraga tansah ing wuri, sarya
kakanthen asta, Jayengraga rawuh, sira mangking pagulingan, depun
rangkul sang rara den bisisiki, mangke ingsun papoyan.
41
Karana
manira tan arabi, dene manira adarbe lara, tan samnya lan wong akeh
ingsun lama tan payon, wus akrama tinilar estri, dene adarbe lara,
ketang werangingsun, nora jaya ing wanita, Jayengraga bisane sarya
anangis, meneng sangdyah karuna.
42
Sang
rara ika amuwus aris, lah ingsun iki wus pisakena, lamaren saking
sukane, lamun binjang wus temu, lah si biyang bisa nambani, yen nora
tah beyaha, suk kawinen besuk, sanadyan nora nukua, Jayengraga anyipta
wuwusira amisinggih, ing binjang lah sun lamar.
43
Jayengraga
anuksma ing ati, manira mangke agagujengan, anutur ing pawartane, kang
wus tumakeng laku, nenggih kina ika wong luwih, nora panggih syah
wungga, yen ana den dulu, den cekel astane kiwa, Jayengraga anyipta
tunggaling urip, dadya sang dyah kentaka.
44
Angres
manahe Ki Jayeragi, tumingal maring sang dyah kentaka, tan sipi wau
welase, nora panggih salulut, Jayengsmara kang den ajrihi, pan lintang
sungkemira, dhateng rekanipun, anendhal wastra sampiran, den ulesi
ingapit-apit gaguling, kenas Ki Jayengraga.
45
Mangkana
malih Ki Jayengrasmi, Ni Suwarsa cinipta ing nala, raras ing jro
supenane, angipi apulang yun, Jayengsmara katon ing wengi, ngerowangi
sacumbana, Ni Suwarsa lulut, kena ing asmara nala, karanepun (hlm. 45)
anglilir-lilir kepati, rarasing jro swapena.
46
Meh
raina semu bang Yang Rawi, Jayengsmara lan ki Jayengraga, arsa lumaris
prayane, bibi amit katengsun, muwah yayi katuna kalih, anedha
panembrama, utang manira gung, bibi mangsa kawelasa, anauri ni rangdha
wencana manis, lah sampun age lunga.
47
Anginepa
nyawa den alami, arinira karo kunen sanak, malar dadia kanthine, bibi
nedha katengsun, lah ing beijang manira wali, yen prapteng Ardipalwa,
punika yen kontung, dene mangsa alamia, anauri ni rangdha wancana aris,
poma nyawa balia.
48
Lah
ni rara atangia kalih, kakangira nyawa mangke lunga, dingaren sira
mangkene, baya lara nakingsun yen alara sun tetambani, kalih samya
ngelong jiwa, paran kang dera nglung, angelung tungtung manira, dera
tangi eh bibi eca aguling, dadya puwara lara.
49
Paran
kang den baktaken nini, kakangira nyawa sangonana, sap tangan sungana
jambe, lan dhastar sebe wungu, baktaken kakanta kalih, muwah dadahe
pisan, lawan burat arum, lisah loloh lan kalembak, amintuhu sang rara
asemu tangis, dhuh paran polahingwang.
50
Injang
mintar saking wismaneki, sang rara kari kantuk ing tilam, samya
sungkawa polahe, samya kamugeng kahyun, lwir kasebet pengawe sari,
angga muksa bayanga, arine amuwus, si kakang asmu karuna, nora wirang
wong amoyang den tangisi, sira uga pan iya.
51
Ni
Tilaras lengleng driyaneki, sing kang den cekel muksa ing tangan,
semang dening tutamune, anakepu den rangkul, Ni Suwarsa asemu tangis,
ramanira tumingal, angres sira dulu katuwon Ki Jayengsmara, kaningaya
tan arsa ginawe kanthi, anggur aja mampir.
52
Muwah
sih malih Ni Ken Warsiki, salunganira Ki Jayengraga, lengleng mangu
tanpa gawe, tenunane den pangku, Jayengraga kacipteng ati, lir melu
katenuna, pan sasenteg (hlm. 46) mangu, tumurun aucul tampar, dedalane
kang lunga depun tangisi, kepyan rangdha Tilarsa.
53
Ni
Tilarsa waneh kuntrang-kantring, milya semang tan kena ing pangan,
tumon polahe anake, sarirane den tutuh, telase Ki Jayengrasmi, ing wau
sun gubela, sarywa ngusap ing luh, suka cacadening jana, salungane ing
wuri kari prihatin, sun sidhep tan mangkana.
54
Ana
parnah sanake sawiji, karsanira mangke pinaranan, dhukun Robaka
wastane, wingi ingsun angrungu, arinira nenggih pan sepi, nora na kang
apajar, yen lunga andhukun, Ni Sukeling apepoyan, Ki Wahuda anenggih
lara kepati, menawi mangke prapta.
55
Ki
rubuka ika aglis prapti, tiningalan kakangira prepta, arsa medhuna
karsane, nulya anapa gupuh, kakang rangdha punapa kardi, amemarasi
darya, kakang teka gupuh, lah ta kakang alinggiha, anauri ni rangdha
wencana aris, sarya ngusepi waspa.
56
Ki
Rubuka ariningsun kaki, anakira Ni Suwarsa lara, asudanana den age,
lan Ni Warsiki iku, kantakane sadina iki, kaya wong kena guna, teka
lengleng mangu, wingo ongsun dhedhayohan, wong amoyang awasta Ki
Jayengrasmi, lawan Ki Jayengraga.
57
Ki
Rubaka semu ujar lungid, kakang rangdha kaya apa sira, denira among
ing rame, saking panarkaningsun, anakira sampun apanggih, lawan
tetamunira, Jayengsmara dangu, anging ingsun nora wikan, sun tarkaa
manawa nora sayekti, mesem Ni Bok Usada.
58
Nanging
sih yayi Ki Jayengrasmi, lintang ingsun dening aparcaya, yen sun dulu
zhahire, wikan ing bathinipun, sesolahe wong jatmika, tindak
tandukepun, sumaur dhukun Rubaka, aywa tungkul kabisan dadaya
lingaling, dening amrih kandela.
59
Balike
yayi Ki Jayengragi, rare anom tur rada pathelang, katuring ulat
guyune, saking panrakaningsun, anakira Ni Ken Warsiki (hlm. 47),
rowange urip tingal, Rubuka amuwus, nora linyok ujaringwang, Ni Warsiki
semune katoreng wadi, polahe wani priya.
60
Kakange
mangke den papoyani, kakang rangdha manira saloka, ing wong estri wani
wong len, wonten salokanepun, anadene pinet pralambi Srandulu
Wikridita, ing salokanepun, asasiwo lawan macan, yen tungkula temahe
den kadhemeki, meneng rangdha Tilarsa.
No comments:
Post a Comment