Wednesday, April 18, 2012

Serat Centhini Pesantren

Puniki ingkang gadah ceriyas ingkang nami karsa anakepun tiyang melajeng temen-temen angsalepun mahos sahingga boten dados sanget erangepun kola medal saking fakera saren kola boten punapa ingkang sampun mejan kher * ngucal ‘ilmu ingkang sampun woten dèten tiyang ñanbut tigang dinten sampun aminepun woten danten tiyang sinahu sangat-sangat boten pikatu’ sinuhu.
I.
ngwang angrèpta atembang artati anglengkara ngwang angapus gita,
tan kocapa Sèk Mangunarsa dènang wang,
wonten kocapa malih,
ungganña linggih ing patigani,
suka kuñjara lan arinira,
Ki Jayèngraga wuwusé,
kakang pundih dinunung, sakecani lampah puniki,
sampunn awirandhongan, sJayingsmara
muwus, ana wong sanak manira,
kangatapa,
ingacala ula nepi,
aran Sèk Malangkarsa.
hnengenna kang mratami kocapa wadon Turida,
kakalih sami brangtiné awasta Kèn Wadun Raras,
warna sawang kunarpa,
sarèhé cumaluru,
tan pegat anggung kasmaran.
lara pati pan sampun pinasthi,
krama wating wus pasthi samarganña,
tan suwé praptèng ngayuné,
mamardit karuntuh,
nulya ngucap dhuh mambuh wangi,
wari (……) ènak,
daya temen menningsun,
ana wong mara ing lir yyaw,
ayu anum roro tur sami pawèstri,
mangké sira sun mongsa.
sigra lampahih lumaris,
Ni Endang sampun murcita.
sampun dandan Niken Raras angling,
sarwi sira mangké awiraga.
Amuograga anauri, mangké alèkumussalam,
sinungana raKhmat mangké,
adan apapanggih sira,
sigra ajawab tangan,
ing marga prenahirèku,
kalawan ki Amungraga.
tan kuwasa mangké ingsun iki,
angakua tabuh maring sira,
larangan puniku mangké sapa atuwahèku,
kang ingaku sapa punèki,
anging hyang kang wiSiSa,
pulahira eu,
kawula darma punapa,
Jatiswara mangkya sira anauri,
atut lamun mangkana.
Amongraga ing mangké sampun uninga,
solahé dèn kaweruhi,
Amongraga sira,
tambuh palwa suka-suka manahnèki,
kadya cangkerama,
mangké Ki Amongragi.
wonten masaèkh wau ginupit,
akhlul sastra mangun sarèngat,
ing Wanacandra wismané,
kalintang martanipun,
wongé linggih akhlul surambi,
kinepung sinaruja,
sabatipun agung,
amuwus ing wang kaseyan,
bagus anom jatmika asih ing sastra,
lumaku lawan kundhang.
kang duraka ta kadi punendi,
ingaranan ta lampah sampurna,
punapa mangké tegesé,
Ragamana amuwus,
nenggih mangké manira manggih,
iku mulané awas ananing heyang iku,
sawusé teka ing coba,
iya iku duraka ing heyang sajati,
manira amiharsa.
mapan wonten kocap ing jero dalil,
ingkang coba kelawan beñcana,
damaring wong urip mangké,
iku manira ngerungu,
Jatisewara mangkeya nauri,
ñata lamun mangkana ing wus puniku,
ki santri padha angucap,
kadi pundi jatining warta puniki,
manira yoda wikan.
tamatipun carita puniki,
ing wengining isnèn jam dewi welas,
rabi’ul al akhir wulané,
tanggal éka welas iku,
tahun ha’ hijaratu nabi,
sala allahu ‘alèh wa,
salam séwu,
dewitus nawa dasa dewika,
kang ku marna raryanom budhu hiranti,
dèn agung pangaksama.
II.
ngewang angripta artati,
anglangkara ngiwang angapas gita,
tan katun lan yatmakané,
dining ngewang muda punggung,
cumentaka paksa kumawi,
kéwala sangangaguyewan (?),
nira kang wus luhung,
wonten jalma laningkara,
deyah susela warnanira ayu luwih,
wusta kèn Tambangraras.
Tambangraras tansah berangta kingkin,
kasengutan beyatning manah,
bawa lawasé pejah kakungé,
atambang pangan turu,
Yèn rahin anggung perihatin,
Raga anglung ngasmara,
anging dèn selimur,
jihnané wong among karsa,
warna anglung jiwa tandaning perihatin,
sinamuning asmara.
sampun lingsir saking Suwanda Geni,
mèh sumurup tungganging ancala,
terna lata sameya saré,
sangyang ngarka sumurup,
Tambangraras mangké ginupit manggih,
ing pagulingan ing sakapatarum,
asaré kalih pawongan,
kakongira kepi ngeruwangé aguling,
ngipi pulang asmara.
kidul kilèn pegagan kepiring
kagayat awungu Ni Sélaberangti
ingkang sunat ta kadi pundi
Ni Cinthini aniba kapati
Nikan Rara mèsem andulu yang laknitha
engko neña linggih ing patiganing
anengena kang martami
lara pati pan sampun pinasthi, karsané yang manon
punang dhadhekah pera sameya
sigera lampahé lumaris
Nikèn Raras sampun [dandan] agelis
Jatisewara si salam wus
tan kuwasa mangké ingsun ini
Amongraga ing mangké sampun uninga
wonten masashèh wahu ginupit.
kangu duraka ta kadi pundi,
ingaranan ta lampah sampun,
punika kaya kartané,
Ragamona amuwus,
nenggih mangké manira manggih,
iku mulaning awas,
ananing Yang iku,
sawusé teka ing cobah,
iya iku duraka ing yang sajati,
manira amiharsa.
mapan wonten kocaping jero dalil,
ingkang cobah kalawan bancana,
damaring wong urip mangké,
iku manira ngurngu,
Jatisewara nahuri malih,
nata lamon mangkéya,
ing wuwus puniku,
Ki Santeri ana angucap,
kadi pundi jatining warna puniki,
manira yuda wikan.

Sumber: alangalangkumitir

No comments:

Post a Comment